NYAMEKTAKAKEN DIRI
KAGEM SOWAN DHUMATENG ALLAH
Ustadz Amin Zulhijja
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Ma’syiral Muslimin Jama’ah Shalat Jum’at Ingkang Berbahagia,
Sumangga kita sesarengan ngaturaken puji saha syukur dhumateng Allah awit kathahipun nikmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng kita.
Shalawat saha salam mugi konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun benjang wonten ing dinten kiamat.
Salajengipun sumangga kita ningkataken iman saha taqwa kita dhumateng Allah kanthi raos sabar lan ámal shalih ingkang kathah ugi katindakaken namung karana Allah Subhana wata ‘ala.
Wonten ing jumat ingkang minulya punika khatib badhe ngaturaken irah-irahan : Nyamektakaken Diri Kagem Sowan Dhumateng Allah.
Supados kita mboten geduwung rikalanipun sampun ngadhep dhumateng Allah kita perlu nyamektakaken pinten-pinten perkawis kados dene:
- Nindakaken Amal Shalih Ingkang Paling Sae.
Ing ndalem Al-Quran surat Al-Mulk ayat 1-2, Allah paring firman:
تَبٰرَكَ الَّذِيْ بِيَدِهِ الْمُلْكُۖ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌۙ
“Mahasuci Allah kang nguwasani (sakabehing) kekuwasaan, lan Panjenengane Maha Kuwasa marang sakabehing perkara.”
الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ
“Kang nyiptakake pati lan urip, kanggo nguji sira kabeh, sapa kang luwih becik amale ing antarane sira kabeh. Lan Panjenengane Maha Perkasa, Maha Pangapura.”
Kados menapa amal ingkang paling sae punika? Salah setunggalipun inggih punika ingkang dipun tindakaken kanthi istiqamah. Kados ingkang kababar wonten ing hadits shahih kariwayataken dening Abu Hurairah, Rasulullah SAW paring sabda:
فَإِنَّ خَيْرَ الْعَمَلِ أَدْوَمُهُ وَإِنْ قَلَّ
“Satemene sabecik-becike amal yaiku kang katindakake kanthi dawam senajan sethithik.”
Nyamektakaken kanthi amal ingkang paling sae ateges katindakaken kanthi ikhlas lan sakathah-kathahipun. Sae rikalanipun manembah dhumateng Allah SWT, utawi sesrawungan dhumateng sesaminipun gesang, saben-saben amal kita konjemaken wonten ing manah pinangka amal pungkasan kita.
- Nindakaken amal jariyah ingkang ganjaranipun mboten pedhot.
Amal jariyah ingkang saget kita tindakaken antawisipun inggih punika sedekah jariyah, ilmu ingkang manfaat, sarta ndhidhik putra supados dados putra ingkang shalih/shalihah ingkang tansah ndongakaken dhumateng tiyang sepuhipun kados ingkang kacariyos wonten ing hadits Rasulullah SAW.
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ رضي الله عنه: أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: ((إِذَا مَاتَ الإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَنْهُ عَمَلُهُ إِلاَّ مِنْ ثَلاَثَةٍ إِلاَّ مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَ))؛ رواه مسلم
Artosipun: “Dipun riwayataken dening Abu Hurairah, Bilih Rasulullah SAW paring sabda, ”Menawa manungsa mati, mangka bakal pedhot amale kejaba telung perkara, sedekah jariyah, ilmu kang manfaat, lan anak shalih kang tansah ndedonga kanggo won tuwane.” ( HR. Muslim).
Amal ingkang Ganjaranipun tansah mbanyu mili sinaosa sampun seda inggih punika:
- Sedekah Jariyah
Sedekah jariyah inggih punika sedekah ingkang manfaatipun kagem tiyang kathah. Ganjaran saking amal punika mboten badhe pedhot sinaosa ingkang nindakaken sampun seda awit taksih dipun manfaataken dening tiyang kathah kados mbangun masjid/musala, wakaf siti, mbangun mergi, mbangun sekolahan, griya sakit, sumur utawi fasilitas umum sanesipun.
- Ilmu ingkang Bermanfaat
Ilmu ingkang bermanfaat ugi kalebet amal ingkang ganjaranipun mboten pedhot sinaosa ingkang nindakaken sampun seda. Ilmu kasebat manpangati tumrap diri ugi tiyang sanes sarta mbeta kesaenan lan kemaslahatan. Ilmu kasebat mboten namung babagan agami ananging sadengah ilmu ingkang manpangati kados dene ilmu kedokteran utawi kesehatan, pertanian, ekonomi, arsitektur lan sanes-sanesipun. Wondene ingkang saget kita lampahi inggih mawerni werni kadosdene pangripta, saget ugi ingkang sami nyusun buku utawi kitab saha tiyang ingkang mulangaken.
- Doanipun Anak ingkang Shalih
Ingkang pungkasan, amalan ingkang mboten badhe pedhot inggih punika donganipun anak ingkang saleh tumrap tiyang sepuhipun. Sinaosa tiyang sepuhipun punika sampun seda uger putranipun taksih purun dongaken temtu ganjaranipun mboten badhe pedhot.
Putra ingkang shalih mujudaken bandha pengaji tumrap tiyang sepuhipun awit piyambakipun ngabekti, mbangun miturut dhumateng nasehatipun tiyang sepuh, saha tansah wonten ing margi ingkang leres.
Wonten ing Riwayat Baihaqi kasebataken ngengingi amal ingkang mboten badhe pedhot ganjaranipun sinaosa ingkang nindakaken sampun seda.
“Wonten amalan werni pitu ingkang ganjaranipun tetep mbanyu mili tumrap setunggalipun kawula sinaosa piyambakipun sampun seda, kamangka piyambakipun sampun wonten ing alam kubur:
- tiyang ingkang mucalaken ngilmi agami,
- tiyang ingkang ngilekaken lepen (ingkang mati)
- tiyang ingkang damel sumur,
- tiyang ingkang nanem kurma,
- tiyang ingkang mbangun masjid,
- tiyang ingkang maringi mushaf Al Quran, lan
- tiyang ingkang nilaraken putra ingkang tansah nyuwunaken pangapunten tumrap piyambakipun sasampunipun tilar.
Dados tiyang ingkang ganjaranipun tansah mbanyu mili ngantos kiamat inggih punika tiyang-tiyang ingkang nindakaken amalan ingkang anggadhahi manfaat tumrap tiyang kathah.
Ma’syiral muslimin jama’ah shalat Jum’at ingkang berbahagia,
Mugi-mugi Rahmat Allah SWT, tansah lumintu dhumateng kita supados nindakaken sadengah amal jariyah ingkang mboten badhe pedhot ganjaranipun sinaosa kita sampun ngadhep dhumateng Allah. Sahingga kita badhe pikantuk kenikmatan lan kamulyan wonten ngarsanipun Allah.
آمِيّنْ. يَا رَبَّ الْعَالَمِــــــــــيْنَ
اَقُوْلُ قَوْلِي هذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْم لِي وَلَكُمْ, اِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ
Khutbah Ke 2
اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصلُّونَ عَلى النَّبىِّ يَأَيهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صلُّوا عَلَيْهِ وَ سلِّمُوا تَسلِيماً
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
رَبَّنَا ظَلَمْنَ أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُم كَمَا رَبَّيَانَاصِغَارًا
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ



Leave a Reply