WASPADA SEKAWAN KORINIPUN MAKSIAT
Prananto, ST., MAP
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Alhamdulillah, sedaya pangalembana namung kagunganipun Allah SWT dene kita sedaya taksih kapinanggihaken dening Panjenenganipun wonten ing dinten ingkang minulya punika inggih dinten Jumat ingkang agung. Wonten ing papan ingkang dipun mulyakaken dening Allah inggih wonten ing masjid. Sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang kainggilaken derajatipun wonten ngarsa dalem Allah inggih tiyang-tiyang ingkang sami takwa.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, tuwin sedaya keluarga, sahabat, saha umatipun.
Pinangka khatib kawula ngajak dhumateng dhiri kawula pribadhi saha sedaya jamaah shalat jum`at sedayanipun, sumangga tansah ningkataken takwa kita dhumateng Allah SWT kanthi ngupiya nindakaken dhawuh-dhawuhipun saha nebihi awisan-awisanipun wonten pundi kemawon saha ing wekdal napa kemawon.
Mugi-mugi ing samangkih kita dipun lebetaken dening Allah sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami takwa . Aamiin
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Allah Ta’ala paring firman:
وَمَا خَلَقْتُ ٱلْجِنَّ وَٱلْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ
”Lan ingsun ora nyipta jin lan manungsa kejaba supaya dheweke padha ngibadah marang ingsun.” [Adz-Dzariat: 56]
Wonten ing ayat kasebat nakyinaken dhumateng kita bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun nitahaken jin lan manungsa kanthi setunggal tujuan utami inggih punika supados piyambakipun sami ngibadah dhumateng panjenenganipun saha gegondhelan tauhid dhumateng panjenenganipun.
Ananging manungsa sedayanipun punika saget kaperang dados kalih perangan ageng kados sampun kaweca wonten ing salebetipun firman Allah,
هُوَ ٱلَّذِى خَلَقَكُمْ فَمِنكُمْ كَافِرٌ وَمِنكُم مُّؤْمِنٌ ۚ وَٱللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
”Panjenengane kang wus nyipta sira kabeh mangka saperangan sira ana kang kafir lan saperangan sira ana kang mukmin. Lan Allah Maha pirsa apa kang sira tindakake .” [At-Taghabun : 2]
Bergadanipun manungsa ingkang sepisan inggih punika ingkang taat dhumateng Allah saha midherek dhumateng Rasulipun. Hawa nepsunipun tumungkul saha mbangun miturut dhumateng pitedahipun Rasulullah ﷺ, njejegaken shalat, mbayar zakat saha boten ajrih dhumateng sinten kemawon kejawi namung ajrih dhumateng Allah. Piyambakipun punika pikantuk kabar gumbira kanthi swarga ingkang wiyaripun kadya langit lan bumi ingkang kasamektakaken tumrap tiyang-tiyang ingkang takwa.
Bergadanipun manungsa ingkang angka kalih inggih punika ingkang mbangkang dhumateng Allah. Piyambakipun tumindak ingkang nglangkungi wates, patrapipun takabur saha nuruti hawa nepsunipun. Piyambakipun punika wonten ing salebetipun pepetenging gesang saha gegupak wonten ing salebetipun maksiat dhumateng Allah.
Piyambakipun punika ingkang dipun wastani dhening Allah pinangka tiyang-tiyang ingkang sampun ndadosaken hawa nepsunipun pinangka pangeran saksanesipun Allah, kados kacariyos wonten ing Firmanipun :
أَفَرَءَيْتَ مَنِ ٱتَّخَذَ إِلَٰهَهُۥ هَوَىٰهُ وَأَضَلَّهُ ٱللَّهُ عَلَىٰ عِلْمٍ وَخَتَمَ عَلَىٰ سَمْعِهِۦ وَقَلْبِهِۦ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِۦ غِشَٰوَةً فَمَن يَهْدِيهِ مِنۢ بَعْدِ ٱللَّهِ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ
”Mangka apa sira nate andulu wong kang ndadekake hawa nepsune pinangka pangerane lan Allah ngetogake dheweke linandhesan ilmune lan Allah wus ngunci mati pamirenge lan atine lan ndadekake ing pandulune tutup? Mangka sapa kang bakal menehi pituduh sak wise Allah (ditogake sasar). Mangka ngapa sira ora padha njupuk pawulangan?” [Al-Jatsiyah: 45]
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Pinangka manungsa kita pinaringan kamardikan dening Allah supados midherek lelampahan gesangipun tiyang-tiyang mukmin ingkang arupi ketaqwaan utawi midherek lelampahan gesangipun tiyang-tiyang kafir ingkang arupi kefasikan (dosa).
Allah SWT sampun paring firman :
فَأَلْهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقْوَىٰهَا
“Mangka Allah paring ilham marang dheweke (dalan) kefasikane lan ketakwa–ane.” (QS Asy Syam : 8)
Allah Ta’ala sampun paring pitedah tumrap tiyang-tiyang ingkang mukmin arupi Al-Quran. Allah salajengipun milih saha mitados Nabi Muhammadﷺ ingkang supados nerangaken al-Quran saha ngamalaken wonten ing panggesangan ingkang supados pinangka patuladhan wonten ing panggesangan gegayutan kaliyan pitedah punika. Saben-saben perkawis ingkang nalisir saking pitedahipun Allah lan Rasulipun mujudaken kemaksiatan dhumateng Allah.
Lan saben-saben kemaksiatan anggadhahi kori-kori ingkang kedah dipun waspadai ingkang supados kita boten keblegong wonten ing salebetipun kemaksiatan menapa malih kekafiran. Na’udzubillahi min dzalik.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Ibnul Qoyim Al Jauziyah wonten Kitab Ad Da’ Wa Dawaa nerangaken Kathah-kathahipun maksiat lumebet wonten ing setunggalipun tiyang lumantar sekawan kori, inggih punika pandulu, wisikipun manah, pangucap saha lampahipun suku
- Pandulu
Paningal punika panenggakipun manah, saking paningal bade nuwuhaken Pandulu, tiyang ingkang klentu anggenipun ngginakaken pandulunipun, ateges piyambakipun wonten salebetipun bebaya ingkang ageng, awit paningal punika kori ingkang paling wiyar ingkang paling kathah pengaruhipun wonten ing manah kagem nindakaken sadengah tumindak.
Meh-meh sedaya pangraos saha tumindak kawitan saking pandulu. “Sawijining wong bakal mapan ing sapinggire jurang bebaya menawa dheweke ngumbar pandulune nyawang sawijining perkara kang den gethingi lan den larang lan sakabehe prastawa kang gedhe iku kawitan saka panyawang, sawangen geni kang gedhe iku awite saka pletike geni kang cilik.” makaten nasehat saking Imam Al-Ghazali.
Allah Subhanahu wa ta’ala paring firman:
قُلْ لِلْمُؤْمِنِينَ يَغُضُّوا مِنْ أَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوا فُرُوجَهُمْ ۚ ذَٰلِكَ أَزْكَىٰ لَهُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا يَصْنَعُونَ
“Kandhakna marang wong lanang kang padha iman: ‘Supaya dheweke nungkulake pandulune, lan ngreksa pesarone; kang kaya mangkono iku luwih suci tumrap dheweke, satuhune Allah Maha Pirsa apa wae kang dheweke tindakake.’,” (QS An-Nur: 30)
Ing ayat kasebat wonten kalih dhawuh saking Allah ingkang kadhawuhaken dhumateng Nabi Muhammad supados dipun aturaken dhumateng umatipun , ingkang sepisan supados nungkulaken pandulu lan ingkang kaping kalih supados ngreksa pesaronipun.
Wonten ing kitab tafsiripun Tafsir Al-Quran al-Adhim, Ibnu Katsir ngaturaken, “Punika dhawuh saking Allah Ta’ala dhumateng kawula-kawulanipun ingkang beriman supados ngreksa (nahan) Pandulunipun saking perkawis-perkawis ingkang dipun haramaken dhumateng piyambakipun. Pramila ampun ngantos mirsani kejawi mirsani perkawis-perkawis ingkang ingkang dipun keparengan mirsani. Lan mangga kita tahan pandulu kita saking perkawis-perkawis ingkang dipun haramaken.” (Tafsir Ibnu Katsir)
Asring kita nyepelekaken korinipun maksiat punika, sahingga paningal kita mirsani setunggalipun perkawis ingkang dipun haramaken dening Allah, kamangka paningal kita ing wekdal kala wau nembe nglampahi zina mripat,
Kaweca wonten ing Sabda Nabi SAW,
“Mripat iku bisa zina, ati uga bisa zina. Zinane mripat yaiku kanthi nyawang (kang den haramake), zinane ati yaiku kanthi mbayangake (kang nuwuhake greget syahwat kang dilarang). Dene pesaron nakyinake utawa nggorohake kabeh iku.” (HR. Ahmad)
Awitipun mirsani, lajeng manah wiwit ngangen-angen, lan badan ingkang nindakaken. Kita lirwa njagi paningal, sahingga maksiat punika dhawah wonten ing salebetipun manah, akhiripun manah risak. Menawi manah kita risak lan sakit, sedaya amal ibadah aras-arasen katindakaken, Dzikir sampun cedhal kaucapaken, suwanten waosan alquran ugi tambah dinten kepara boten kepireng.
- Wisikipun Manah
Gegambaran ingkang mosik wonten ing manah langkung angel anggenipun nglepas. Punika pinangka kawitan saking kesaenan utawi piawon, awit saking perkawis punika tuwuhipun krentek, pangangen angen, saha greget ingkang sayektos. Sinten kemawon ingkang saget njagi lan ngreksa wewayangan ingkang kumethip wonten ing manah saha penggalihipun, pramila piyambakipun sampun nguwaosi dirinipun saking amarah lan hawa nepsunipun.
Tiyang ingkang dipun kuwaosi utawi dipun kawonaken dening wewayangan wonten ing manah saha penggalihipun, pramila hawa nepsunipun badhe nguwaosi sahingga gampil gejiret wonten ing salebetipun kemaksiatan saha tumindak jember, langkung-langkung menawi wewayangan kala wau ambal-ambalan tuwuh wonten ing manah ngantos pungkasanipun dados pangangen-angen ingkang batil lan panjangka ingkang boten leres.
Priyantun ingkang paling awon krentegipun lan paling asor jiwanipun inggih punika tiyang ingkang nglilakaken hakekat kaleresan dipun gantos kanthi pangangen-angen ingkang batil ingkang salajengipun mapan wonten ing salebetipun jiwanipun. Menawi piyambakipun dados pedagang piyambakipun dados pedagang ingkang risak, menawi piyambakipun dados pejabat piyambakipun badhe dados pejabat ingkang korup, menawi piyambakipun dados pengageng piyambakipun badhe dados pengageng ingkang damel sengsaranipun rakyati.
Firman Allah wonten ing Surat An-Nur 39 :
وَٱلَّذِينَ كَفَرُوٓا۟ أَعْمَٰلُهُمْ كَسَرَابٍۭ بِقِيعَةٍ يَحْسَبُهُ ٱلظَّمْـَٔانُ مَآءً حَتَّىٰٓ إِذَا جَآءَهُۥ لَمْ يَجِدْهُ شَيْـًٔا وَوَجَدَ ٱللَّهَ عِندَهُۥ فَوَفَّىٰهُ حِسَابَهُۥ ۗ وَٱللَّهُ سَرِيعُ ٱلْحِسَابِ
“Lan wong-wong kang kafir, amal-amale dheweke kadya ayang-ayang ing lemah kang rata, kang den kira banyu dening wong-wong kang padha ngelak, ananging menawa den parani banyu mau , dheweke ora nemoni apa-apa. Lan den temoni (ketetepane) Allah ing ngersane, banjur Allah maringi marang dheweke petungan ngamal-ngamal kanthi cukup lan Allah iku Maha cepet pretungane.”
Saestunipun kamulyan, kesucian, kabersihan saha luhuripun jiwa saget dipun pikantuki kanthi ngicalaken saben-saben mosikipun jiwa ingkang boten wonten hakekatipun, saha ngawisi wewisikan kala wau lumarap wonten penggalihipun, istingarah nggethingi perkawis kasebat. Salajengipun , setunggalipun tiyang supados nlonjongaken wewisikan, penggalihan saha krentekipun namung kagem sekawan perkawis ingkang baken :
- Wewisikan supados pikantuk kemaslahatan donya
- Wewisikan kagem nolak bebaya ing donya
- Wewisikan supados pikantuk kemaslahatan akhirat
- Wewisikan kagem nolak bebaya ing akhirat
- Pangucap
Kathah dosa ingkang mijil saking lisan kita. Pangucap mujudaken salah setunggalipun korinipun maksiat ingkang asring kalirwakaken dening setunggalipun kawula.
Yahya bin Muadz matur “Manah punika kados panci kagem masak, badhe umob menapa ingkang wonten ing salebetipun. Lan lisan punika sumubipun. Katuran mirsani rikalanipun setunggalipun tiyang wicanten, lisanipun badhe ngedalaken sumub saking manahipun, manis utawi kecut, tawar utawi asin lan sapanunggalanipun. Panjenengan badhe ngraosaken dhaharan ingkang wonten salebetipun panci, sahingga panjenengan pirsa ingkang saestunipun.”
Obahipun badan ingkang paling gampil boten sanes inggih obahipun lisan, lan menika ingkang mbebayani tumrap setunggalipun tiyang.
Wonten ing lisan wonten kalih bencana ingkang ageng. Menawi setunggalipun tiyang saget kalis saking salah setunggalipun, pramila dereng temtu piyambakipun saget kalis saking ingkang sanes, inggih punika bencana wicanten lan bencana mendel. Terkadang salah setunggal dosanipun langkung ageng tinimbang sanesipun; makaten gilir gumantos, gumantung dhumateng wekdal saha papanipun.
Tiyang ingkang mendel saking ngucapaken ingkang leres punika syaithan ingkang bisu, pinangka pelaku maksiat. Ewo semanten tiyang ingkang ngucapaken kebatilan punika syaitan ingkang wicanten ugi pelaku maksiat. Sebagian ageng manungsa nyimpang wonten ing pocapan lan mendelipun. Piyambakipun wonten ing antawisipun kalih perkawis kasebat.
Abu Bakar Ash Shidiq ra., nate nyepeng lisanipun lajeng ngendika, ”Iki kang nggiring aku marang papan-papan kang nyirnakake”
Wonten ing dinten kiamat samangkih, wonten setunggalipun kawula ingkang ngasta mawerni-werni kesaenan sa-agengipun gunung, ananging piyambakipun nyirnakaken sedaya punika kanthi lisanipun.
Wonten ugi ingkang ngasta piawon sa-agengipun gunung, ananging piyambakipun nyirnakaken sedaya punika kanthi lisanipun., inggih punika kanthi kathah dzikir dhumateng Allah saha perkawis-perkawis ingkang kados makaten.
- Lampahipun Suku
Ngreksa suku inggih punika kanthi boten jangkah kejawi dhumateng papan ingkang sekintenipun mikantuki ganjaran. Menawi anggenipun jangkah punika boten pikantuk ganjaran, amal lenggah langkung sae tumrap piyambakipun. Saget ugi jumangkahipun suku dipun arahaken dhateng perkawis-perkawis ingkang dipun keparengaken, ananging menawi kaniataken kagem nyelak dhumateng Allah pramila langkahipun kasebat kacathet pinangka nyelak dhumateng Allah.
Jumangkahipun suku saha obahipun lisan (pocapan) punika kalih perkawis ingkang keplok setunggal kaliyan setunggalipun. Allah maringi sifat tiyang-tiyang beriman kanthi istiqomah wonten ing pocapan saha jumangkahipun suku.
وَعِبَادُ ٱلرَّحْمَٰنِ ٱلَّذِينَ يَمْشُونَ عَلَى ٱلْأَرْضِ هَوْنًا وَإِذَا خَاطَبَهُمُ ٱلْجَٰهِلُونَ قَالُوا۟ سَلَٰمًا
“Lan kawula-kawulane Pangeran kang Maha Asih iku (yaiku) wong-wong kang rikalane lumaku ing lumahing bumi kanthi andhap asor lan menawa wong-wong jahil ngruruhi dheweke, dheweke ngucapake pocapan keslametan ” (QS Al Furqan : 63)
Wallahu a’lam bish shawab.
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم
أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم
Khutbah Kedua :
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.
أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.



Leave a Reply