Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 30 : Hijrah Saking Kemaksiatan Tumuju Dhumateng Ketaatan

HIJRAH SAKING KEMAKSIATAN TUMUJU DHUMATENG KETAATAN

Prananto, ST., MAP

(Sekretaris DDII Kab. Gunungkidul)

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Alhamdulillah, sedaya pangalembana namung kagunganipun Allah SWT  dene kita sedaya taksih kapinanggihaken dening Panjenenganipun wonten ing dinten ingkang minulya punika inggih dinten Jumat ingkang agung. Wonten ing papan ingkang dipun mulyakaken dening Allah inggih wonten ing masjid. Sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang kainggilaken derajatipun wonten ngarsa dalem Allah  inggih tiyang-tiyang ingkang sami takwa.

Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng  junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, tuwin sedaya  keluarga, sahabat, saha umatipun.

 

Pinangka khatib kawula ngajak dhumateng dhiri kawula pribadhi saha sedaya jamaah sholat jum`at sedayanipun, sumangga tansah ningkataken takwa kita dhumateng  Allah SWT kanthi ngupiya nindakaken dhawuh-dhawuhipun saha nebihi awisan-awisanipun wonten pundi kemawon saha ing wekdal napa kemawon.

Mugi-mugi ing samangkih kita dipun lebetaken dening Allah sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami takwa . Aamiin

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Nembe kemawon kita nilaraken wulan Muharram, ingkang mujudaken kawitanipun warsa wonten ing penanggalan Islam ingkang mertandhani gumantosipun warsa  Hijriyah.

Paringipun nami warsa Hijriyah ingkang dipun gendheng-cenengaken kaliyan prastawa hijrahipun/pindahipun Nabi Muhammad SAW arupi badhan wadag sesarengan kaliyan para shahabatipun saking Makkah tumuju Madinah.

Miturut wacana ingkang sakelangkung wiyar hijrah saget kawastanan nilaraken padatan ingkang dipun awisi tumuju dhumateng ingkang kadhawuhaken dening Allah SWT, kados kaweca ing salebetipun  sabda Nabi SAW :

عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ عَمْرٍو رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ، وَالْمُهَاجِرُ مَنْ هَجَرَ مَا نَهَى اللَّهُ عَنْهُ (رواه البخاري)

Kariwayataken saking Abdullah bin ‘Amru ra bilih Nabi Saw, paring sabda, “Sawijining muslim yaiku wong kang dadekake Kaum Muslimin liyane slamet saka lisan lan tangane . Dene Muhajir (wong kang padha hijrah) yaiku wong kang ninggalake apa kang den larang dening Allah. (HR. Bukhari, hadits no. 9)

Hijrah miturut basa gadhahi pangertosan medhot saha nilaraken. Awit priyantun ingkang hijrah punika medhot sesambetan kaliyan lelampahan ingkang boten sae ing wekdal ingkang sampun kawuri, utawi priyantun ingkang nilaraken tanah kelahiranipun kagem milujengaken agami saha keimananipun.

Awit saestunipun pokipun hijrah punika mindahaken tiyang saking setunggalipun kawontenan tumuju kawontenan sanes ingkang sakelangkung sae: saking kufur dhumateng iman, saking maksiyat dhumateng taat, saking jahiliyah dhumateng Islam. Saha tataran mindahaken tiyang saking setunggalipun kawontenan tumuju dhumateng kawontenan sanes ingkang sakelangkung sae punika mujudaken intisari saha pokipun dakwah.

Sahingga pangertosan ingkang wigatos  saking prastawa hijrah Nabi Muhammad kedah dipun maknai umat Muslim wekdal punika pinangka upiya ngewahi dhiri saking margi maksiyat tumuju dhumateng taat wonten ngersanipun Allah SWT.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Maksiyat anggadhahi mapinten-pinten akibat ingkang awon, cinacat, sarta bebayani tumrap manah saha badhan, wonten ing donya ugi wonten ing akhirat, ingkang wilanganipun boten dipun mangertosi kejawi Allah ingkang Maha Ngawuningani. Saking mapinten-pinten akibat saking tumindak maksiyat kados ingkang kasebat wonten ing kitab Ad-Daa wad Dawaa ingkang karipta dening  Ibnu Qayyim al-Jauziyyah kababar makaten:

  1. Maksiyat pinangka pepalang lumebetipun ilmu

Ilmu punika cahya ingkang dipun lebetaken dening Allah wonten ing manah, ewadenten maksiyat punika perkawis ingkang saget mejahi cahya kasebat.

Rikalanipun Imam asy-Syafi‘i lenggah sinambi maosaken setunggalipun perkawis wonten ngajengipun Imam Malik, kapinteran saha kasampurnan botosipun pangertosan dadosaken  syaikh punika ngungun. Panjenenganipun lajeng ngendika, ” Saestunipun kula nyumerepi bilih Allah sampun nglebetaken cahya wonten ing manah panjenengan, pramila ampun ngantos panjenengan mejahi cahya kasebat kanthi petengipun  maksiyat“.

Imam asy-Syafi’i ngendika wonten ing syairipun,

Kula sambat dhumateng Waki’ awit awonipun apalan kula. Piyambakipun paring nasehat dhumateng kula supados kula nilaraken maksiyat. Piyambakipun ugi matur : ”Mangertiya satemene ilmu iku nugraha. Lan nugrahane Allah datan den paringake marang wong kang maksiyat,”

  1. Maksiyat pinangka pepalang dhatengipun rezeki

Allah SWT paring firman :

وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ

Sapa wae kang takwa marang Allah temtu Panjenengane bakal dadekake tumrap dheweke leluwar lan paring rezeki marang dheweke saka dalan kang datan den nyana-nyana.” (QS At Talaq ayat 2-3)

Menawi  takwa dhumateng  Allah mujudaken perkawis ingkang saget dhatengaken rizqi, pramila nilaraken takwa badhe nyebabaken kefakiran utawi sempitipun rezeki.

Rasulullah SAW. Nate paring sabda, “Sawijining kawula den sumpet rejekine awit dosa kang den tindakake.” (HR. Ahmad)

Ing pramila katur dhumateng Jama’ah sekalian, kita kedah yakin bilih takwa punika pinangka sebab datengipun rezeki saha gampilaken  rezeki kita. Menawi wekdal punika kita ngraosaken awratipun pikantuk rezeki saking Allah, pramila mangga kita tilaraken tumindak maksiyat! Ampun ngantos kita kebaki  jiwa kita kanthi lebu-lebunipun tumindak maksiyat.

  1. Maksiyat nyebabaken sepenipun manah saking dzikir/emut dhumateng Allah

Sepenipun manah ingkang karaosaken dening tiyang ingkang tumindak maksiyat, ngicali lazatipun dzikir/emut antawisipun piyambakipun kaliyan Allah, lazatipun dzikir boten saget kabandhingaken kaliyan sanesipun. Sinaosa  sedaya lazatipun donya kagerbo dados setunggal, boten saget nutup sepenipun manah ingkang dipun raosaken dening ahli maksiyat kasebat.

  1. Maksiyat badhe beta ahlinipun rumaos kepencil ing antawisipun tiyang-tiyang sae

Rumaos kepencil saking tiyang sanes mesthi badhe dipun lampahi dening ahli maksiyat, utaminipun dhumateng tiyang-tiyang ingkang sae. Menawi raos kepencil tansaya kiyat tundhonipun piyambakipun badhe tansaya tebih saking tiyang-tiyang sae.

Ingkang anjalari piyambakipun boten pikantok barokah kanthi mendhet manpangatipun tiyang-tiyang shalih kasebat.  Raos kepencil punika tansaya tambah kiyat kepara badhe ngambra-ambra, ngantos-ngantos ngembet anggenipun gesang bebrayan dhumateng garwa, putra, kerabat, kepara dhumateng jiwanipun, sahengga rumaos kepencil ugi sinaosa dhumateng awakipun piyambak.

  1. Maksiyat dadosaken awratipun sedaya perkawis

Wonten ing QS At Talaq ayat 4 Allah SWT paring firman :

وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا

Lan sapa wonge kang padha takwa marang Allah, temtu Allah dadekake tumrap dheweke gegampang ana ing urusane.”

Menawi ketakwaan saget gampilaken sedaya urusan, pramila kemaksiyatan saget ngribeti  urusanipun ahli maksiyat. Ketaatan pinangka cahya, wondene maksiyat punika pepeteng.

Ibnu Abbas r.a. ngendika, “Satemen tumindak becik iku bisa nekakake pepadhang ing pasuryan lan cahya ana ing ati, kekuatan awak lan katresnan”.

Kosok wangsulipun tumindak awon punika badhe dhatengaken surem wonten ing pasuryan, pepeteng wonten ing alam kubur saha manah, ringkihipun badan, susutipun rezeki saha sengitipun  makhluk.”

Menawi kita remen tumindak maksiyat, sedaya urusan kita badhe awrat awit sedaya makhluk wonten ing alam punika sengit dhumateng kita. Toya ingkang kita unjuk piyambakipun boten ridha menawi kita unjuk. Dhaharan ingkang kita dhahar boten ridha menawi kita dhahar. Tiyang-tiyang boten sami purun urusan kaliyan kita awit raos sengit dhumateng kita.

  1. Maksiyat ngringkihaken manah saha badan

Akibat ingkang boten sae saking maksiyat ingkang arupi ringkihipun manah mujudaken perkawis ingkang cetha wela-wela, kepara badhe tansah ngringkihaken sahingga kasil mejahi cahyaning manah sedayanipun. Wondene pengaruhipun dhumateng ringkihipun badan awit kekiyatanipun mukmin punika sumberipun saking manah.  Menawi manahipun kiyat pramila badanipun ugi kiyat.

Wondene tiyang ingkang nandhang dosa punika tiyang ingkang paling ringkih rikalanipun kabetahaken, sinaosa anggadhahi badan ingkang kiyat. Kekiyatan kasebat kepara boten  hadir rikalanipun piyambakipun estu betahaken.

  1. Maksiyat saget ngicalaken raos lingsem

Dosa-dosa saget ngringkihaken  raos lingsem setunggalipun kawula, kepara saget nyirnakaken sedayanipun. Tundhonipun piyambakipun sampun boten anggadhahi raos lingsem rikalanipun tiyang kathah sami mangertosi kawontenanipun ingkang awon.

Langkung mrihatosaken malih kepara piyambakipun wonten ingkang blaka suta nyariyosaken pi-awonipun. Sedaya punika awit kasebabaken raos lingsem ingkang sampun ical. Menawi priyantun sampun dumugi kawontenan kasebat pramila sampun boten saget dipun ajeng-ajeng malih kesaenanipun. Kejawi ingkang pinaringan pitedahipun Allah.

Antawisipun dosa kaliyan sekedhikipun raos lingsem saha boten gadhahi raos cupar anggadhahi gegayutan ingkang saestu kiyat. Salah setungalipun badhe nuwuhaken sanesipun. Sinten kemawon ingkang lingsem dhumateng Allah wonten ing wekdal tumindak duraka, temtu  Allah badhe lingsem menawi ngukumi piyambakipun wonten ing dinten rikalanipun pepanggihan dhumateng Panjenenganipun.

Semanten ugi sinten ingkang boten lingsem rikalanipun tumindak duraka, temtu Allah boten badhe lingsem paring paukuman dhumateng piyambakipun.

Pinangka mungkasi khutbah kapisan punika sumangga kita sami nglenggana bilih manah kita wonten ing antawisipun Ketaatan lan Kemaksiatan pramila kita perlu ngreksa kanthi doa kados dene  Sabda Nabi SAW :

عن عَبْدَ اللَّهِ بْنَ عَمْرِو بْنِ الْعَاصِ يَقُولُ، أَنَّهُ سَمِعَ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ إِنَّ قُلُوبَ بَنِي آدَمَ كُلَّهَا بَيْنَ إِصْبَعَيْنِ مِنْ أَصَابِعِ الرَّحْمَنِ كَقَلْبٍ وَاحِدٍ يُصَرِّفُهُ حَيْثُ يَشَاءُ، ثُمَّ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اللَّهُمَّ مُصَرِّفَ الْقُلُوبِ صَرِّفْ قُلُوبَنَا عَلَى طَاعَتِكَ (رواه مسلم)

Kariwayataken saking Abdullah bin ‘Amru bin Ash ra matur, bilih piyambakipun nate midanget  Rasulullah Saw paring sabda: “Satemen atine anak putune  Adam (sedaya manungsa)iku ana ing antarane loro racikane Allah kang  Maha Rahman. Allah Subhanahhu wa Ta’ala bakal malengosake atine sapa wae miturut kersane .” Salajengipun Rasulullah Saw dedonga, ‘Duh Allah , Dzat ingkang malengosaken manah, mugi paduka malengosaken  manah kita dhumateng ketaatan ngibadah dhumateng Paduka.” (HR. Muslim, hadits no 4798)

 

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم

أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم

 

 

Khutbah Kedua :

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*