Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 28 : Jagi Ukhuwah Islamiyah

JAGI UKHUWAH ISLAMIYAH

Sutamto, A.Md
(Biro Kepemudaan DDII Gunungkidul)

KHUTBAH I

إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرْهُ وَنَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِي اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ

وَأَشْهدُ أَنْ لاَ إَلَهَ إِلاّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ وَلَا رَسُوْلَ بَعْدَهُ

 اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْن

 

Hadirin, jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah

Ingkang sepisan sumangga kita tansah ngaturaken raos puji lan syukur dhumateng Allah SWT awit sedaya nikmat lan kanugrahanipun sahingga ing dinten punika kita taksih saget nindakaken shalat jum’ah wonten ing masjid ingkang insya Allah kebak barokah punika.

Sholawat lan salam mugi tansah pinaringaken dhumateng uswah hasanah kita Nabiyullah Muhammad SAW. Salajengipun boten katalumpen kawula pinangka khotib ngajak dhumateng  jama’ah sedayanipun sumangga tansah ningkataken keimanan lan ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT kanthi saleres-leresipun iman lan taqwa.

Hadirin, jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah

Pinangka setunggalipun mukmin kita sedaya punika sedherak lan pasedherekan sesaminipun mukmin nglangkungi sedherek  sedarah awit pasedherekan sesami mukmin kaiket dening  aqidah Islamiyah. Kanthi makaten manunggalipun sesami kaum muslimin utawi ukhuwah Islamiyah kedah tansah kita jagi.

Allah sampun paring firman wonten Alqur’an Surat Al Hujurat ayat 10:

إِنَّمَا ٱلْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا۟ بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ ۚ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ

Satemene wong-wong iman iku sedulur, mangka dhamekna  antarane sedulur ira iku lan wediya marang  Allah, supaya sira oleh  rahmat

Rasulullah SAW nate damel gegambaran ingkang endah gegayutan kaliyan  pasedherekan antawisipun kaum muslimin. Panjenenganipun paring gegambaran bilih pasedherekan ingkang kaiket kanthi  keislaman punika kados badhan sawiji. Panjenenganipun paring sabda :

مَثَلُ الْمُؤْمِنِينَ فِي تَوَادِّهِمْ، وَتَعَاطُفِهِمْ، وَتَرَاحُمِهِمْ، مَثَلُ الْجَسَدِ، إِذَا اشْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَدَاعَى سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهَرِ وَالْحُمَّى

Gegambaraning wong-wong kang iman siji lan sijine, anggone sih sinisihan, anggone ngrengkuh ing pepadhane, kadya badhan sawiji. Menawa saperangan ana kang lara , mangka badhan sekujur ngrasakake lara uga .” (HR. Muslim)

Umat Islam awit kaiket kaislamanipun  kedah mirsani  sesaminipun Muslim pinangka sedherekipun amargi sami paugeran gesangipun. Sadengah perkawis ingkang saget ngrisak ukhuwah Islamiyah kedah dipun tebihi.

Paling boten wonten gangsal perkawis ingkang kedah kita lampahi kagem mbetengi manunggaling kita sesami umat Islam. Gangsal perkawis sawau kalebet hak saha kewajiban ukhuwah ingkang sampun katetepaken wonten ing salebetipun agami Islam.

Sepisan, nutupi  aib sedherek nunggil iman,

Rasulullah SAW paring sabda,

مَنْ رد عن عرض أخيه كان له حجابا من النار

Sapa wae kang belani  kehormatan sedulure  (pepadha Muslim), mangka perkara mau dadi pepalang tumrap dheweke seka  neraka.” (HR Tirmidzi).

Sabda Nabi SAW salajengipun:

Kadurakan tumrap sawijining wong Muslim gegawe wirang sedulur  Muslim liyane.” (HR Muslim).

Angka kalih, ngapunten kalepatan sedherekipun nunggil iman. Perkawis punika perlu sanget pinangka jagi sesrawungan kita pinangka makhluk sosial. Wonten madyanipun pasrawungan sosial ingkang kita lampahi mbok bilih wonten bengkrik utawi perkawis sanes ingkang nyebabaken salah-paham.

Boten wonten gading ingkang boten benthet. Boten wonten tiyang ingkang kalis saking kalepatan . Awit jejeripun menungsa punika panci papanipun lepat saha supe. Semantena sak sae-saenipun tiyang ingkang tumindak lepat inggih punika tiyang ingkang purun ngrumaosi kalepatanipun lajeng nyuwun pangapunten sinartan taubat boten badhe bangsuli kalepatanipun.

Rasulullah SAW paring sabda,

تُفْتَحُ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ يَوْمَ الْإِثْنَيْنِ، وَيَوْمَ الْخَمِيسِ، فَيُغْفَرُ لِكُلِّ عَبْدٍ لَا يُشْرِكُ بِاللهِ شَيْئًا، إِلَّا رَجُلًا كَانَتْ بَيْنَهُ وَبَيْنَ أَخِيهِ شَحْنَاءُ، فَيُقَالُ: أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا، أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا، أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا

Kori-korining swarga den bukak saben dina Senin lan Kamis. Pangapuraning  Ilahi den paringake tumrap saben-saben kawula kang ora nyekutokake Allah kanthi samubarang lir, kejaba marang wong kang nyimpen dendam marang sedulure. Tumrap dheweke diaturake : Tunggu, tunggu, tunggu, nganti dheweke padha wawuh.” (HR Muslim)

Kaping Tiga , ngudhari reribetipun  sesami Muslim,

Kewajiban kita sebagai sesama muslim yang saling bersaudara, adalah membantu mereka yang berada dalam kesulitan.

Kita sisingkan lengan. Kita kenyangkan perut mereka yang lapar. Kita obati yang sakit. Kita kasihi mereka yang berduka. Kita hapus air mata kesedihan mereka. Kita bahagiakan dengan apa yang mampu kita berikan.

Duka mereka adalah duka kita. Kebahagiaan mereka juga kebahagiaan kita. Rasa sakit yang tengah mereka rasakan juga rasa sakit bagi kita. Kita seharusnya tidak merasa nyaman dengan apa yang menimpa dan menindih mereka. Oleh karena itu, Rasulullah SAW paring sabda:

مَنْ فَرَّجَ عَنْ أَخِيهِ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا فَرَّجَ اللَّهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الْآخِرَةِ، وَاللَّهُ فِي عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِي عَوْنِ أَخِيه، وَمَنْ سَتَرَ عَلَى أَخِيهِ الْمُسْلِمِ سَتَرَهُ اللَّهُ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَة

Sapa wae kang nglapangake reribete sedulure  saka reribete urip ing donya iki, Allah bakal nglapangake tumrap wong iku saka prahara ing dina kiamat. Allah tetep bakal paring pitulung sawijining kawula, selagine kawula mau  sudi mitulungi sedulure. Sapa wae kang nutup aib (wirang) wong Islam, Allah bakal nutupi aib wong mau ing donya lan akhirat.” (HR Muslim, Abu Daud, Turmidzi).

Kaping Sekawan , prasangka ingkang sae dhumateng sesami Muslim.

Baik sangka adalah akhlak yang diajarkan oleh Allah Subhanahu Wata’ala kepada para hamba-Nya. Kita dianjurkan untuk berbaik sangka kepada saudara kita. Tidak mudah terjebak dalam buruk sangka yang bisa mengakibatkan gangguan dalam hubungan antara sesama kita

Allah SWT berfirman,

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اجْتَنِبُوا كَثِيرًا مِنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا يَغْتَبْ بَعْضُكُمْ بَعْضًا

He wong-wong kang padha iman, dohana sira kabeh saka akehing pranyana, satemene saperangan saka pranyana iku dosa lan sira aja golek-golek luputing liyan lan aja saperangan sira padha nyatur marang liyane.” (Al-Hujurat: 12).

Kaping Gangsal, dongakaken sesaminipun Muslim, sae rikalanipun taksih gesang utawi sasampunipun tilar.

Pandonga ingkang sae badhe wangsul dhumateng kita ingkang dongakaken. Semanten ugi kosok wangsulipun. Kita dongakaken sedherek-sedherek kita ingkang celak ugi ingkang tebih . Salah setunggalipun  conto pandonga ingkang  dipun langgengaken dening Allah  SWT inggih punika:

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْأِيمَانِ وَلا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَحِيم

Duh Pangeran kawula! Mugi paduka paring pangapunten dhumateng kawula lan sedherek-sedherek kawula ingkang sampun ngrumiyini iman; ampun ngantos paduka kendelaken raos drengki wonten ing manah kawula dhumateng tiyang ingkang iman. Duh pangeran kawula! Saestu paduka Maha Santun lan Maha Asih.” (Al-Hasyr: 10).

 

Mekaten gangsal lampah kagem betengi saha ngiyataken tangsulipun pasedherekan sesami umat Islam. Persatuan boten namung arupi seratan ingkang tharik-tharik utawi pangandikan ingkang dakik-dakik. Ananging  Persatuan punika kedah kita hadiraken saha kita wujudaken salebetipun nglabeti pakurmatan sedherek-sedherek kita.

 

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

KHUTBAH II

الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛

فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى :  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَـنَا  مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يِوْمِ الدِّيْنِ وَآَخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*