Edisi 210 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Rahmat Allah Ing Ndalem Wekdal Dalu Lan Siang

RAHMAT ALLAH ING NDALEM

WEKDAL DALU LAN SIANG

Khutbah I

إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

 أَمَّا بَعْدُ

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Sedaya puji lan syukur sumangga kita aturaken wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun maringaken nikmat-ipun ingkang jembar tanpa winates dhumateng kita sedaya, utaminipun nikmat Iman, Islam, keamanan, kesehatan lan kacekapan rezeki, sahingga kita saget hadir wonten ing masjid punika kagem nindakaken kewajiban ibadah shalat Jumat kanthi gampil, aman lan nyaman.

 

Shalawat lan salam, mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi ingkang minulya, pemimpin para nabi lan rasul, Muhammad ﷺ, keluarganipun, para sahabatipun lan kaum Muslimin ingkang ndherek sunnahipun kanthi kebaking ketaatan, keikhlasan lan kesabaran ngantos dumugi akhir zaman.

Salajengipun kawula wasiataken dhumateng kawula pribadi ugi dhumateng jamaah shalat Jumat sedaya sumangga kita ngupiya tansah takwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi saestu ing sadengah wekdal saha papan.

Mugi kanthi raos takwa kasebat Allah Ta’ala kepareng nampi amal shaleh kita, nggampilaken sedaya urusan kita, maringi leluar dhumateng sedaya perkawis kita, sarta paring rezeki dhumateng kita ingkang tanpa kinira-kira.

Jamaah shalat Jum’ah rahimakumullah

Kathah  firman Allah ﷺ ingkang tansah ngemutaken kita supados ngening-eningaken tandha keagunganipun Allah ingkang wonten ing  alam padhang punika. Awit kanthi mekaten badhe tambah keimanan kita dhumateng keagunganipun Allah. Ugi badhe tansaya ngrembaka katresnan kita dhumateng Allah.

Allah punika mboten namung nyipta kawula-kawulanipun ananging ugi paring sih katresnanipun lumantar tandha-tandha keagunganipun wonten ing alam donya punika.

Raos asihipun Allah ing antawisipun kanthi gilir gumantosipun siang lan dalu. Allah ﷺ sampun njlentrehaken bab punika lumantar firmanipun :

وَمِنْ رَّحْمَتِهٖ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ

Lan rahmate Allah marang sira yaiku Panjenengane ndadekake tumrap sira rina lan wengi, supaya sira bisa ngaso ing wektu wengi lan supaya sira bisa ngupiya saperangan kautamene ing wektu rina lan supaya sira bisa syukur marang panjenengane.(QS. Al-Qashash [28]: 73)

Ma’asyrial muslimin rahimakumullah

Surah Al-Qashash ayat 73 punika nakyinaken bilih saweneh rahmat utawi asihipun Allah ﷺ dhumateng kawulanipun inggih punika kanthi ndadosaken wekdal dalu lan siang.

Wekdal dalu mujudaken rahmat Allah pinangka wekdal kagem istirahat tumrap badan. Awit badan kita saestu mbetahaken istirahat saking sedaya raos sayah ingkang mawerni-werni sasampunipun makarya ing wekdal siang. Badan ugi mbetahaken wekdal istirahat saking benteripun srengenge.

Ingkang ngaso mboten namung badan ananging ugi penggalihan. Awit wontenipun wekdal dalu penggalihan saget istirahat. Sasampunipun sedaya istirahat badhe mahanani seger malih otot bebayunipun. Kanthi makaten kita saget ngraosaken agungipun nikmatipun Allah ingkang arupi dalu.

Semanten ugi wekdal siang mujudaken asihipun Allah dhumateng kawulanipun, awit saget kaginakaken pinangka makarya, bebakulan, lan sesrawungan dhumateng sesami sarta saget nindakaken sedaya kabetahan diri lan keluarga, sae arupi dhahar, ngunjuk lan sanesipun..

Sasanesipun ingkang kasebat ing nginggil wekdal siang saget pinangka sarana pikantuk  manfaat, sae babagan agami utawi panggesangan donya.

Wontenipun siang lan dalu saestu pinangka nikmat ingkang agung pinangkang wujud asihipun Allah dhumateng makhlukipun, sahingga kasebat ambal-ambalan ing ndalem firmanipun.

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ

Panjenengane kang wus ndadekaken wengi tumrap sira supaya sira bisa ngaso lan ndadekake awan kang padhang njingglang. Kang kaya mengkono iku temen pinangka tandha yekti keagungane Allah tumrap wong kang padha mirengake. (QS. Yunus [10]: 67)

Allah ﷺ ugi sampun paring firman:

اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ

Allahlah kang ndadekake wengi tumrap sira supaya sira bisa istirahat ing wengi iku. Lan ndadekake awan kang padhang njingglang (supaya sira makarya). Satemene Allah anggadhahi nugraha tumrap menungsa, ananging akeh manungsa kang ora padha syukur.”  (QS. Ghāfir [40]: 61)

Allah ﷺ ugi paring firman:

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ مَنَامُكُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَابْتِغَاۤؤُكُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ

Ing antarane tandha (keagungan lan kekuasaane) Allah yaiku anggonira turu ing wektu wengi lan wektu awan sarta upiyanira ngudi saperangan nugrahane. Satemene kang kaya mengkono iku temen tinemu tandha-tandha keagungane Allah tumrap wong kang padha ngrungokake.”  (QS. Ar-Rūm [30]: 23)

Ma’asyrial muslimin rahimakumullah

Wontenipun gilir gumatosupun siang lan dalu nedahaken kasampurnan  kekuasaan Allah lan agungipun asihipun Allah ﷺ dhumateng kawulanipun.

Kanthi makaten gilir gumantosipun wekdal dalu lan siang ingkang saben dinten kita sekseni punika mesthinipun saget nambah keimanan kita dhumateng Allah. Awit mboten wonten setunggalipun makhluk ingkang saget ndhatengaken siang lan dalu kejawi namung Allah.

Allah ugi sampun paring firman:

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ جَعَلَ اللّٰهُ عَلَيْكُمُ الَّيْلَ سَرْمَدًا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ يَأْتِيْكُمْ بِضِيَاۤءٍ ۗ اَفَلَا تَسْمَعُوْنَ

Kandhakna (Nabi Muhammad), “Kepiye penemumu menawa Allah ndadekake tumrap sira wengi sateruse nganti tekane dina Kiamat? Sapa ta Pangeran sak liyane Allah kang bisa ndhatengake cahya padhang marang sira?Apa sira ora padha krungu?” (QS. Al-Qashash [28]: 71)

Maksudipun inggih punika kados pundi menawi Allah ndadosaken tumrap kita wekdal punika wontenipun namung dalu tanpa siang ngantos dinten  kiamat? Temtu bumi badhe beku; seganten, lepen, tlaga lan samodra sedaya badhe beku kepara rah ingkang wonten badan kita ugi badhe beku.

Sahingga mboten badhe wonten panggesangan wonten ing bumi punika.

Salajengipun Allah ugi ngemutaken nikmat wekdal siang lumantar firmanipun:

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ جَعَلَ اللّٰهُ عَلَيْكُمُ النَّهَارَ سَرْمَدًا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ يَأْتِيْكُمْ بِلَيْلٍ تَسْكُنُوْنَ فِيْهِ ۗ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَ

 “Kandhakna (Nabi Muhammad), “Kepiye penemumu menawa Allah ndadekake tumrap sira awan sateruse nganti tekane dina Kiamat? Sapa ta Pangeran sak liyane Allah kang bisa ndhatengake wengi marang sira?Apa sira ora padha nggatekake?” (QS. Al-Qashash [28]: 72)

Maksudipun menapa ingkang badhe kedadosan menawi Allah ﷺ ndadosaken  siang tanpa wonten pedhotipun ngantos dinten kiamat? Temtu kemawon hawa saking detik,  menit, jam lan salajengipun tansaya tambah benter. Ing wekdal 100 jam kemawon sampun benter ngantos 100 derajat celsius. Kanthi makaten sedaya toya ing bumi punika badhe umop kalebet rah ing badhan kita. Kanthi makaten mboten wonten ingkang saget gesang.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sumangga kita tansah muji syukur dhumateng Allah ﷺ awit peparingipun ingkang arupi gilir gumantosipun siang lan dalu punika. Mboten karaos kita sampun lumebet pungkasanipun wulan sya’ban ingkang ateges sekedhap malih badhe kerawuhan wulan ing minulya inggih wulan Ramadhan.

Menawi kita remen dhumateng setunggalipun priyantun pramila rikalanipun piyambakipun dumugi wonten ing griya kita badhe kita sobya-sobya kanthi manah ingkang remen saha ngupiya ngladosi sak saenipun. Mboten badhe kita lirwakaken sekedhik kemawon.

Semanten ugi rikalanipun setunggalipun priyantun suka pari suka kanthi dhatengipun wulan Ramadhan ingkang rawuhipun sampun ka_antu-antu. Temtu rikalanipun sampun dumugi badhe mangayu bagya kanthi suka renaming manah.

Pramila sumangga kita kathah-kathaken amal kesaenan wonten ing akhir wulan Sya’ban punika ing ndalem mangayu bagya dhatengipun wulan ingkang minulya punika inggih wulan Ramadhan. Mugi Allah SWT kepareng nampi  amal ibadah kita sedaya . Aamiin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَ نَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَ ذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

 

Khutbah II

 الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.

فَقَالَ  اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*