NGREKSA IBADAH KURBAN
Ustadz Sumedi, S.Pd., MA
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Alhamdulillah, kaping sepisan, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang tansah paring kanugrahan saha berkah dhumateng kita sedaya, sahingga ngantos dumugi wekdal punika kita taksih saged nindakakaken ibadah shalat Jum’ah ing masjid punika kanthi kawontenan sehat wal ‘afiat.
Salajengipun ing kesempatan ingkang sae menika, mangga kita tansah ngenggalaken niat lan tekad kita kangge nambah raos takwa dhumateng Allah SWT. Namung kanthi cepengan ingkang teguh lan saestu anggenipun ngamalaken Islam, Iman, Ihsan lan takwa menika kita badhe dados titah ingkang luhur minulya wonten ngersanipun Allah lan badhe saged ngraosaken nikmatipun kebahagiaan hakiki, wonten donya menika lan ing akhirat mangke.
Jama’ah Jumat Ingkang Dipun Rahmati Allah
Boten karaos dinten punika kita sampun lumebet wonten ing wulan Dzulqaidah. Kaum muslimin wonten ing wulan Dzulqaidah biasanipun sampun sami nyamektakaken kagem nindakaken ibadah Kurban ingkang lumaksana wonten wulan Dzulhijah inggih punika tanggal 10 dumugi 13 Dzulhijah. Inggih punika kanthi mragat saweneh kewan Kurban ingkang sampun tartamtu miturut syari’at Islam.
Ewo semanten taksih perlu dipun gatosaken pinten-pinten perkawis magepokan kaliyan lumaksananipun ibadah kurban punika, amrih syah lan tinampi anggenipun nindakaken ibadah kurban sawau. Dene pinten-pinten perkawis ingkang taksih asring kita panggihi wonten ing satengahipun masyarakat kados denten :
- Boten ikhlash anggenipun kurban
Allah Ta’ala sampun paring firman:
قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
“Aturna: saestunipun shalat kula, ngibadah kula (sembelihan kula), gesang kula saha mati kula namung kagem Allah, ingkang mangerani sedaya alam.” (QS. Al-An’am: 162)
Allah boten ngersakaken daging saha rah-ipun kewan kurban ananging Allah namung badhe nampi Takwa kita sedaya. Sampun kacariyos wonten ing salebetipun Al Quran:
لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ
“ Ora bakal tumeka ana ing ngersaning Allah daging-daginge ora uga getih-getihe ananging kang tumeka ana ing ngersaning Allah iku Takwanira.” (QS. Al-Hajj: 37)
- Boten midherek tuntunanipun Rasul
Ibadah kurban punika ibadah ingkang sampun dipun ajaraken dening Rasulullah. Sedaya tata cara ugi aturanipun kedah nderek punapa ingkang sampun dipun ajaraken boten pikantuk sakajengipun piyambak. Awit menawi nalisir saking punapa ingkang sampun dipun temtokaken anjalari boten syah kurbanipun. Abu Burdah inggih punika pamanipun Al-Bara’ bin ‘Azib saking jalur ibunipun matur:
يَا رَسُولَ اللَّهِ ، فَإِنِّى نَسَكْتُ شَاتِى قَبْلَ الصَّلاَةِ ، وَعَرَفْتُ أَنَّ الْيَوْمَ يَوْمُ أَكْلٍ وَشُرْبٍ ، وَأَحْبَبْتُ أَنْ تَكُونَ شَاتِى أَوَّلَ مَا يُذْبَحُ فِى بَيْتِى ، فَذَبَحْتُ شَاتِى وَتَغَدَّيْتُ قَبْلَ أَنْ آتِىَ الصَّلاَةَ
“ Duh Rasulullah, kula sampun menyembelih menda kula saderengipun shalat Idul Adha. Kula mangertos bilih dinten punika dinten sami dhahar lan ngunjuk. Kula remen menawi menda kula punika menda ingkang kawitan kasembelih wonten griya kula. Pramila kula nyembelih lajeng kula sarapan kanthi menda niku saderengipun shalat Idul Adha.”
Rasulullah SAW lajeng paring sabda:
شَاتُكَ شَاةُ لَحْمٍ
“ Wedhusira iku wedhus biasa (dudu daging qurban).” (HR. Bukhari, no. 955)
- Boten midherek adab penyembelihan
Saking Syaddad bin Aus, Rasulullah SAW paring sabda:
إِنَّ اللَّهَ كَتَبَ الإِحْسَانَ عَلَى كُلِّ شَىْءٍ فَإِذَا قَتَلْتُمْ فَأَحْسِنُوا الْقِتْلَةَ وَإِذَا ذَبَحْتُمْ فَأَحْسِنُوا الذَّبْحَةَ وَلْيُحِدَّ أَحَدُكُمْ شَفْرَتَهُ وَلْيُرِحْ ذَبِيحَتَهُ
“Satuhune Allah dhawuh tumindak becik marang sakabehing perkara. Menawa sira arep mateni, mangka matenana kanthi cara kang becik. Menawa sira arep nyembelih, mangka nyembeliha kanthi becik. Supaya sira padha nglandhepake ladinge lan nyenengake kewan kang arep disembelih.” (HR. Muslim, no. 1955)
Ngremenaken kewan ingkang badhe kasembelih miturut Imam Nawawi:
- Nglandhepaken piranti ingkang kagem nyembelih.
- Boten ngasah gaman wonten ngajengipun kewan ingkang badhe pun sembelih.
- Ingkang sampun dipun sembelih dipun tebihaken saking kewan ingkang taksih gesang.
- Boten nglangkungaken kewan wonten ing papan sembelihanipun. (Al-Minhaj Syarh Shahih Muslim, 13:98)
- Nyade perangan kurban utawi pinangka opah dhumateng jagal
Dalil tumrap bab punika kados ingkang kaweca ing hadits Abu Sa’id, Nabi SAW bersabda:
وَلاَ تَبِيعُوا لُحُومَ الْهَدْىِ وَالأَضَاحِىِّ فَكُلُوا وَتَصَدَّقُوا وَاسْتَمْتِعُوا بِجُلُودِهَا وَلاَ تَبِيعُوهَا
“Sira aja ngedol saka sembelihan hadyu lan sembelihan udh-hiyah (kurban). Ananging sira padha mangana, shodaqoha, lan gunakna kulite kanggo seneng-seneng, ananging sira aja padha ngedol iku.” (HR. Ahmad, 4:15. Syaikh Syu’aib Al-Arnauth ngaturaken menawi hadits punika dha’if).
Saking Abu Hurairah, Nabi SAW paring sabda:
مَنْ بَاعَ جِلْدَ أُضْحِيَّتِهِ فَلاَ أُضْحِيَّةَ لَهُ
“Sapa kang ngedol kulit sembelihan kurban, mangka ora ana kurban tumrap dheweke.” (HR. Al-Hakim. Pun aturaken bilih hadits menika shahih. Syaikh Al-Albani ngaturaken bilih hadits menika hasan. Pirsani Shahih At-Targhib wa At-Tarhib, no. 1088).
Dene awisan nyaosi opah dhumateng jagal mawi hasil kurban katerangaken wonten ing hadits punika. Ali bin Abi Thalib matur:
أَمَرَنِى رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- أَنْ أَقُومَ عَلَى بُدْنِهِ وَأَنْ أَتَصَدَّقَ بِلَحْمِهَا وَجُلُودِهَا وَأَجِلَّتِهَا وَأَنْ لاَ أُعْطِىَ الْجَزَّارَ مِنْهَا قَالَ « نَحْنُ نُعْطِيهِ مِنْ عِنْدِنَا».
“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh dhumateng kula supados ngurusi unta-unta kurbanipun. Kula nyedhekahaken daging, kulit, lan jilal-ipun (kulit ingkang kapapakaken wonten ing gigiripun unta supados boten kasrepen). Kula boten nyaosi napa kemawon saking hasil sembelihan kurban dhumateng tukang jagal. Kanjeng Nabi paring Sabda: ‘Kita kang bakal menehi opah tukang jagal saka kita.’ (HR. Muslim, no. 1317)
Saking hadits punika, Imam Nawawi ngaturaken, “Ora oleh menehi tukang jagal seperangan saka hasil sembelihan kurban pinangka opah tumrap dheweke. Punika pemanggih ulama-ulama Syafi’iyah, ugi pemanggih saking Atha’, An-Nakho’i, Imam Malik, Imam Ahmad, dan Ishaq.” (Syarh Shahih Muslim, 4:453).
- Ingkang kurban lan ingkang nyembelih boten nindakaken shalat.
Katerangaken wonten ing hadits riwayat Tirmidzi:
وَعَنْ بُرَيْدَةَ – رَضِيَ اللهُ عَنْهُ – ، عَنِ النَّبيِّ – صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ – ، قَالَ : العَهْدُ الَّذِي بَيْنَنَا وَبَيْنَهُمْ الصَّلاَةُ ، فَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ كَفَرَ
Kariwayataken saking Buraidah, Nabi SAW paring sabda, “Perjanjen kang ngiket antarane kita lan dheweke yaiku shalat, mangka sapa wae kang ninggalake shalat, temen dheweke uwis kafir.” (HR. Tirmidzi, no. 2621 dan An-Nasa’i, no. 464. Al-Hafizh Abu Thahir ngaturaken bilih sanad hadits niki shahih).
- Utang kagem kurban kamangka boten kuwawi nglunasi.
Awit utang punika estunipun bebayani rikalanipun boten purun nglunasi utawi meksa dhateng dhiri pados utangan. Kariwayataken saking Ibnu ‘Umar, Rasulullah SAW paring sabda:
مَنْ مَاتَ وَعَلَيْهِ دِينَارٌ أَوْ دِرْهَمٌ قُضِىَ مِنْ حَسَنَاتِهِ لَيْسَ ثَمَّ دِينَارٌ وَلاَ دِرْهَمٌ
“Sapa wonge kang mati ing kahanan duwe utang sak dinar utawa sak dirham, mangka utang mau bakal dilunasi kanthi kabecikane (ing dina kiyamat) sebab ing akhirat ora ana dinar lan dirham.” (HR. Ibnu Majah, no. 2414. Syaikh Al-Albani ngaturaken bilih hadits punika shahih).
- Boten gatosaken paugeran (ngengingi cacat)
Cacat kasebat kados denten wuta sebelah, pincang saking lahir, sakit ingkang nyebabaken kualitas saha kuantitas daging mandhap, lan kawontenan kera ngantos boten sungsumipun prasasat namung balung kaliyan kulit.
- Gadhah penganggep bilih urunan priyantun kathah kalebet kurban.
Kados padatan ing sekolah-sekolah ingkang dereng gatosaken bab punika sami urunan kanthi werdana tartamtu sasampunipun makempal pun tumbasaken menda utawi lembu. Kamangka ingkang leres bilih urunan lembu paling kathah namung priyantun pitu ewo denten menawi menda namung priyantun setunggal
- Shahibul kurban nyuwun hasil sembelihan kurban nglangkungi saking 1/3
Awit kirangipun pangertosan utawi panitia ingkang kala rumiyin klentu anggenipun mahami babagan hak shahibul kurban, terkadang wonten shahibul kurban ingkang nyuwun hak-ipun langkung saking 1/3. Kados kedadosan ing ngandhap:
- Sampun pikantuk hak 1/3 taksih nyuwun sirah utawi kulit, utawi kikil, utawi buntut, utawi jeroan.
- Sampun pikantuk hak 1/3 taksih nyuwun inthilan utawi hadiah.
- Sampun pikantuk hak 1/3 taksih nyuwun ingkang pun bagi wonten masyarakat.
- Sampun pikantuk hak 1/3 taksih maringi cathetan priyantun-priyantun ingkang kedah pun paringi kamangka kathah.
- Saderengipun pun pragat sampun pesen sampil, lemungsir, sirah, jeroan, kulit ingkang nglangkungi 1/3.
- Gadhah penganggep bilih kurban boten sah sak derengipun akikah
Kamangka antawisipun kurban kaliyan akikah punika benten menggah wekdal saha tata caranipun. Pikantuk lan sah nindakaken kurban sinaosa dereng nindakaken akikah.
Makaten menggah khutbah singkat wonten ing wekdal punika mugi-mugi Allah tansah paring barakah saha ‘inayahipun dhumateng kita sedaya sahengga kita estu dados hambanipun ingkang muttaqin.
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم
أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم
Khutbah II
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.
فَقَالَ اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ
اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ


Leave a Reply