Edisi 222 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Wigatosipun Njagi Ukhuwah (Pasedherekan)

WIGATOSIPUN NJAGI UKHUWAH  

(PASEDHEREKAN)

Ustadz Legawa

Khutbah I

ٱلْـحَمْدُ لِلّٰهِ ٱلَّذِي أَمَرَنَا بِٱلِاعْتِصَامِ بِحَبْلِ ٱللّٰهِ ٱلْمَتِينِ،وَأَرْشَدَنَا إِلَى ٱلْـحَقِّ وَٱلصَّوَابِ بِكِتَابٍ مُّبِينٍ،وَنَهَانَا عَنِ ٱلتَّفَرُّقِ وَٱلتَّخَاصُمِ مُخَالَفَةً لِلدِّينِ.
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَٰهَ إِلَّا ٱللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ،وَهُوَ ٱلْخَلَّاقُ ٱلْعَلِيمُ،وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ٱلْكَرِيمُ،ٱلَّذِي شَهِدَ لَهُ بِقَوْلِهِ وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ
ٱللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ٱلنَّبِيِّ ٱلْكَرِيمِ،وَعَلَىٰ آلِهِ وَأَصْحَابِهِ ٱلَّذِينَ سَارُوا عَلَىٰ نَهْجِ قَوْمٍ وَشِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ،وَمَن تَبِعَهُم بِإِحْسَانٍ إِلَىٰ يَوْمِ ٱلدِّينِ.
أَمَّا بَعْدُ:
أَيُّهَا ٱلْحَاضِرُونَ رَحِمَكُمُ ٱللّٰه،أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى ٱللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ.
قَالَ ٱللّٰهُ تَعَالَىٰ فِي ٱلْقُرْآنِ ٱلْكَرِيمِ:أَعُوذُ بِٱللّٰهِ مِنَ ٱلشَّيْطَانِ ٱلرَّجِيمِ
بِسْمِ ٱللّٰهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
يَا أَيُّهَا ٱلَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا ٱللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُم مُّسْلِمُونَ

Ma’asyiral Muslimin Sidang Jama’ah Jum’at Rahimakumullah.

Sedaya puji kagem Allah subhanahu wa ta’ala ingkang sampun maringaken dhumateng kita mapinten-pinten kenikmatan, pramila kanthi punika kita saged ndherek printahipun nindakaken kewajiban shalat Jumat wonten masjid ingkang minulya punika. Punika mujudaken nikmat ingkang kedah

 

kita agem saklebetipun ngayahi salah setunggal syariat ingkang sampun dipun tetepaken dening Allah Ta’ala.

Shalawat saha salam, mangga tansah kita aturaken dhumateng ngarsa dalem Baginda Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam, ugi dhumateng para keluarganipun, sahabatipun, lan mugi-mugi lumeber dhumateng kita sami minangka umatipun. Aamiin Allahumma Aamiin.

Ing ndalem khutbah Jumat ingkang kebak berkah punika, khatib caos wasiat dhumateng diri kula kiyambak lan jama’ah Jum’at sedayanipun kagem tansah ningkataken kualitas keimanan lan ketakwaan kita dhumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala saha tansah nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun ugi tansah cecepengan kanthi teguh saha nderek dhawuh al-Qur’an lan sunnah-sunnah Nabinipun.

Amargi namung awit keimanan lan ketakwaanlah kita badhe pikantuk kebahagiaan ing donya ngantos akhirat, lan takwa punika sak sae-saenipun sangu tiyang tumrap ingkang beriman.

Ma’asyiral Muslimin Sidang Jama’ah Jum’at Rahimakumullah.

Sampun dados sunnatullah menawi manungsa dipun sebat zoon politicon, artosipun manungsa dados makhluk sosial ingkang tansah gesang sareng lan sami-sami mbetahaken antawis setunggal saha sanesipun.

Saben individu manungsa mesthi badhe mbetahaken tiyang sanes saklebeting nyekapi hajat gesangipun sak alit punapa kemawon hajat gesang manungsa, tansah mawon wonten andil asta tiyang sanes ing ndalemipun.

Punika hikmah saking Allah subhanahu wa ta’ala saklebetipun maringaken bakat lan kemampuan ingkang mboten sami antawis saben diri manungsa.

Wonten ingkang dados petani, pedagang, politisi, agamawan, budayawan, olahragawan, seniman, lan sanes-sanesipun. Sedaya punika Allah damel supados saget lumintu gesangipun umat manungsa, lan kagem ‘ibrah piwucal kagem sedaya supados angsal lampah ingkang paling sae ing ndalem keta’atan lan kesaenan.

Bab punika dipun tegasaken dening Allah subhanahu wa ta’ala ing ndalem al-Qur’an surat al-Maidah ayat 48:

وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ لِّيَبْلُوَكُمْ فِيْ مَآ اٰتٰىكُمْ فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَۙ

Umpamane Gusti Allah ngersakake, mesthi sira kabéh Penje-nengané dadékake umat sawiji. Ananging Gusti Allah ngersakake nguji marang sira kabéh ingatasé peparing kang wis dénparingake marang sira kabéh. Mangka padha lelumbana tumindak becik. Mung marang Gusti Allah sira kabéh dibalekake, banjur Penjenengané ngabarake marang sira kabéh ingatasé apa kang sira padha pasulayan”.(Q.S. Al-Maidah : 48)

Kanthi  mekaten, pranatan gesang bebrayan dipun betahaken  sanget ing ndalem njagi lumaksananipun gesang umat manungsa, sinaosa kadhang-kadhang kirang dipun pahami lan dipun praktekaken ing ndalem gesang masyarakat kita, pramila asring kedadosan wonten perdondi lanpasulayan ing ndalem tengah-tengah gesang masyarakat.

Praamila sumangga kita resepi kaidah dasar kemanusiaan, menawi manungsa punika hakekatipun inggih punika sak kelompok ageng ingkang sami-sami sesambetan setunggal kaliyan setunggalipun lan asalipun saking wiji ingkang setunggal.

Bab punika dipun tegasaken ing ndalem al-Qur’an surat an-Nisa’ ayat 1:

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيْرًا وَّنِسَاۤءً ۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْ تَسَاۤءَلُوْنَ بِهٖ وَالْاَرْحَامَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

Hé manungsa! Padha sumaraha marang Gustimu kang wis nyipta sira kabéh saka awak kang siji (Adam), lan (Gusti Allah) nyipta pasangané (Hawa), saka (awak)é; lan saka sekaroné Gusti Allah ngrembakakake lanang lan wadon kang akéh. Padha sumaraha marang Gusti Allah kang kanthi asma-Né sira padha nyenyuwun lan (jaganen) sesambungan keluwargan. Setemené Gusti Allah tetep njaga lan ngawasi sira kabéh” (Q.S. An-Nisa’ : 1)

Semantena  ing tataran kasunyatanipun benten saha dipun damel Allah dados setunggaling anugerah agung kagem sami-sami njangkepi setunggal saha sanesipun, kepara asring dipun slewengaken kagem pirantos utawi alat sami-sami saingan, menang piyambak, ndawahaken ingkang sanes, lan unjuk kekiyatan ingkang mboten samesthinipun. Keranten punika mangga kita teguhaken persatuan lan pasedherekan ing antawis kita: pasedherekan kemanusiaan (ukhuwah basyariyah), pasedherekan kebangsaan (ukhuwah wathaniyah), lan mliginipun pasedherekan inggil ingkang dipun wastani keimanan (ukhuwah islamiyah-ukhuwah imaniyah).

Bab punika sakpas kaliyan sabda dalem Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ing ndalem hadits shahihipun supados kita tansah manunggal, saha biyantu ing ndalem bab punapa kemawon.

ٱلْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِينَ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضًا

Wong kang iman siji marang wong iman liyane iku kaembakake kaya dene sawijining bangunan kang nguwatake siji marang liyane” (Hadits Riwayat Bukhari lan Muslim)

Ma’asyiral Muslimin Sidang Jama’ah Jum’at Rahimakumullah.

Mekaten wigatosipun ngaji lan ngiyati persatuan lan pasedherekan wonten ing antawis umat manungsa mliginipun umat Islam ingkang dipun dhasaraken ing ndalem nilai-nilai ukhuwah imaniyah-islamiyah, basyariyah, lan wathaniyah.

Amargi ing ndalem persatuan lan kerukunan punika wonten keberkahan kados janji Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam ing ndalem hadits shahih ingkang dipun riwayataken dening imam Tirmidzi:

يُرِيدُ ٱللَّهُ مَعَ ٱلْجَمَاعَةِ

Pitulungane Allah iku ingatase jamaáh

Ananging kosok-wangsulipun, perdondi lan pasulayan badhe ngrisak kerukunan gesang lan persatuan.

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ تَفَرَّقُوْا وَاخْتَلَفُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْبَيِّنٰتُ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ۙ

Lan aja nganti sira kabéh dadi kaya wong-wong kang crah-bubrah lan padha pasulayan sawisé teka marang dhéwéké katerangan kang gamblang. Lan dhéwéké kabéh iku wong kang bakal oleh siksa kang abot”   (Q.S. Ali-‘Imran : 105)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Mekaten khutbah Jum’at siyang punika. Mugi-mugi saget nambahi greget anggenipun tansah njagi persatuan lan pasedherekan antar sesami ing ndalem mawerni-werni perbedaan ingkang sampun dados sunnatullah.

Saklajengipun kita mampu ngrumat kerukunan antar umat ing dalem kesaenan lan ketaatan dhumateng Allah Subhanahu wa ta’ala lan Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam kagem kemaslahatan sesarengan.

Pungkasanipun, mugi-mugi Allah Subhanahu wa ta’ala tansah mbimbing kita ing ndalem nglampahi gesang punika lan Allah Subhanahu wa ta’ala tansah maringaken taufiq, hidayah, lan ma’unahipun dhumateng kita, pramila ing akhir hayat kita dipun takdiraken ing ndalem kawontenan husnul khatimah ‘ala syahadati ahlu sunnah wal jama’ah.

Aamiin Yaa Rabbal ‘Aalamiin.

وَٱعْتَصِمُوا۟ بِحَبْلِ ٱللّٰهِ جَمِيعًۭا وَلَا تَفَرَّقُوا۟ ۚ وَٱذْكُرُوا۟ نِعْمَةَ ٱللّٰهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنتُمْ أَعْدَآءًۭ فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُم بِنِعْمَتِهِۦٓ إِخْوَٰنًۭا ۚ وَكُنتُمْ عَلَىٰ شَفَا حُفْرَةٍۢ مِّنَ ٱلنَّارِ فَأَنقَذَكُم مِّنْهَا ۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ ٱللّٰهُ لَكُمْ ءَايَٰتِهِۦ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ

بَارَكَ ٱللّٰهُ لِي وَلَكُمْ فِى ٱلْقُرْءَانِ ٱلْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُم بِمَا فِيهِ مِنَ ٱلْآيَاتِ وَٱلذِّكْرِ ٱلْحَكِيمِ.
أَقُولُ قَوْلِي هَٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ ٱللّٰهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ ٱلْمُسْلِمِينَ مِن كُلِّ ذَنبٍۢ فَٱسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُۥ هُوَ ٱلْغَفُورُ ٱلرَّحِيمُ

 

Khutbah II

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

فَيَاعِبَادَ اللهِ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِيْ كِتَابِهِ اْلعَظِيْمِ “إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ, يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا”.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

اللَّهُمَّ اِنَّا نَسْئَلُكَ سَلاَمَةً فِى الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ. اَللهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِىْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.

عِبَادَ اللّٰهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.

فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*