Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 24 : Bebayanipun Dosa Syirik

BEBAYANIPUN DOSA SYIRIK

Ustadz Arif Munasir

(Biro Dakwah Pedesaan dan Dakwah Khusus DDII Kab. Gunungkidul)

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Alhamdulillah,  sedaya puji pangalembana sumangga sareng-sareng kita konjukaken dhumateng Allah SWT ingkang tansah paring nikmat lan barokah dhumateng kita sedaya sahingga wonten ing siang menika kita saget nindakaken salah satunggaling kewajiban kita minangka tiyang  muslim  inggih menika  nindakaken rantamanipun  sholat jum’at, kanthi pangajab mugi-mugi sedaya pangibadahan ingkang kita tindaaken dipun tampi dening Allah SWT, sak lajengipun sholawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng uswah hasanah kita Nabiyullah Muhammad SAW, dhumateng keluarga saha sedaya umatipun ngantos akhir zaman samangkih, aamiin

Sak lajengipun sumangga kita tansah usaha ningkataken keimanan saha taqwa kita dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya printahipun lan nebihi sedaya awisanipun ingkang supados kita samangkih kalebet ewonipun tiyang ingkang muttaqin, aamiin yaa robbal alamiin.

 Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

 Wonten ing pepanggihan menika khatib badhe ngaturaken ngengingi Bahayanipun Dosa Syirik.

Ngengingi  perkawis syirik menika Allah SWT Ngendika wonten Al-Qur’an Surat An-Nisa’ ayat 116 ingkang suraosipun makaten :

إِنَّ ٱللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَن يُشْرَكَ بِهِۦ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَن يَشَآءُ ۚ وَمَن يُشْرِكْ بِٱللَّهِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَٰلًۢا بَعِيدًا

Saktemene Allah ora kersa paring pangapura menawa Panjenengane nganti disekutokake, nanging Allah kersa paring pangapura dosa sak liyane syirik  marang wong kang dikersakake, Dene sing sapa nyekutokake marang Panjenengane (musyrik) mula iku kalebu wong kang kesasar kang adoh banget

 

Kanthi adedasar ayat menika saget kita pendhet kesimpulan bilih :

Setunggal : syirik menika satunggaling kadurakan ingkang ageng .

Allah SWT Ngendika makaten

وَإِذْ قَالَ لُقْمَٰنُ لِٱبْنِهِۦ وَهُوَ يَعِظُهُۥ يَٰبُنَىَّ لَا تُشْرِكْ بِٱللَّهِ ۖ إِنَّ ٱلشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ

Sira nyaritakake Lukman nalikane mulang lan mituturi marang anake : “ Anakku…., kowe aja pisan-pisan mangro tingal anggonmu mangeran ing Allah awit mangro tingal iku kalebu duraka kang gede” (Q.S. Lukman ayat 13)”

Tegesipun bilih lampah syirik menika satuggaling dosa ingkang ageng.

Kaping Kalih : syirik menika sumberipun  khurafat.

Inggih menika satunggaling keyakinan bilih tasih wonten daya kekiatan malih sanesipun Allah SWT ingkang sami-sami dipun sembah utawi dipun agung-agungaken, kadosta pitados benda-benda gaib, kayu angker, perdukunan, jimat lan sanes-sanesipun.

Kaping Tiga : syirik menika satunggaling lampah ingkang ndadosaken tiyang menika jireh lan sengsara.

Allah Allah SWT ngendika mekaten :

سَنُلْقِى فِى قُلُوبِ ٱلَّذِينَ كَفَرُوا۟ ٱلرُّعْبَ بِمَآ أَشْرَكُوا۟ بِٱللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِۦ سُلْطَٰنًا ۖ وَمَأْوَىٰهُمُ ٱلنَّارُ ۚ وَبِئْسَ مَثْوَى ٱلظَّٰلِمِينَ

Ingsun bakal ngiseni rasa jireh ana atine wong-wong kafir, jalaran anggone padha nyekutokake marang Allah karo barang kang ora diturunake minangka tandha yekti dening Allah. Dene panggonane wong mau ana neraka, yoiku sak ala-alaning panggonan wong padha nganiaya”. (Q.S. Ali Imran : 151)

Kaping Sekawan : syirik ndadosaken tetiyang menika asor drajatipun wonten ngarsanipun Allah SWT,

حُنَفَآءَ لِلَّهِ غَيْرَ مُشْرِكِينَ بِهِۦ ۚ وَمَن يُشْرِكْ بِٱللَّهِ فَكَأَنَّمَا خَرَّ مِنَ ٱلسَّمَآءِ فَتَخْطَفُهُ ٱلطَّيْرُ أَوْ تَهْوِى بِهِ ٱلرِّيحُ فِى مَكَانٍ سَحِيقٍ

Temen mligi sumungkem ing Allah ora mangro tingal, sing sapa mangro tingal nyekutokake Allah klawan liyane iku prasasat tiba saka langit banjur disamber manuk utawa kabur angin, wusana tiba ing panggonan kang adoh banget, ora kena diarep-arep slamete .” [QS. Al-Hajj (22): 31]

Kaping Gangsal : Wonten ing akherat benjang tiyang-tiyang  musyrik menika mboten badhe pikantuk ampunan saking Allah SWT.

Perkawis-perkawis ingkang njalari tetiyang lumampah Syirik inggih menika :

  1. Al-jahlu (kebodohan),

inggih menika tetiyang  ingkang mboten ngertos pundi ingkang sae, pundi ingkang awon, mboten kenal halal lan haram, mboten kenal kaliyan dzat ingkang nyiptakaken tundonipun menawi wonten pikantuk masalah  ingkang  awrat akhiripun nyuwun pitulungan dateng senesipun Allah SWT

  1. Dha’ful iimaan (nggadahi iman ingkang tipis).

Tetiyang ingkang nggadahi iman ingkang tipis gampil tumindak maksiat, awit mboten nggadahi raos ajrih dhumateng Allah SWT, iman ingkang tipis menika gampil dipun kendalekaken kaliyan hawa nafsunipun ingkang akhiripun nglampahi kesyirikan.

  1. Taqliid

Al-Qur’an paring gambaran bilih tetiyang ingkang nyekutokaken Allah menika alasanipun midherek prilaku lan tradisi turun temurun ingkang dipun tindaaken dening para leluhur kala rumiyen, Allah SWT ngendika :

وَإِذَا فَعَلُوا۟ فَٰحِشَةً قَالُوا۟ وَجَدْنَا عَلَيْهَآ ءَابَآءَنَا وَٱللَّهُ أَمَرَنَا بِهَا ۗ قُلْ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يَأْمُرُ بِٱلْفَحْشَآءِ ۖ أَتَقُولُونَ عَلَى ٱللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ

Lan menawa wong-wong mau padha nindakake panggawe ala, pangucape mangkene, kita wis nemu leluhur kita padha nindakake iku lan  Allah wus dhawuhake iku kabeh marang kita, Muhammad dhawuha, sejatine Allah iku ora dawuh supaya sira nindakake tindak kang ala, apa sira padha ngucapke ing Allah barang kang sira padha ora mangerti?” (QS Al A’raf : 28)

Tegesipun taqlid menika tetiyang ingkang mboten ndadosaken syariat islam menika minangka landesan ngibadah nanging langkung pitados kaliyan ajaran para leluhur utawi nenek moyang kala rumiyen.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Mekaten jamaah rahimakumullah menggah isi kutbah ingkang saget khatib aturaken mugi-mugi kita sedaya tansah dipun tebihaken saking lampah syirik utawi musyrik, aamiin yaa rabbal alamiin.

Wallahu a’lam bishshawwab

.بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم

أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم

 

 

Khutbah II :

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*