NGLUMERAKEN MANAH INGKANG ATOS KADOS SELA
- Suyitno, SE
(Bendahara DDII Gunungkidul)
KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الَّدِيْنَ ِ
قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًاأَمَّا بَعْد.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَة.
Hadirin kaum Muslimin jamaah Jumat ingkang dipun mulyakaken Allah SWT.
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, puji syukur kita aturaken dhumateng Allah ingkang sampun maringi dhumateng kita mawerni-werni kanikmatan, ngantos wekdal sapunika kita taksih pinaringan kesehatan lan umur panjang; saha saget nindaki ibadah shalat Jumat wanten masjid ingkang minulya punika.
Mugi-mugi kanthi raos syukur sawau, Allah kepareng tansaya nambahi asihipun dhumateng kita sedaya. Aamiin
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng Rasulullah Muhammad SAW sarta kulawarganipun, para sahabat lan sedaya umatipun ingkang tansah setya nindakaken sunnah-sunnahipun ngantos akhir zaman.
Keparenga pinangka khatib kawula ngajak dhumateng sedaya hadirin supados tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah, kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi sedaya ingkang dados awisanipun.
Hadirin kaum Muslimin jamaah Jumat ingkang dipun mulyakaken Allah Swt.
Ing salebetipun wabah covid 19 punika saestu kita saget ngraosaken pacoben saking Allah swt , mbok bilih wonten ingkang awrat nindakaken syukur.
Gesang karaos ampang. Kathah pepenginan ingkang boten kaleksanan. Akibatipun manah karaos atos kados sela. Raos umuk tansah gubel wonten panggesangan saben dintenipun .
Lan rikalanipun pikantuk nasehat saking sedherek, rencang, kepara saking kyai, kita rumaos dipun guroni.
Waspada menawi kawontenan kados makaten estunipun kita nembe kenging sesakit ingkang nami “qaswatul qolb” utawi ati ingkang atos. Manah ingkang atos kados sela pun sebabaken saking kathahipun maksiyat ingkang katindakaken .
Allah SWT paring firman,
ثُمَّ قَسَتْ قُلُوبُكُم مِّنۢ بَعْدِ ذَٰلِكَ فَهِىَ كَٱلْحِجَارَةِ أَوْ أَشَدُّ قَسْوَةً ۚ وَإِنَّ مِنَ ٱلْحِجَارَةِ لَمَا يَتَفَجَّرُ مِنْهُ ٱلْأَنْهَٰرُ ۚ
“Sabanjure atinira dadi atos kaya watu, kepara luwih atos maneh. Kamangka ing antarane watu-watu iku temen ana kang ngilekake bengawan-bengawan ….” (QS. Al-Baqarah:74)
فَطَالَ عَلَيۡهِمُ ٱلۡأَمَدُ فَقَسَتۡ قُلُوبُهُمۡۖ وَكَثِيرٞ مِّنۡهُمۡ فَٰسِقُونَ
“Sabanjure dheweke nglakoni mangsa kang dawa sahingga atine dheweke dadi atos . Lan akeh ing antarane dheweke kang dadi wong-wong kang fasik.” (QS.Al-Hadid: 16).
Pangandikanipun Ibnul Qayyim, :
القَلْبُ المَيْتٌ القَاسِيُ كاَلشَجَرَةِ اليَابِسَةِ، لاَ يَصْلِحَانِ إِلَا النَار — ابن القيم
Manahipun tiyang ingkang sampun garing lan atos, kados wit ingkang garing lan mati. Kekalihipun namung pantes kaobong grama. Naudzubillah.
Hadirin kaum Muslimin jamaah Jumat ingkang dipun mulyakaken Allah SWT.
Panci kathah ingkang nyebabaken atosipun manah hati. Qadhi al-Fudail matur, “Wonten tigang prastawa ingkang nyebabaken atosipun manah, kekathahen dahar, kekathahen sare saha kekathahen wicanten”.
Kepara dhahar ingkang leluwihan saget ngrisak kesehatan badan. Ibnu Sina, pakar kedokteran Islam generasi awal, matur, “Kawigatosaken (konsumsi) padharan awit sebagian ageng sesakit wiwitipun saking dhaharan ingkang leluwihan.”.
Awit punika, Ali bin Abi Thalib RA matur, “Istirahatipun badan punika kanthi ngirangi dhahar, istirahatipun lathi kanthi ngirangi wicanten , lan istirahatipun manah kanthi ngirangi pepenginan.”
Kagem nyingkiri qaswatul qolb, Rasulallah SAW ngajaraken dhumateng kita, antawisipun, supados ngathah-ngathahi syukur.
Setunggalipun dinten wonten shahabat ingkang sowan Rasulallah SAW lajeng matur,
أتَى النَّبيَّ صلَّى اللهُ عليه وسلَّم رجلٌ يشكو قسوةَ قلبِه قال أتحِبُّ أن يلينَ قلبُك وتُدرِكُ حاجتَك ارحَمِ اليتيمَ وامسَحْ رأسَه وأطعِمه من طعامِك يلِنْ قلبُك وتُدرِكْ حاجتَك
“Akhir-akhir punika kula ngraosaken ati kula atos, Rasulallah SAW lajeng ngendika, “Apa gelem sira tak paringi carane nglumerake atinira lan kajatira kinabulan? Sira nresnani bocah yatim, usapen sirahe , wenehana pangan saka pangananira, temen bakal lumer atinira lan jembar rejekinira” (HR Thabrani).
Pramila rikalanipun kita ngingoni lare yatim , nyaosi tedha ingkang paling sae ingkang kita gadhahi boten namung badhe lumer manah kita, ananging badhe bekta kita wonten ing hadits Rasulallah SAW sanesipun, “Aku lan wong-wong kang ngurusi bocah yatim besok bakal ampingan kaya driji loro ing swarga.”
Hadirin kaum Muslimin jamaah Jumat ingkang dipun mulyakaken Allah SWT.
Cara sanes supados manah kita lumer inggih kanthi asring ziarah kubur, temtu kanthi niat ingkang leres. Rasulullah SAW paring sabda,
كُنْتُ نَهَيْتُكُمْ عَنْ زِيَارَةِ الْقُبُورِ، أَلا فَزُورُوهَا،، فَإِنَّهُ يَرِقُّ الْقَلْبَ، وَتَدْمَعُ الْعَيْنَ، وَتُذَكِّرُ الآخِرَةَ
“Ingsun nate nglarang sira kabeh ziarah kubur. Saiki padha ziaraha. Awit satuhune ziarah kubur iku bisa nglumerake ati, lan netesake luh, uga eling akherat.” (HR Al-Hakim).
Ziarah kubur kanthi tujuan emut dhumateng akherat punika dipun anjuraken. Kanthi emut wontenipun kematian nyadharaken dhateng kita bilih boten pantes lan boten wonten ingkang saget kita umukaken.
Rasulallah SAW nganjuraken ingkang supados gegancangan nindakaken kesahenan, singkiri keset. Kepara kanjeng Nabi paring sabda ,
“Sak becik-becike shalat yaiku ing awal wektu.” Rasulallah SAW lajeng ngajaraken dhumateng kita doa
اللَّهُمَّ إِنِّي أَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ
“Duh Allah, kawula nyuwun reksa saking ringkih lan keset.”
Wonten pari paos, tiyang ingkang keset nengga dinten mujur. Kamangka tumrapipun tiyang ingkang sregep saben dinten punika dinten ingkang mujur.
Salajengipun menawi kita gadhah kathah pepenginan ingkang dereng kaleksanan supados husnudzon dhumateng Allah SWT.
Ing mbok bilih wonten hak-hak tiyang sanes ingkang dereng kita tetepi. Saget ugi wonten dhaharan ingkang boten halal ingkang lumebet ing badhan kita.
Mangga sami sinau istighfar awit azab ingkang paling ageng rikalanipun wonten ing donya inggih punika rikalanipun Allah sampun ngunci lisan kita kagem dzikir saha istighfar dhumateng Allah . Kepara, pangandikanipun Ibnul Qayyim, :
إٍذَا طَالَ عَلَيْكَ وَقْتُ الْبَلاَءِ مَعَ اِسْتٍمْرَارٍكَ بِالدُعاَءِ فَاعْلَمْ أنَ اللهَ لَنْ يُرٍيْد إجَابَةَ دَعْوَتَكَ فَقَطْ ..!! بَلْ يُرٍيْدُ أنْ يُعْطِيْكَ فَوْقَهَا عَطَايَا لَمْ تَطْلًبْهَا أنْتَ
Menawa musibah kang sira adhepi dawa banget , kamangka sira ora kendhat anggonira dedonga , sira percayaha menawa Allah ora mung bakal ngijabahi donganira nanging Allah bakal paring marang sira perkara kang ora sira suwun..
Mugi-mugi kita saha putra wayah kalis saking atosipun manah. Aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
KHUTBAH II
الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛
فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَـنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يِوْمِ الدِّيْنِ وَآَخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ


Leave a Reply