Edisi 189 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Ningkataken Greget Anggenipun Makarya

NINGKATAKEN GREGET ANGGENIPUN MAKARYA

Prananto, ST., MAP

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

أَمَّا بَعْدُ

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Sedaya pangalembana saha syukur sumangga kita aturaken dhumateng  Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun paring nikmatipun inkang wiyar tanpa winates dhumateng kita sedaya, utaminipun nikmat Iman, Islam, raos aman, kesehatan saha kacekapan rezeki, sahingga kita saget rawuh wonten ing  masjid punika kagem nindakaken kewajiban ibadah shalat Jumat kanthi gampil , aman saha sekeca.

Shalawat lan salam, mugi tansah lumintu dhumateng ingkang minulya Nabi Muhammad ﷺ pinangka pemimpin para nabi lan rasul, , keluarganipun , para sahabatipun lan kaum Muslimin ingkang midherek dhumateng sunnahipun kanthi ketaatan, keikhlasan saha kesabaran ngantos akhir zaman.

Kawula wasiataken dhumateng kawula pribadi ugi dhumateng jamaah shalat Jumat sekalian, sumangga ngupiya tanpa kendhat supados takwa dhumateng  Allah Ta’ala kanthi saestu wonten ing sadengah wekdal ugi panggenan.

Mugi kanthi ketakwaan kasebat , Allah Ta’ala kepareng nampi amal shaleh kita, nggampilaken urusan kita, paring leluwar sedaya perkawis saha reruwet kita, sarta paring rezeki dhumateng kita saking arah ingkang tanpa kinira-kira.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Allah Subhanahu wa Ta’ala nyiptakan manungsa kanthi  mandat pinangka  khalifah utawi wakil Allah wonten ing lumahing bumi.

وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ جَاعِلٌ فِى الْاَرْضِ خَلِيْفَةً ۗ قَالُوْٓا اَتَجْعَلُ فِيْهَا مَنْ يُّفْسِدُ فِيْهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاۤءَۚ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ ۗ قَالَ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ

“(Elinga) rikalane pangeranira paring firman marang para malaikat, “Ingsun bakal ndadekake khalifah ana ing bumi.” Dheweke padha matur, “Punapa paduka badhe ndadosaken wonten ing bumi  tiyang ingkang damel risak lan ngesokaken  rah, kamangka kita sami tasbih memuji paduka saha nyucekaken asma paduka?” Panjenenganipun paring firman, “Setuhune Ingsun luwih pirsa apa kang sira mangerteni.” (QS AL Baqarah: 30)

Tugas  utami  sanesipun ingkang dipun paringaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng manungsa inggih punika ngabdi (ngibadah) dhumateng  Allah. Ayat ingkang wanter nyariyosaken inggih punika Surah Adz-Dzāriyāt/51: 56

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ

Ingsun datan nyipta jin lan manungsa kejaba supaya ngibadah marang Ingsun.”

Ayat punika paring sasmita bilih tugas ingkang dipun emban dening manungsa ing ndalem gesang wonten ing donya punika inggih ndadosaken sedaya perkawis lampahing gesang punika pinangka lampah ibadah. Temtu kemawon wonten ing perkawis punika kalebet makarya wonten ing sadengah pakaryan punapa kemawon.

Menawi makarya punika pinangka salah setunggal saking wujud ibadah, Pramila setunggalipun Muslim temtu mboten badhe nglirwakaken saben  kesempatan saha wekdal ingkang wonten kejawi badhe dipun isi kanthi upiya ingkang saestu kagem ngasilaken karya-karya ingkang paling sae pinangka pasungsung ngumawula dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Langkung permati malih wonten ayat sanes dipun aturaken bilih ibadah ingkang dipun lampahi kasebat kedah linandhesan niat ingkang ikhlas. Bab punika dipun isyarataken wonten ing firman Allah:

وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۙ حُنَفَاۤءَ وَيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوا الزَّكٰوةَ وَذٰلِكَ دِيْنُ الْقَيِّمَةِۗ

Dheweke ora didhawuhake, kejaba supaya ngibadah marang Allah kanthi ngikhlasake ketaatan marang Panjenengane kelawan hanif (istiqamah), nindakake shalat, lan nindakake zakat. Kaya mangkono iku agama kang lurus (bener) (QS Al Bayyinah:5)

Menawi syarat tinampinipun ibadah kedah ikhlas, Pramila makarya pinangka wujud ibadah ugi sampun samesthinipun kedah linandhesan manah ingkang  ikhlas. Makarya kanthi ikhlas ateges nggrengsengaken sedaya potensi lan kesagetan kagem ngupiya hasil ingkang paling sae kanthi pitedah saking Allah Subhanahu wa Ta’ala. Saking babagan punika ketawis bilih salebetipun Islam mboten wonten istilah pakaryan ingkang asor utawi ingkang monjo. Sedaya pakaryan badhe dipun biji sae gumantung  niat saha tata cara anggenipun nindakaken.

Ingkang mboten kalah pentingipun, ing ndalem makarya ugi kedah kanthi semangat ingkang inggil. Semangat punika ingkang konjem saha kedah katingkataken lan punika ingkang kasebat etos kerja.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Allah Subhanahu wa Ta’ala paring pitedah supados setunggalipun muslim saget ningkateken  etos kerja, ing antawisipun:

  1. Ngatur Wekdal

Setunggalipun Muslim kedah saget ngginakaken wekdal kanthi sak sae-saenipun supados saget ngisi wekdal kanthi sedaya perkawis ingkang sae, linangkung menawi katemben nindakaken setunggalipun pakaryan. Ambal-ambalan kita panggihaken ayat ingkang suraosipun sumpah Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi migunakaken wekdal kados wal-‘ashri, wadh-dhuhā, wal-laili, wannahāri lan sanes-sanesipun. Bab punika ngemu suraos bilih saben-saben tiyang ingkang kepingin sukses kedah saget migunakaken wekdal ingkang sak sae-saenipun, awit wekdal punika pinangka modal ingkang paling sae. Wonten ayat sanes, Allah paring firman:

فَاِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْۙ ٧ وَاِلٰى رَبِّكَ فَارْغَبْ ࣖ ٨

Menawa sira wus rampit (kanthi sawijining kabecikan), mangka cecawisa kanggo nindakake pakaryan (kabecikan liyane), lan mung marang Pengaranira sira nyuwun pangarep-arep! (QS Asy Syarh : 7-8).

Ayat kasebat paring isyarat bilih tiyang ingkang pingin nggayuh sukses ing ndalem usahanipun Pramila mboten wonten wekdal ingkang kalirwakaken  tanpa ngasilaken setunggalipun karya ingkang bermanfaat. Awit menawi sampun rampit setunggalipun pakaryan lajeng kasusul kanthi pakaryan sanesipun ingkang sakelangkung sae.

Menawi sampun rampit setunggalipun tataran badhe kalajengaken tataran salajengipun. Punika perkawis ingkang wigatos bilih setunggalipun  Muslim kedah anggadhahi  etos kerja ingkang inggil.

  1. Makarya sak pas kaliyan kesagetanipun

Etos kerja setunggalipun priyantun badhe matikel-tikel menawi ingkang katindakaken punika sak pas kaliyan kesagetanipun. Mboten kalah pentingipun bilih pakaryan punika panci  ingkang dipun kersakaken. Menawi setunggalipun priyantun nindakaken pakaryan ingkang sanes bidangipun punapa malih mboten sak pas kaliyan kesagetanipun temtu asilipun mboten badhe sae kepara badhe cabar. Allah sampun paring firman:

قُلْ كُلٌّ يَّعْمَلُ عَلٰى شَاكِلَتِهٖۗ فَرَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَنْ هُوَ اَهْدٰى سَبِيْلًا ࣖ ٨٤

Kandhakna (Nabi Muhammad), “Saben wong tumindak sak pas kelawan kabisane dhewe-dhewe.” Mangka, Pangeranira luwih pirsa sapa kang luwih bener dalane.” (QS Al Isra:84)

Ayat punika paring isyarat bilih saben tiyang sampun dipun paring nugraha dening Allah kesagetan saha tlonjong tartamtu, miturut basa modern kasebat talenta utawi bakat. Setunggalipun priyantun saget meningi kesagetanipun ingkang dipun paringaken dening Allah kasebat lajeng saget mujudaken kesagetanipun wonten ing babagan ingkang mligi, sanes perkawis ingkang awrat tumrap priyantun kasebat kagem ningkataken  etos kerja saha ngasilaken ingkang sakelangkung sae.

  1. Pakaryan ingkang katindakaken mboten pikantuk nyupekaken Allah

Sepinten nyrempengipun priyantun makarya, sepinten agengipun etos kerja ingkang dipun gadhahi, mboten kepareng nyupekaken Allah Subhanahu wa Ta’ala. Bab punika dipun tegasaken dening Allah lumatar firmanipun:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نُوْدِيَ لِلصَّلٰوةِ مِنْ يَّوْمِ الْجُمُعَةِ فَاسْعَوْا اِلٰى ذِكْرِ اللّٰهِ وَذَرُوا الْبَيْعَۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ٩

He wong-wong kang padha iman, menawa (timbalan)  kanggo nindakake ana ing dina Jumat wus dikumandhangake, gegancangana kanggo eling marang Allah lan ninggalake dol tinuku. Kang kaya mangkono iku luwih becik tumrap sira menawa sira mangerteni .” (QS Al Jumu’ah:9)

Ingkang dipun maksud dol tinuku wonten ing ayat kasebat inggih punika sedaya kesibukan saha pakaryanipun manungsa. Pramila pakaryan punapa kemawon mboten kepareng nyupekaken Allah Subhanahu wa Ta’ala. Ayat kasebat katutup kanthi firman Allah, “Kang kaya mangkono iku luwih becik tumrap sira menawa sira mangerteni.” Bab punika caos isyarat bilih tiyang ingkang sami makarya kanthi etos ingkang inggil ananging mboten nggatosaken aturan-aturan Allah, badhe ngrugekaken dhateng diri pribadinipun. Awit asil saking pakaryan punika mboten badhe mbeta   kabagyan gesang wonten ing donya napa malih wonten ing akhirat. Ingkang kedadosan kepara sewalikipun, tiyang badhe ngalami kecanduan kerja, lan punika badhe nuwuhaken akibat ingkang awon tumrap keseimbangan gesan gipun.

  1. Etos kerja ingkang inggil mboten pikantuk nyupekaken shalat lan zakat

Ibadah shalat mujudaken perangan piranti saha tata cara ingkang dipun ciptakaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang supados manungsa tetep saget njagi hubunganipun dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Pramila kados punapa sibukipun setunggalipun priyantun menawi pingin gesangipun dipun berkahi saha pikantuk kabagyan Pramila kedah ngreksa shalatipun. Sasampunipun pikantuk asil saking pakaryanipun dipun dhawuhi maringaken hak-hak sedherekipun ingkang kirang mbetahaken (fakir miskin) kanthi mbayar zakat. Bab punika dipun isyarataken dening  Allah:

رِجَالٌ لَّا تُلْهِيْهِمْ تِجَارَةٌ وَّلَا بَيْعٌ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَاِقَامِ الصَّلٰوةِ وَاِيْتَاۤءِ الزَّكٰوةِ ۙيَخَافُوْنَ يَوْمًا تَتَقَلَّبُ فِيْهِ الْقُلُوْبُ وَالْاَبْصَارُ ۙ ٣٧

Wong-wong kang datan den lirwakake dening dedagangan lan dol tinuku saka eling marang Allah, njejegake shalat, lan mbayar zakat. Dheweke wedi marang dina kang rikalane ati lan pandulu dadi goncang (dina Kiamat).” (QS An Nur:37)

Saking angger-angger kasebat ingkang paling wigatos kedah dipun gatosaken inggih punika mboten pikantuk nindakaken pakaryan ingkang dipun haramaken dening  Allah subhānahu wa ta‘ālā. Menawi ingkang dipun awisi dening Allah kepara katindakakenbadhe mbeta karusakan tumrap tiyang punika ugi tumrap Masyarakatipun, umpaminipun nindakaken  perjudian saha perkawis-perkawis culingka sanesipun . Setunggalipun  ayat ingkang njelasaken punia inggih Surah al-Mā’idah/5: 90-91

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْاَنْصَابُ وَالْاَزْلَامُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ الشَّيْطٰنِ فَاجْتَنِبُوْهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ٩٠ اِنَّمَا يُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّوْقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ فِى الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَعَنِ الصَّلٰوةِ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّنْتَهُوْنَ ٩١

  1. He wong-wong kang padha iman, satemene khamer, berjudi, (kurban tumrap) berhala, lan ngundi nasib kanthi anak panah iku tumindak kang jember (lan) kalebu tumindaking setan. Mula iku dahana (tumindak-tumindak) iku supaya sira pikoleh kabegjan.
  2. Satemene setan kepingin nuwuhake memungsuhan lan sengi ting antarane sira lumantar khamer lan judi sarta (duwe maksud) ngalang-alangi sira saka eling marang Allah lan (nindakake ) shalat, mangka apa sira ora padha gelem leren ?

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Makaten khutbah singkat wonten ing siang punika babagan nggrengsengaken semangat ing ndalem makarya.

Mugi kita sedaya pinaringan kesadaran ingkang kuat dening  Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang supados tansah nglurusaken  niat kita wonten ing salebetipun makarya.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ

أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.

أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.

إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصلُّونَ عَلى النَّبىّ‏ِ يَأَيهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صلُّوا عَلَيْهِ وَ سلِّمُوا تَسلِيماً

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِوَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اَللهُمَّرَبَّنَا ظلمناأَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَالْخَاسِرِينَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَاصِغَارًا

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً

وَقِنَا عَذَابَ النَّاِ وَقِنَا عَذَابَالنَّار,وَقِنَاعَذَابَ النَّارِ,سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

 عِبَادَاللهِ.إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِوَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْلَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*