Edisi 188 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Saestu Awis Regi Setunggalipun Kejujuran

SAESTU AWIS REGI SETUNGGALIPUN KEJUJURAN

Ustadz Amin Zulhija

 

Khutbah I

الْحَمْدُ لِلَّهِ

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.

أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Ma’asyiral muslimin jama’ah shalat Jum’at ingkang berbahagia,

Sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita.

Shalawat saha salam sumangga kita aturaken dhumateng Junjungan kita Nabi besar Muhammad Shalallahu ‘alaihi wassalam ingkang kita antu-antu syafaátipun wonten ing dinten akhir samangkih.

Mboten katalumpen ugi sumangga kita ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah kanthi kebaking pengatos-atos ing ndalem ngibadah saha  nindakaken amal shaleh sarta kesabaran rikalanipun nampi  musibah.

Wonten ing kesempatan punika kita badhe ambabar khutbah kanthi irah-irahan  ” Saestu Awis Regi Setunggalipun Kejujuran

Ma’asyiral muslimin jama’ah shalat Jum’at ingkang berbahagia,

Wonten ing wekdal sakmenika awis-awis sanget kita manggihaken priyantun ingkang jujur kepara kathah-kathahipun sami gampil tumindak awon saha gampil nglampahi dora. Kepara katindakaken kanthi terang-terangan dipun umbar mboten rumaos klentu saha ajrih dosa.

Setunggalipun priyantun utawi masyarakat lan bangsa ingkang sampun mboten nggadhahi kejujuran  temtu badhe gampil nindakaken dora saha apus krama kagem nutupi ingkang leres sahingga samangkihipun badhe pikantuk karisakan.

Jujur miturut Bahasa Arab inggih punika as-shidqu ingkang artosipun leres utawi nyata. Pinangka kosok wangsul saking al-kidzbu ingkang artosipun dora utawi goroh. Sahingga  jujur inggih punika lampah ingkang leres sak pas kaliyan kasunyatan saha nyingkiri sifat goroh.

Sifat jujur utawi shidiq mujudaken salah setunggal saking sekawan sifat wajib ingkang dipun gadhahi  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, inggih punika amanah (pinitados), tabligh (ngaturaken pawartos), saha fathonah (cerdas). Saking pentingipun kejujuran ing ndalem  Islam, Al-Qur’an ngantos nyebataken as-shidqu kaping 153 .

Ma’asyiral muslimin jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah,

Sahabat Nabi pinangka khalifah ingkang kaping sepisan, Abu Bakar pikantuk as-shiddiq awit tansah  jujur saha wantun lan istiqomah nindakaken kejujuran.

Allah Azza wa Jalla sampun paring dhawuh dhumateng kita supados anggadhahi sifat  jujur,

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ

He wong-wong kang padha iman , padha takwa-a sira marang Allah lan padha bebarengana marang wong-wong kang bener (jujur).” (QS. At Taubah: 119)

Ma’asyiral muslimin jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah,,

Sikap jujur badhe ndhatengaken ketenangan batos wonten ing donya saha pikantuk kabagyan wonten ing akhirat. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,

عَلَيْكُمْ بِالصِّدْقِ فَإِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِى إِلَى الْبِرِّ وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِى إِلَى الْجَنَّةِ وَمَا يَزَالُ الرَّجُلُ يَصْدُقُ وَيَتَحَرَّى الصِّدْقَ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللَّهِ صِدِّيقًا وَإِيَّاكُمْ وَالْكَذِبَ فَإِنَّ الْكَذِبَ يَهْدِى إِلَى الْفُجُورِ وَإِنَّ الْفُجُورَ يَهْدِى إِلَى النَّارِ وَمَا يَزَالُ الرَّجُلُ يَكْذِبُ وَيَتَحَرَّى الْكَذِبَ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللَّهِ كَذَّابًا

Sakmesthine sira kabeh padha laku jujur, awit saktemene kejujuran bakal ngeterake ana ing kabecikan lan kabecikan iku bias ngeterake marang Swarga. Menawa sawijining wong tansah tumindak jujur lan ngupiya kanggo jujur, mangka dheweke bakal cinathet ana ing ngersaning Allah pinangka wong kang jujur. Ngati-atiya sira marang tumindak goroh, awit satemene goroh iku bakal ngeterake ana ing tumindak ala lan tumindak ala bakal ngeterake ing neraka. Menawa sawijining wong seneng goroh lan ngupiya kanggo goroh mangka dheweke bakal cinathet ing ngersane Allah pinangka tukang goroh.”

(HR. Muslim no. 2607)

Ing ndalem hadist kasebat katerangaken bilih kejujuran badhe mbeta dhateng kesaenan lan kesaenan badhe mbeta dhateng Swarga.Wondene goroh badhe mbeta dhateng piawon lan piawon badhe ndugekaken dhateng neraka. Ateges kita dipun dhawuhi jujur supados lumebet wonten ing Swarga saha nebihi goroh supados dipun tebihaken saking neraka.

Ing ndalem hadits riwayat Al-Hakim nyebataken do’anipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nyuwun reksa saking perkawis utawi sifat awon

اللَّهُمَّ إِنِّى أَعُوذُ بِكَ مِنَ الْفَقْرِ وَالْكُفْرِ ، وَالْفُسُوقِ ، وَالشِّقَاقِ ، وَالنِّفَاقِ ، وَالسُّمْعَةِ ، وَالرِّيَاءِ

Duh Allah, kula nyuwun reksa dhumateng paduka saking kefakiran, kekufuran, kefasikan, kedurakan, kemunafikan, sum’ah, lan riya.”

 

Ma’asyiral muslimin jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah,

Kejujuran mboten gampil dipun gayuh, ananging mbetahaken lampah ingkang awrat saha dipun gegulang saking alit ngantos dados pribadi ingkang jujur. Pawiyatan wonten ing lingkungan  keluarga, sekolah saha masyarakat saestu murakabi saha anggadhahi andhil ingkang ageng kagem nuwuhaken sifat jujur setunggalipun priyantun. Saben priyantun anggadhahi sifat jujur ingkang mawerni-werni gumantung sepinten anggenipun iman dhumateng Allah.

Kejujuran mboten gampil kaciptakaken mboten ateges mboten saget dipun gayuh. Kanthi makaten  kejujuran punika kaembakaken barang pengaji ingkang awis reginipun. Reginipun kejujuran sanes arupi bandha donya, ananging arupi martabat. Rikalanipun setunggalipun priyantun badhe nemtokaken pilihan nggih napa mboten setunggalipun perkawis ateges piyambakipun sampun ngecongaken martabat dirinipun badhe dhawah ingkang sae utawi ingkang awon.

Kejujuran panci saestu penting ing ndalem panggesangan awit badhe nyengkuyung wontenipun pranatan gesang ingkang sae. Umpami jabatan penting dipun asta dening tiyang-tiyang ingkang mboten jujur temtu setunggalipun negari badhe ajur mumur.

 

Makaten Khutbah ingkang saget kita aturaken mugi-mugi Allah Azza wa Jalla paring hidayah dhumateng kita, sahingga kita tetep istiqamah dhumateng kejujuran wonten ing sadengah papan saha wekdal kagem nggayuh  ridha Allah

Aamiin Ya Rabb.

اَقُوْلُ قَوْلِي هذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْم لِي وَلَكُمْ, اِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.

إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصلُّونَ عَلى النَّبىّ‏ِ يَأَيهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صلُّوا عَلَيْهِ وَ سلِّمُوا تَسلِيماً

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

رَبَّنَا ظَلَمْنَ أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَاصِغَارًا

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً

وَقِنَا عَذَابَ النَّار

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَاللهِ.

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*