DADOS PRIYANTUN INGKANG PEMAAF
Sumedi, S.Pd., MA
(Ketua DDII Kab. Gunungkidul)
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Jamaah Shalat Jumat ingkang dipun Rahmati Allah,
Alhamdulillah, sedaya puji pangalembana namung kagunganipun Allah SWT ingkang tansah paring nikmat dhumateng kita tanpa kendhat linangkung nikmat iman lan Islam.
Shalawat saha salam tansah konjuk wonten ngarsanipun uswah hasanah kita, Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng sedaya kulawarga, sahabat, saha umatipun sedaya ingkang tansah midherek dhumateng Panjenenganipun .
Pinangka khatib kawula ngajak dhumateng dhiri kawula pribadhi saha sedaya jamaah sholat jum`at sedayanipun, sumangga tansah ningkataken takwa kita dhumateng Allah SWT kanthi ngupiya nindakaken dhawuh-dhawuhipun saha nebihi awisan-awisanipun wonten pundi kemawon saha ing wekdal napa kemawon.
Jamaah Shalat Jumat ingkang dipun Rahmati Allah,
Saben dinten kula lan panjenengan sami tansah sesrawungan kalian tiyang sanes, sae wonten ing keluwarga, tangga tepalih, pedamelan, ngantos sesrawungan ingkang sakelangkung wiyar. Priyantunipun ugi mawerni-werni saha benten-benten menggah agami, budaya, ngantos yuswa saking ingkang mudha ngantos ingkang sampun sepuh. Benten ugi menggah lageyanipun, pengalamanipun saha pangertosanipun. Kanthi makaten kadhang kalanipun wonten ingkang cengkah kepara benten kaliyan pemanggih kita linangkung wonten ingkang mbadal saking wewaleripun agami. Allah sampun paring firman wonten ing Surah Al A’rah:199 :
خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَاَعْرِضْ عَنِ الْجٰهِلِيْنَ
“Dadiya pemaaf, dhawuhna (wong-wong) ana ing kabecikan, lan mungkura sira saka wong-wong kang bodho” ( Al A’raf:199).
Menawi saben-saben perkawis kita tanggapi kanthi regejegan punapa malih saben dinten mesthi wonten perkawis, temtu kemawon gesang kita badhe boten jenjem boten saget tentrem. Pramila kanthi firmanipun Allah kasebat sampun cetha sanget bilih wonten ing madyaning panggesangan kedah saget nata manah saha pinter ngendhaleni amarah.
Menawi gadhah bala utawi rencang ingkang kathah ampun dipun ajak dhumateng perkawis ingkang awon, kepara dhipun ajak utawi dipun dhawuhi tumindak kesaenan. Dene kepanggih tiyang-tiyang ingkang bodho/jahil kita kapurih mengkeraken boten perlu dipun tanggapi supados boten sulaya utawi kepara nuwuhaken piawon.
Perkawis punika ginambar wonten ing salebetipun Hadits ingkang kariwayataken dening Aisyah radhiallahu ‘anha, bilih panjenenganipun matur dhumateng Kanjeng Nabi s.a.w.: “Napa nate wonten setunggalipun dinten ingkang paduka raosaken saklangkung sisah tinimbang rikalanipun paperangan Uhud?” Kanjeng Nabi Sabda: “Iya ana, ingsun temen-temen nate mrangguli prastawa kang gawat saka kaum ira. Sawijining perkara kang ingsun adhepi paling abot banget nyusahake saka dheweke yaiku ing dina ‘Aqabah. Rikalane aku nawakake supaya pikoleh panyengkuyung marang Ibnu Abdi Jalil bin Aban Kulal salah sawijining penggedhe ana ing laladan Thaif ananging dheweke ora ngabulake kang dadi kersaku. Sabanjure aku banjur tindak maneh ing kahanan sedhih, kang ketara ing pasuryanku. Aku ora krasa ing kahanan kaya mangkono kejaba sawise tumeka ing Qarnuts Tsa’alib. Banjur aku dangakake sirahku dumadakan ketara ana mendhung kang nglayungi aku. Dumadakan aku weruh ing dhuwur ketara ana Malaikat Jibril Alaihis-salam. Dheweke ndangu aku banjur matur: “Saestunipun Allah Ta’ala sampun midanget punapa ingkang pun aturaken umat paduka dhumateng Paduka saha kadospundi piyambakipun nampik panyuwunan Paduka. Allah samenika ngutus kagem Paduka malaikat ingkang ngreksa gunung-gunung supados Paduka dhawuh punapa sakersa Paduka.” Sabanjure malaikat kang ngreksa gunung-gunung iku ndangu marang aku, banjur uluk salam lan matur: “Duh Kanjeng Nabi Muhammad, saestunipun Allah sampun midanget punapa ingkang dipun aturaken umat Paduka dhumateng Paduka lan kawula punika malaikat ingkang ngreksa gunung-gunung. Allah ngutus kawula dhumateng Paduka supados Paduka dhawuh dhumateng kawula lan kawula badhe nderek dhawuh Paduka. Menawi Paduka kersa, kepara menawi paduka ngersakaken, badhe kula tumpes kaum Paduka kanthi kalih gunung punika?” Nabi s.a.w. lajeng Sabda: “Kepara aku ngarep-arep kang supaya Allah ngedalake saka keturunane umatku wong kang padha seneng manembah marang Allah kang Maha Tunggal lan ora nyekutokake sawijining perkara marang Panjenengane.” (Muttafaq ‘alaih)
Jamaah Shalat Jumat ingkang dipun Rahmati Allah,
Saking suraos Hadits kasebat saestu kita saget methik hikmah bilih Kanjeng Nabi punika utusanipun Allah ingkang saestu linangkung menggah kesabaranipun. Temtu kemawon ingkang supados dipun tuladhani ugi dening kita sedaya pinangka umatipun. Kados pundi tiyang-tiyang Thaif anggenipun ngina kepara mulasara dhumateng Kanjeng Nabi, boten namung waspa ingkang tumetes kepara rahipun kanjeng Nabi ingkang dados seksi. Ewa semanten raos asihipun Kanjeng Nabi sakelangkung ageng sahengga panyuwunipun malaikat ingkang jagi gunung boten dipun tampi kepara Kanjeng Nabi lajeng nyuwun dhumateng Allah supados anak keturunanipun tiyang-tiyang Thaif dados tiyang-tiyang ingkang sami iman saha purun manembah sujud namung dhumateng Allah boten dhateng brahala utawi sanesipun. Kathah sanget hadits ingkang nyariyosaken menggah kesabaranipun Rasulullah ngadhepi umatipun ingkang jahil, ewo semanten kathah ugi hadits ingkang nyariyosaken kanjeng Nabi badhe duka rikalanipun syariatipun Allah dipun langgar. Kanthi makaten kita kedah saget bentenaken perkawis punika gegayutan kaliyan pribadhi utami gegayutan kaliyan agami.
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم
أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم
Khutbah Kedua :
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.
أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.



Leave a Reply