Sesambetan Ingkang Sae
Kaliyan Kerabat Ing Wulan Ramadhan
Prananto, ST., M.AP
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي أَمَرَ عِبَادَهُ أَنْ يَذْكُرُوْهُ ذِكْرًا كَثِيْرًا، وَأَعَدَّ لَهُمْ عَلَى ذِكْرِهِ مَغْفِرَةً وَأَجْرًا كَبِيْرًا، وَجَعَلَ الْقُلُوْبَ تَطْمَئِنَّ بِذِكْرِهِ، وَهُوَ سُبْحَانَهُ يَذْكُرُ مَنْ ذَكَرَهُ
أشْهَدُ أنْ لاَ إِلٰه إلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala awit sedaya nikmat ingkang kaparingaken dhumateng kita sami utaminipun nikmat hidayah iman lan Islam sarta raos aman, kesehatan saha kacekapan rezeki.
Awit kanthi rahmatipun kita sedaya saget nindakaken fardhu shalat Jumat wonten masjid punika kanthi gampil, aman lan nyaman tanpa wonten rubeda setunggal punapa.
Shalawat lan salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng pemimpin umat manungsa wonten ing dinten kiamat saha imam para nabi lan Rasul, inggih Nabi kita ingkang minulya Muhammad ﷺ, sedaya keluarganipun, para sahabatipun saha sinten kemawon ingkang sami midherek sunnahipun kanthi kebaking raos tunduk, ikhlas, sabar saha istiqamah.
Pinangka khatib kawula caos wasiat dhumateng kawula pribadi ugi dhumateng jamaah shalat Jumat sekalian, sumangga kita ngupiya supados tansah ningkataken mentesipun takwa dhumateng Allah ngantos saget takwa dhumateng Allah ingkang saleres-leresipun supados rikalanipun kita sowan dhumateng Allah samangkih wonten kawontenan Muslim.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Nyambet tali silaturahim sanes setunggalipun perkawis ingkang sepele ing ndalem panggesangan setunggalipun muslim. Awit salah setunggal tuntunan Islam ingkang kawentar inggih punika nyambet hubungan kerabat utawi silaturrahim.
Pramila rikalanipun Heraklius, panguwaos Romawi, pitanglet dhumateng Abu Sufyan bin Harb ingkang kala semanten taksih musyrik ngengingi Nabi Muhammad ﷺ ingkang dipun utus dhumateng umatipun, sawetawis saking pitangletanipun Heraklius punika inggih, “Dheweke ndhawuhake sira supaya nindakake apa?” Lajeng Abu Sufyan paring jawaban,
“Piyambakipun dhawuh supados kita nindakaken shalat, mbayar zakat, nyambet silaturrahim lan njagi saking tumindak awon.”
(HR. Bukhari, no. 4553 lan 5980 lan Muslim, no. 1733.)
Rikalanipun Amr bin ‘Abasah pitanglet dhumateng Nabi ﷺ ngengingi luhuripun risalah ingkang dipun asta kanjeng nabi, lajeng Rasulullah ﷺ paring jawab,
أَرْسَلَنِي بِصِلَةِ الأَرْحَامِ وَكَسْرِ الأَوْثَانِ وَأَنْ يُوَحَّدَ اللَّهُ لاَ يُشْرَكُ بِهِ شَيْءٌ.
“Allah ngutus marang ingsun supaya nyambung tali silaturahim, nglebur patung-patung lan supaya Allah den tauhidake , ora ana pepindhan tumrap Panjenengane .” (HR. Muslim No. 832)
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Menawi setan kasil nuwuhaken regejegan antawisipun karib kerabat, sahingga piyambakipun medhot silaturahim lan kesaenan ingkang wonten ing antawisipun piyambakipun, kita mboten pikantuk lajeng sumarah dhateng kekalahan punika. Kita kedah ngupiya supados nyambet silaturahim lan kesaenan. Allah paring Firman:
وَالَّذِيْنَ يَصِلُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ وَيَخَافُوْنَ سُوْۤءَ الْحِسَابِ ۗ
“Wong-wong kang padha nyambung marang apa kang den dhawuhake dening Allah supaya nyambung (silaturahmi), wedi marang Pangerane, lan wedi uga marang hisab kang ala.” (QS Ar Ra’du : 21)
Nyambet tali silaturahim pinangka bukti ingkang nyata dhumateng saenipun batos ingkang kebak takwa saha raos ajrih dhumateng Allah SWT. Ugi pinangka bukti nyata saenipun lair kanthi akhlak ingkang sae dhumateng sesami.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Ngajeng-ajeng ganjaran saking Allah kanthi nyambet silaturahim mujudaken tumindak ingkang mulya kagem nyelak dhumateng Allah.
Silaturahim kalebet margi tumuju kawilujengan ingkang paling wiyar ingkang saget ndumugekaken setunggalipun tiyang dhumateng kampung keabadian. Sewalikipun medhot silaturahim pinangka margi ingkang paling cepet ndumugekaken dhateng kasangsaran ing donya lan Akhirat. Pramila medhot silaturahim dipun sambetaken kaliyan tumindak damel risak ing lumahing bumi. Allah SWT paring firman,
فَهَلْ عَسَيْتُمْ اِنْ تَوَلَّيْتُمْ اَنْ تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ وَتُقَطِّعُوْٓا اَرْحَامَكُمْ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فَاَصَمَّهُمْ وَاَعْمٰٓى اَبْصَارَهُمْ
“Apa saumpama sira nyekel panguwasa, sira bakal gawe rusak ing lumahing bumi lan medhot silaturahmi? Dheweke iku wong-wong kang den laknat dening Allah. Banjur Panjenengane mbudhegake (pamireng) lan mutakake pandulune dheweke.” (QS Muhammad: 22-23)
Rasulullah ﷺ ngancam dhumateng tiyang ingkang medhot silaturahim,
لَا يَدْخُلُ ٱلْجَنَّةَ قَاطِعُ رَحِمٍ
“Ora bakal mlebu Swarga wong kang medhot hubungan silaturahim.” (HR. Bukhari, no. 5983 dan Muslim, no. 2556 lan 4634.)
Ananging kathah tiyang ingkang nyepelekaken lampah medhot hubungan silaturahim punika. Mbok bilih sampun lumampah pinten-pinten minggu, pinten-pinten wulan, kepara sampun mataun-taun, ananging piyambakipun tetep wonten ing ndalem kemaksiatan punika.
Piyambakipun nglirwakaken bilih memengsahan dhumateng sedhereke badhe gantos memengsahan dhumateng Allah Ingkang Maha Kuwaos.
Allah SWT badhe nyambet dhumateng sinten ingkang nyambet rahim (kerabat) ipun lan ndadosaken raos ayem ing ndalem sesambetan punika .
Ananging, sesambetan punika mbetahaken upiya ingkang saestu supados tetep wening tebih saking raos drengki lan memengsahan.
Kanthi makaten ndandosi sesambetan kekerabatan njalari pikantukipun drajat ingkang inggil ing ndalem ketaatan lan ihsan, sahingga Allah SWT paring firman,
۞ لَا خَيْرَ فِيْ كَثِيْرٍ مِّنْ نَّجْوٰىهُمْ اِلَّا مَنْ اَمَرَ بِصَدَقَةٍ اَوْ مَعْرُوْفٍ اَوْ اِصْلَاحٍۢ بَيْنَ النَّاسِۗ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا
“Datan ana kabecikan ing ndalem wicara rahasiane dheweke kejaba (wicaraan rahasia) wong mrinteh sedekah, (tumindak) kabecikan, utawa nganakake bedamen ing antarane manungsa. Sapa kang tumindak kaya mengkono awit ngupiya ridha Allah besok Ingsun bakal paring marang dheweke ganjaran kang agung .” (QS An Nisa : 114)
Ma’asyrial Muslimin Rahimakumullah
Wulan Ramadhan mujudaken kesempatan ageng ndandosi sesambetan punika. Awit mujudaken wulan ingkang sae kagem tumindak kesaenan, kagem nyambet sesambetan lan kagem matrapaken sifat-sifat ingkang mulya ing ndalem keluarga saha kerabat.
Mliginipun menawi pangebektos ingkang kasuwun utawi sesambetan ingkang gegayutan kaliyan tiyang sepuh kekalih, awit medhotaken ingkang paling awon inggih medhot sesambetan kaliyan tiyang sepuh, ingkang kasebabaken amargi duraka dhateng tiyang sepuhipun, nglirwakaken, utawi sampun mboten tumindak sae kados ingkang dipun dhawuhaken dening Allah. Allah SWT paring firman,
۞ وَقَضٰى رَبُّكَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسٰنًاۗ اِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ اَحَدُهُمَآ اَوْ كِلٰهُمَا فَلَا تَقُلْ لَّهُمَآ اُفٍّ وَّلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُلْ لَّهُمَا قَوْلًا كَرِيْمًا وَاخْفِضْ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحْمَةِ وَقُلْ رَّبِّ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيٰنِيْ صَغِيْرًاۗ
“Pangeranira wus dhawuh supaya sira ora manembah marang sak liyane Panjenengane lan supaya tumindak becik marang wong tuwa loro, Menawa salah sawijine utawa loro-lorone tumeka yuswa sepuh ing ndalem pangrengkuh-ira, mangka aja pisan-pisan sira ngucapake ing saklorone kanthi pocapan “ah” lan sira nggetak marang saklorone, sarta ucapna marang sklorone pocapan kang becik. Andhap asora sira marang saklorone kanthi rasa asih lan ucapna, “Duh Pangeran kawula, mugi paduka ngasihi piyambakipun kados dene piyambakipun kekalih ngasihi kawula rikalanipun alit .” (QS Al Isra: 23-24)
Ayat punika ngemutaken dhumateng kita wontenipun hak tiyang sepuh ingkang paling andhap ingkang nedahaken agengipun hak-hak tiyang sepuh.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Terkadang wulan Ramadhan sampun dumugi, ananging tiyang ingkang duraka dhumateng tiyang sepuh tetep wonten ing kadurakanipun.
Pramila siam ingkang kados pundi ingkang manpangati tumrap piyambakipun? Lan qiyamullail ingkang pundi ingkang migunani tumrap piyambakipun?
Piyambakipun sampun nindakaken dosa ingkang paling ageng sasampunipun dosa syirik, kados ingkang dipun dhawuhaken dening Al-Qur’an lan As-Sunnah. Awit punika Allah SWT nyelarasaken tumindak sae dhumateng tiyang sepuh kaliyan tauhid,
وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا
“Pangeranira wus dhawuh supaya sira aja manembah saliyane Panjenengane lan supaya sira kabeh tumindak becik marang wong tuwa loro.” (Al-Isra`: 23)
Rasulullah ﷺ ngemutaken wontenipun dosa ageng:
أَلَا أُخْبِرُكُمْ بِأَكْبَرِ الْكَبَائِرِ؟ قَالُوا: بَلَى، يَا رَسُولَ اللَّهِ. قَالَ: الْأَشْرَاكُ بِاللَّهِ وَعُقُوقُ الْوَالِدَيْنِ
“Apa sira gelem Ingsun tuduhake anane dosa-dosa kang gedhe? Para shahabat sami matur , “Kasinggihan dhuh Rasulullah.” Rasulullah paring sabda, “Yaiku tumindak syirik marang Allah lan duraka marang wong tuwa loro .”
Ma’asyrial Muslimin Rahimakumullah
Menawi wulan Ramadhan dumugi, kamangka kita taksih gadhah tiyang sepuh salah setunggal utawi kalih-kalihipun sumangga ampun ngantos siyam kita muspra awit medhot sesambetan kaliyan tiyang sepuh.
Enggal dipun sambet silaturrahim kaliyan piyambakipun awit Swarga punika gumantung ridhanipun Allah lan tiyang sepuh. Mboten badhe pikantuk arumipun Swarga tumrap sinten mawon ingkang nyakiti dhumateng tiyang sepuh.
Rasulullah ﷺ paring sabda dhumateng tiyang ingkang nyuwun izin badhe tumut perang,
هَلْ لَكَ مِنْ أُمٍّ؟ قَالَ: نَعَمْ، قَالَ: فَالْزَمْهَا، فَإِنَّ الْجَنَّةَ تَحْتَ رِجْلَيْهَا.
“Apa sira isih duwe biyung?” Tiyang jaler punika paring jawab, “Inggih!” Rasulullah ﷺ paring sabda, “Yen mengkono tetepa sira nunggoni biyung-ira , awit Swarga iku ana ing sangisore dlamakan sukune.”
Menawi wulan Ramadhan punika wulan ingkang kebak kesaenan, mangka tumindak sae kanthi nyambet silaturahim saestu ketawis wonten wulan punika, mboten perlu pados-pados alasan ingkang ringkih utawi kepara kumalungkung.
Awit wonten tiyang ingkang damel ukara menawi piyambakipun mboten medhotaken silaturahmi nanging kepara keluarganipun ingkang ngawiti medhot silaturahim. Saestunipun tiyang punika sampun damel lepat saking awal inggih punika mbales piawon kanthi tumindak awon ugi. Ingkang kedahipun tumindak awon dipun bales kanthi tumindak ingkang sae.
Piyambakipun lepat kalih ambalan kanthi nyamekaken kaliyan kerabat ingkang medhot silaturahim kanthi medhot silaturahim ugi.
Piyambakipun ugi ingkang kaping tiga rikalanipun nyamekaken kamulyanipun wulan Ramadhan kaliyan wulan sanesipun, sahingga pedhotipun silaturahim terus lumampah.
Piyambakipun ugi lepat ingkang kaping sekawan rikalanipun nyambet silaturahim dipun anggep mboten pantes dhumateng tiyang ingkang sampun medhotaken.
Kamangka Rasulullah sampun sabda,
لَيْسَ الْوَاصِلُ بِالْمُكَافِئِ وَلَكِنِ الْوَاصِلُ الَّذِيْ إِذَا قُطِعَتْ رَحِمُهُ وَصَلَهَا
“Wong kang nyambung silaturahim iku dudu nyambung kang wis kasambung. Ananging silaturahim iku nyambung meneh marang kekerabatan kang wus pedhot.” (HR. Al-Bukhari no. 5532, 5991)
Wonten ingkang wangkot kanthi medhotaken silaturahim dhumateng kerabatipun kanthi panganggep saestu anggadhahi hak lan pantes dipun pedhot.
Wonten ugi ingkang ajrih menawi tambah kewirangan menawi ingkang dipun sambet samangkih mboten purun kepara tumindak kasar dhumateng piyambakipun.
Kagem tiyang kasebat wonten setunggalipun Hadis saking Rasulullah,
أَنَّ رَجُلًا قَالَ يَا رَسُوْلَ اللهِ إِنَّ لِي قَرَابَةً أَصِلُهُمْ وَيَقْطَعُوْنِي وَأُحْسِنُ إِلَيْهِمْ وَيُسِيْئُوْنَ إِلَيَّ وَأَحْلُمُ عَنْهُمْ وَيَجْهَلُوْنَ عَلَيَّ فَقَالَ لَئِنْ كُنْتَ
“Ana sawijining wong lanang matur , ‘Duh Rasulullah!Kula gadhah kerabat. Kula nyambet dhateng piyambakipun nanging piyambakipun kepara medhot dhumateng kula. Kula tumindak sae dhateng piyambakipun ananging tetep mawon piyambakipun awon dhumateng kula. Kula sampun semanak dhumateng piyambakipun namung piyambakipun abe-abe mboten mangertos.
Nabi paring sabda, menawa sira tenan kaya kang sira aturake mangka kaya-kaya sira menehiawu panas marang dheweke. Lan sira bakal tansah oleh pitulung saka Allah tumrap dheweke selagine sira terus tumindak kaya mengkono.”
Ma’asyrial Muslimin Rahimakumullah
Mugi Allah nampi bekti kita dhumateng tiyang sepuh kekalih, nresnani piyambakipun kados dene piyambakipun sampun nggula wenthah kita rikalanipun alit, mugi Allah paring rahmat dhumateng kita kanthi tansah nyambet silaturahim, saha ndadosi sesrawungan dhumateng sesaminipun manungsa Aamiin.”
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَ نَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَ ذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، أشْهَدُ أنْ لاَ إِلٰه إلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. . اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ،
أَمَّا بَعْدُ،
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ اَللَّهُمَّ اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَ، وَأَكْرِمْنَا بِذِكْرِكَ فِي اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ، وَمُنَّ عَلَيْنَا بِالتَّوْبَةِ وَالْإِنَابَةِ وَالْخَشْيَةِ
اَللَّهُمَّ تَجَاوَزْ عَنْ تَقْصِيْرِنَا وَسَيِّئَاتِنَا، وَاغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَسَائِرِ أَهْلِيْنَا، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَعْمَارِنَا وَأَعْمَالِنَا وَأَقْوَاتِنَا وَأَوْقَاتِنَا
اَللَّهُمَّ اكْشِفْ عَنِ الْمُسْلِمِيْنَ مَا نَزَلَ بِهِمْ مِنْ ضُرٍّ وَبَلَاءٍ، وَفَقْرٍ وَتَشَرُّدٍ، وَقَتْلٍ وَاقْتِتَالٍ، وَوَسِّعْ عَلَيْهِمْ فِي الْأَمْنِ وَالرِّزْقِ، وَجَنِّبْنَا وَإِيَّاهُمُ الْفِتَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، إِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاءِ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُمْ كَمَا رَبَّوْنَا صِغَارًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ، وَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ الْجَلِيْلَ يَذْكُرْكُمْ، وَأَقِمِ الصَّلَاة



Leave a Reply