Edisi 217 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Rahmat Allah Ing Ndalem Tumurunipun Jawah

 

RAHMAT ALLAH ING NDALEM

TUMURUNIPUN JAWAH

Ibnu Sudjono

Khutbah I

إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

 أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Sedaya puji lan syukur sumangga kita aturaken wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun maringaken nikmat-ipun ingkang jembar tanpa winates dhumateng kita sedaya, utaminipun nikmat Iman, Islam, keamanan, kesehatan lan kacekapan rezeki, sahingga kita saget hadir wonten ing masjid punika kagem nindakaken kewajiban ibadah shalat Jumat kanthi gampil, aman lan nyaman.

Shalawat lan salam, mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi ingkang minulya, pemimpin para nabi lan rasul, Muhammad ﷺ, keluarganipun , para sahabatipun lan kaum Muslimin ingkang ndherek sunnahipun kanthi kebaking ketaatan, keikhlasan lan kesabaran ngantos dumugi akhir zaman.

Salajengipun kawula wasiataken dhumateng kawula pribadi ugi dhumateng jamaah shalat Jumat sedaya sumangga kita ngupiya tansah nambahi takwa kita dhumateng Allah Ta’ala kanthi saestu ing sadengah wekdal saha papan.

Mugi kanthi raos takwa kasebat Allah Ta’ala kepareng nampi amal shaleh kita, nggampilaken sedaya urusan kita, maringi leluwar dhumateng sedaya perkawis kita, sarta paring rezeki dhumateng kita ingkang tanpa kinira-kira.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Tumrap tiyang ingkang iman mboten samesthinipun nganggep tumurunipun toya jawah punika pinangka kedadosan ingkang limrah, ananging kedah ngrumaosi bilih tumurunipun jawah punika setunggalipun tandha yekti asihipun Allah sahingga lepen-lepen saget mili awit kebak toya, tlaga-tlaga ugi sami kebak toya, sedaya punika pinangka bukti ingkang mboten saget dipun bantah arupi nikmat saking Allah ingkang wajib kita syukuri.

Pramila wonten ing kalodhangan wekdal punika sumangga kita sami ngresepi saha tadabbur salah setunggal saking firman Allah ﷻ ngengingi tumurunipun jawah.

Allah paring firman:

وَهُوَ ٱلَّذِى يُنَزِّلُ ٱلْغَيْثَ مِنۢ بَعْدِ مَا قَنَطُوا۟ وَيَنشُرُ رَحْمَتَهُۥ ۚ وَهُوَ ٱلْوَلِىُّ ٱلْحَمِيدُ

Lan Panjenengane kang nurunake udan sawise dheweke padha mopo lan (Panjenengane uga kang) nyebarake rahmate. Lan Panjenengane Kang Maha Nglindungi tur Maha Pinuji.” (QS. Asy-Syûrâ : 28)

Ayat menika nerangaken babagan kanugrahan ingkang dipun paringaken dening Allah dhumateng kawula-kawulanipun ingkang arupi jawah sasampunipun mangsa ketigen ingkang panjang.

Awit ketigen ingkang panjang punika ndadosaken ketawisipun tabiat manungsa umumipun, inggih punika putus asa rikalanipun dangu mboten jawah kamangka  sampun ngupiya mawerni-werni cara kagem ngatasi kawontenan punika.

Pramila tumurunipun jawah sasampunipun tiyang-tiyang sami putus asa mujudaken rahmat ingkang agung tumrap piyambakipun.

Awit kanthi jawah kasebat  bumi-bumi ingkang saderengipun mati akhiripun gesang malih kanthi tetuwuhan saha taneman, kewan-hewan ternak ingkang sawaunipun kuru awit kirang ngombe lan nedhi akhiripun saget sehat lan lema-lema. Wit-witan ingkang sawaunipun sami alom  akhiripun dados subur lan ijem. Lepen-lepen ingkang sawaunipun garing akhiripun kebak toya sahingga saget dipun ginakaken dening manungsa lan kewan.

Sedaya punika mujudaken rahmat Allah ingkang agung, lan mujudaken  perlindungan Allah dhumateng manungsa saha makhluk sanesipun. Kanthi makaten namung Allah ingkang pantes dipun puji. Panjenenganipun Allah, Dzat Ingkang Maha Nglindungi tur Maha Pinuji.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Surah Asy-Syûrâ ayat 28 kala wau ngemu suraos penting ing ndalem iman  kita, inggih punika bilih Allah kemawon ingkang saget nurunaken jawah.

Mboten wonten makhlukipun ingkang saget nyengkuyung tumurunipun jawah. Sedaya punika mligi nugraha saking Allah ingkang Maha Mulya. Menawi Allah ngersakaken, Panjenenganipun saget ndadosaken toya jawah punika asin ingkang mboten saget maringi panggesangan.

Allah negasaken wonten ing firmanipun:

اَفَرَءَيْتُمُ الْمَاۤءَ الَّذِيْ تَشْرَبُوْنَۗ ءَاَنْتُمْ اَنْزَلْتُمُوْهُ مِنَ الْمُزْنِ اَمْ نَحْنُ الْمُنْزِلُوْنَ لَوْ نَشَاۤءُ جَعَلْنٰهُ اُجَاجًا فَلَوْلَا تَشْكُرُوْنَ

“Apa sira padha nggatekaké banyu kang sira ombe? Apa sira kang padha nurunake saka mega utawa Ingsun kang nurunake? Sekirané Ingsun ngersakake, mesthi Ingsun dadékake asin, kenengapa sira ora padha matur nuwun (syukur)?  (QS. Al-Wâqi’ah : 68–70)

Kepara wonten ing ayat sanes, Allah nerangaken :

قُلْ أَرَءَيْتُمْ إِنْ أَصْبَحَ مَاؤُكُمْ غَوْرًا فَمَنْ يَأْتِيكُم بِمَاءٍۢ مَّعِينٍۭ

Dhawuha (Muhammad), “Terangna marang ingsun menawa sumber banyumu dadi garing, mangka sapa kang bakal paring marang sira kabéh banyu kang mili?”  (QS. Al-Mulk [67]: 30)

Kita sedaya mangertos jawaban saking pitanglet kasebat bilih mboten wonten ingkang saget nurunaken jawah kejawi namung Allah. Sahingga, namung Allah kemawon Dzat ingkang pantes dipun sembah lan mboten kepareng dipun sekutokaken, awit namung Allah kemawon ingkang kuwawi nurunaken jawah saking langit, sahingga saget tuwuh mawerni-werni taneman ingkang saget ngasilaken woh-wohan  pinangka rezeki tumrap  manungsa.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Surah Asy-Syûrâ ayat 28 kasebat ugi ngemu faidah bilih jawah punika rahmat. Rahmat Allah ingkang arupi jawah punika sifatipun umum, kagem sedaya makhluk, sae manungsa, kewan lan tetuwuhan. Kepara rahmat punika kagem sedaya manungsa sae ingkang mukmin utawi ingkang kafir, tiyang ingkang sami taat ugi ingkang duraka, tiyang sepuh ugi lare-lare, tiyang kulit pethak saha ingkang kulitipun cemeng. Sedaya pikantuk rahmat Allah lumantar toya jawah ingkang sumeber wonten ing lumahing bumi.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ingkang ngresepaken saking surah Asy-Syûrâ ayat 28 punika bilih ayat kasebat dipun pungkasi kanthi nyebat kalih asma Allah, inggih punika Al-Walî dan Al-Hamîd.

Makna saking Al-Walî inggih punika Allah ngayomi dhumateng sedaya makhlukipun saha kagungan pengayoman khusus tumrap tiyang-tiyang mukmin.

Wondene maknanipun Al-Hamîd inggih punika Allah pinangka Dzat Ingkang Maha Pinuji ing ndalem paring pengayoman, tumindak, pangandikan, syariat, takdir, piwales lan sadengah perkawis.

Lajeng, menapa gegayutan kalih asma Allah punika kaliyan turunipun jawah?

Perkawis punika mboten sanes awit turunipun toya jawah nedahaken bilih Allah nglindungi makhluk-makhlukipun saking kasirnan. Lan awit perlindungan punika Allah pantes dipun puji. Mahasuci Allah ingkang sampun ngayomi makhlukipun saha kagunganipun sedaya pangalembana.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Tiyang ingkang beriman ugi kedah ngrumaosi bilih turunipun jawah punika nedahaken badhe wontenipun prastawa dinten kebangkitan.

Bilih Allah kuwawi nggesangaken bumi sasampunipun mati, semanten ugi Allah kuwawi nggesangaken manungsa saking kuburipun. Dados wonten emperipun antawisipun tuwuhipun taneman kanthi jawah kaliyan  kebangkitan. Bap punika sampun kababar dening Allah wonten ing firmanipun :

وَالَّذِيْ نَزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍۚ فَاَنْشَرْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا ۚ كَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ

Lan kang nurunake banyu saka langit miturut ukuran (kang den butuhake), banjur kanthi banyu iku Ingsun nguripake negeri kang mati (bera). Kaya mengkono sira bakal diwetokake (saka kubur).” (QS. Az-Zukhruf : 11)

Allah juga berfirman:

رِّزْقًا لِّلْعِبَادِۙ وَاَحْيَيْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًاۗ كَذٰلِكَ الْخُرُوْجُ

“(Pinangka) rezeki tumrap kawula-kawula (Ingsun), lan Ingsun mguripake kanthi (banyu) iku negeri kang mati (bera). Kaya mangkono kedadeyane kebangkitan (saka kubur).” (QS. Qaf : 11)

Kalih ayat ing nginggil pinangka sasmita ingkang cetha wonten emperipun antawisipun tuwuhipun taneman saking bumi sasampunipun kasiram toya jawah kaliyan prastawa mijilipun jasad-jasad tiyang ingkang sampun mati saking salebetipun bumi.

Sasanesipun punika bilih Allah nggesangaken bumi sasampunipun mati kanthi toya jawah nedahaken tanda kekuasaan Allah ing ndalem  nggesangaken manungsa sasampunipun tilar donya. Allah paring firman:

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنَّكَ تَرَى الْاَرْضَ خَاشِعَةً فَاِذَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاۤءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْۗ اِنَّ الَّذِيْٓ اَحْيَاهَا لَمُحْيِ الْمَوْتٰى ۗاِنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

“Lan saperangan saka tandha-tandha (agungé) Penjenengané, sira padha weruh bumi iku garing lan cengkar, ananging angger Ingsun turunake udan neng ndhuwuré mesthi dhéwéké (bumi) nglilir lan subur. Satemené Gusti Allah kang nguripna iku mesthi bisa nguripake kang mati; setemené Penjenengané Mahakuwasa ingatasé samubarang kabéh.”  (QS. Fushshilat : 39)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kanthi penggalihan lan tadabbur kanthi turunipun jawah punika, sumangga kita kathah-kathahaken syukur kita dhumateng Allah Ta’ala lan iman kita dhumateng dinten akhir.

Awit saestunipun iman kita dhumateng Allah lan dinten akhir saget nuwuhaken greget ngathah-ngathahaken sangu saha istiqomah ing ndalem kesaenan.

Sumangga kita kathah nyenyuwun dhumateng Allah mugi-mugi jawah ingkang turun mbeta  keberkahan lan manfaat kagem kita, sanes jawah ingkang nuwuhaken kasangsaran lan kasirnan. Aamiin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَ نَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَ ذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

Khutbah II

 الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ،الحَمْدُ ِللهِ

 وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛

فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى :  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَـنَا  مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*