Edisi 205 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Tunggak Jati Mati, Tunggak Jarak Mrajak

TUNGGAK JATI MATI, TUNGGAK JARAK MRAJAK

Tukijan, S.S

Khutbah Sepisan

إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

 أَمَّا بَعْدُ

Alhamdulillah, puji pangalembana tansah kunjuk wonten ngarsa dalem Allah subhanahu wata ‘ala ingkang sampun paring kathah kanikmatan dumateng kita sedaya sahingga wonten ing wedal punika kita saget netepi punapa ingkang Allah lan Rasul dawuhaken inggih punika ibadah shalat jum’at. Mugi – mugi awit raos syukur punika kita tansah dipun paringi kanikmatan ingkang kathah ugi berkah. Aamiin.

Shalawat salam mugi tansah katetepaken kaparingaken dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Muhammad Sholallahu ‘alaihi Wasallam sumrambah dhumateng garwa putranipun, shahabatipun, para tabi’in, tabiut taabi’in lan mugi- mugi kita sedaya wonten ing papan palenggahan punika, keluarga kita, sedherek-sedherek kita, pitepangan kita samangkih wonten ing dinten kiamat awit ijinipun Allah saget pun kepanggehaken malih sami-sami pikantuk syafaatipun. Aamiin Yaa Rabbal ‘aalamiin.

Jama’ah Jum’at ingkang minulya.

Pinangka Khatib mboten kesupen caos nasehat khususipun dhumateng pribadi lan umumipun dhumateng sedaya jama’ah ingkang rawuh wonten ing masjid punika supados tansah njagi lan ningkataken taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala. Ananging kedahipun Taqwa punika mboten namung kita pireng kemawon ananging ketaqwaan ingkang ndadosaken kita tansaya celak malih dhumateng Allah, Ketaqwaan ingkang ndadosaken tambah anggenipun kita ngibadah, Ketaqwaan ingkang ndadosaken kita sae anggenipun sesrawungan kalian kaluarga, tangga tepalih, pitepangan lan sae dhumateng sinten – sinten kemawon ingkang kita temahi.

اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Pada Taqwa-a marang Allah kanthi satemen-temene taqwa. Lan aja padha mati (nilaraken gesang) kejaba ana ing kahanan muslim.”

Jama’ah Jum’at ingkang mugi-mugi tansah dipun paringi rahmat lan barakahipun Allah Subhanahu Wata’ala.

Tunggak Jati Mati Tunggak Jarak Mrajak, punika salah satunggaling pitutur luhur ingkang dipun warisaken para leluhur kita supados kita nggatosaken anggen kita nglampahi gesang punika. Kita pitados bilih sedaya manungsa ingkang gesang wonten ing alam donya punika badhe ngraosaken ingkang naminipun tilar donya. Sak ampuh-ampuhipun tiyang, sedaya badhe sami-sami nilaraken donya punika.

Wit jati minangka lambang tiyang ingkang nggadhahi pangkat utawi jabatan kados dene para raja. Dene wit jarak minangka lambangipun tiyang alit ingkang mboten nggadhahi pangkat/ jabatan utawi rakyat biasa. Pitutur luhur punika gambaraken kawontenanipun seperangan piyantun wonten ing panggesangan kita sedaya.

Perangan ingkang sepisan inggih punika piyantun ingkang nggadhahi bandha lan jabatan kadonyan. Tiyang Punika anggenipun badhe nilaraken gesang sami menggalihaken punapa samangkih ingkang badhe dipun warisaken dhumateng ahli warisipun. Ngantos – ngantos sakderengipun tilar donya sampun paring wasiat dumatheng ahli warisipun. Punapa ingkang dipun nggadhahi, Siti ingkang wiyar, bandha ingkang kathah dipun bagi – bagi kagem ahli warisipun.

Kawontenan ingkang mekaten, kathahipun piyantun ngraos bingah lan marem amargi nilarake ahli warisipun wonten kawontenan kacekapan babakan kadonyan.

Ananging mboten ateges bilih tiyang punika marisi bandha ingkang kathah lajeng putra wayahipun mboten badhe mlarat. Saget kemawon sinaosa bandhanipun kathah saget dados mlarat, amargi mboten nggadhahi ilmu dos pundi anggenipun ngginakaken bandha ingkang leres.

Perangan ingkang angka kalih inggih punika piyantun inkang kawontenanipun mboten kados dene perangan ingkang sepisan wau. Bandha nipun cupet, siti mboteh gadah, pramila piyambak ipun mboten saget marisi kadonyan kagem putra wayahipun. Ananging tiyang punika nggadhahi pamanggih sinaoso mboten nggadhahi bandha ananging wonten warisan ingkang saget nndadosaken piyambakipun dados tiyang ingkang minulya inggih punika ngelmu utawi kapinteran.

Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wasallam Ngendika:

وَإِنَّ الْأَنْبِيَاءَ لَمْ يُوَرِّثُوْا دِيْنَارًا وَلَا دِرْهَامًا، وَلَكِنْ وَرَّثُوْا الْعِلْمَ، فَمَنْ أَخَذَهُ أَخَذَ بِحَظٍّ وَافِرٍ

Saktemene para Nabi datan marisake emas lan perak anaging para nabi marisake ilmu. Mula sapa kang njupuk warisan iku dheweke pikoleh bagean kang sampurna.” (HR. Abu Dawud dan Tirmidzi)

Para lenggah Jama’ah Jum’ah ingkang Minulya

Kanthi Pitutur luhur ingkang mekaten lan ugi jumbuh kalian pangandikanipun kalian kanjeng nabi monggo kita sareng-sareng nggatosaken putra wayah kita sedaya utaminipun babakan ilmu agami supados samangkih tembe wingkinginpun saksampunipun kita nilaraken donya punika kita sedaya badhe nemai karaharjan. Menawi bandha dos pundi kathahipun badhe bablas, jabatan ugi mekaten badhe pun lepas ananging ilmu saget mboten badhe telas.

“Tunggak Jati Mati, Tunggak Jarak Mrajak”

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

فَيَاعِبَادَ اللهِ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِيْ كِتَابِهِ اْلعَظِيْمِ “إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ, يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا”.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

يَا مُقَلِّبَ القُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى طَاعَتِكَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ رِضَاكَ وَالجَنَّةَ وَنَعُوْذُ بِكَ مِنْ سَخَطِكَ وَالنَّارِ،

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.

عِبَادَ اللّٰهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.

فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*