PRIBADI INGKANG TAQWA : ANTI KORUPSI
Prananto, ST., M.AP
(Penyuluh Anti Korupsi No. Registrasi PAK.915.0.00417 2021)
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Alhamdulillahi rabbil ‘alamiin, awit rahmat lan barokah saking Allah , kita sedaya saget rawuh wonten ing masjid punika kagem nindakaken salah setunggal kewajiban kita pinangka Umat Islam, inggih punika shalat Jumat.
Shalawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Nabi kita, Muhammad ﷺ, keluarganipun, para sahabatipun saha sedaya umat Islam ingkang tansah midherek sunnahipun ngantos akhir zaman.
Kita wasiataken dhumateng diri kawula pribadi saha sedaya para jamaah shalat Jumat , supados tansah takwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi awisanipun.
Kita tindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kanthi saestu saha nebihi awisanipun-awisanipun Allah Ta’ala satebih-tebihipun, wonten pundi kemawon kita dumunung.
Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Mboten keraos , wulan Ramadhan sampun sawetawis nilaraken kita, wulan ingkang kita pinangka umat Islam dipun wajibaken supados nindakaken ibadah siyam setunggal wulan natas,ugi mujudaken wulan ingkang kebak barokah dan maghfirah, ingkang kathah kamulyan saha kautamen ing salebetipun.
Kawastanan ugi bilih wulan Ramadan punika pinangka syahrut tarbiyah utawi wulan pendidikan.
Tujuanipun siyam inggih kagem nggayuh takwa kados firman Allah SWT :
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
“He wong-wong kang padha iman , diwajibake marang sira nindakake pasa kaya dene wis diwajibake marang umat-umat sadurungira supaya sira pada takwa. (QS Al-Baqarah : 183).
Para ulama nerangaken makna Takwa kanthi pangertosan “al-imtisalu al-awamiri wa ijtinabu al-nawahi wa al-itqu ‘an al-nari”, inggih punika nindakaken dhawuhipun Allah, nebihi awisanipun, sarta kalis saking siksa neraka. Takwa mujudaken puncak kualitas manungsa ingkang paling sae, ingkang pinangka takeran kamulyanipun wonten ing ngarsanipun Allah SWT kados kaweca wonten firmanipun :
… ۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ ۗ…
“…. Satuhune wong kang paling mulya ing antaranira ana ing ngarsaning Allah yaiku wong kang paling takwa. ….” (QS Al Hujurat : 13)
Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Pinangka raos prihatos tumrap kita sedaya, bilih tindak pidana korupsi ingkang kedadosan wonten ing negari kita sampun dumugi tataran ingkang saestu mrihatosaken. Prastawa ingkang nembe kemawon kedadosan inggih punika wonten 3 hakim ingkang nampi suap utawi sogok ingkang agengipun 60 Milyar ing perkawis impor minyak sawit. Priyantun ingkang sampun dipun sumpah supados ngadili perkawis kepara malah nampi suap ingkang kalebet korupsi. Na’udzubillahhi min dzalik.
Pemerintah Indonesia wonten ing perkawis punika inggih Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) tansah ngupiya mbrastha lampah korupsi kanthi tigang lampah:
- Penindakan, ingkang anggadhahi ancas tujuan supados pelaku korupsi sami kapok lan ajrih nindakaken korupsi
- Pencegahan utawi ndandosi sistem ingkang acas tujuanipun supados tiyang mboten saget nglampahi korupsi
- Pendidikan, ingkang ancas tujuanipun supados tiyang mboten purun nindakaken korupsi
Saking makna takwa ingkang kababar dening para ulama kasebat, kedahipun kita mitadosi bilih tujuan siyam Ramadhan inggih menika taqwa mujudaken solusi ingkang paling sae ingkang kaparingaken dening Allah SWT kagem ngatasi salah setunggal saking masalah bangsa kita ing wekdal punika inggih babagan korupsi.
Awit siyam punika mujudaken proses pendidikan langsung saking Allah SWT kagem mbentuk pribadi Taqwa ingkang ing salebetipun wonten nilai-nilai Anti Korupsi.
Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Nilai-nilai Anti Korupsi ingkang dipun ajab supados tuwuh sasampunipun nglampahi siyam Ramadhan ing antawisipun :
- Jujur
Pokipun masalah kasus korupsi inggih punika icalipun nilai-nilai kejujuran. Kejujuran mujudaken perkawis kapisan ingkang kedah dipun gatosaken kagem mbrastha masalah korupsi ngantos tuntas. KPK migunakaken slogan “Berani Jujur Hebat” pinangka bukti bilih kathahipun kasus korupsi ingkang tuwuh punika akibat saking icalipun kejujuran.
Kamangka Allah SWT sampun paring firman :
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ
“He wong-wong kang padha iman, takwa-a sira marang Allah lan tetapa sira bebarengan marang wong-wong kang benar” (QS AT Taubah 119)
Jujur mujudaken dhawuh langsung saking Allah SWT sadengah wekdal, linangkung wonten ing wulan Ramadhan. Salebetipun siyam kita dipun awisi matur dora utawi goroh.
Kariwayataken saking Abu Hurairah, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,
مَنْ لَمْ يَدَعْ قَوْلَ الزُّورِ وَالْعَمَلَ بِهِ فَلَيْسَ لِلَّهِ حَاجَةٌ فِى أَنْ يَدَعَ طَعَامَهُ وَشَرَابَهُ
“Sapa wae kang ora bisa ninggalake pocapan dora kepara malah nindakake , mangka Allah ora butuh anggone nahan saka rasa luwe lang ngelake dheweke.” (HR. Bukhari no. 1903)
Zur ingkang dipun maksud ing hadits kasebat inggih punika goroh. Goroh kaanggep awon saben wekdal, linangkung menawi dipun lampahi wonten ing wulan Ramadhan.
Tiyang ingkang saestu anggenipun nindakaken ibadah siyam saestunipun nembe dipun gladhi hadiripun Allah SWT wonten ing gesangipun. Sedaya pakaryan mesthi kawuningan dening Allah SWT. Menawi keyakinan punika tansah dipun reksa kanthi sae mboten saget pun selaki bilih “madrasah ramadhan” badhe nggembleng dados manungsa ingkang jujur.
Menawi nilai kejujuran punika sampun maujud wonten ing salebetipun jiwa manungsa, temtu penyimpangan moral kados suap, korupsi lan pungli mboten badhe kedadosan.
- Disiplin
Paling mboten wujud saking disiplin ingkang dipun dibangun lumantar madrasah ramadhan inggih punika disiplin salebetipun ibadah (hablun minallah). Kados ing firman Allah:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
“He wong-wong kang padha iman, diwajibake marang sira nindakake pasa kaya dene wis diwajibake marang umat-umat sadurungira supaya sira pada takwa. (QS Al-Baqarah : 183).
Disiplin ibadah punika kawitan saking niat nindakaken siyam, dhahar sahur mboten nglangkungi terbit fajar saha buka siyam sasampunipun surupbipun srengenge. Nindakaken niat, sahur lan buka siyam pinangka latihan utawi nggladhi disiplin, kados firmanipun Allah:
“Mangan ngombe-a nganti cetha tumrap sira benang putih saka benang ireng, yaiku fajar. Banjur sampurnakna pasa iku nganti tekane wengi”. (QS. Al Baqarah:187).
Semanten ugi kanthi njejegaken dalunipun wulan Ramadahan kanthi nindakaken shalat tarawih lan tadarus Al Quran. Sedaya rutinitas ibadah wonten ing wulan Ramadhan punika saget ndisiplinaken ibadah kita sasampunipun wulan ingkang kebak hikmah punika purna.
- Tanggel jawab
Sawetawis saking mentesipun ibadah Ramadhan, inggih punika nggegulang raos tanggel jawab nindakaken panggesangan. Wujud saking tanggel jawab saking siyam inggih punika gegayutan kaliyan utang siyam. Utang siyam dados kewajiban ingkang kedah dipun rampitaken pinangka tanggel jawab dhumateng Allah SWT. Menawi utang siyam dereng karampitaken awit wontenipun sebab-sebab tertentu, pramila kewajibanipun dereng gugur ngantos katindakaken wonten ing wekdal sanes utawi nggantos kanthi mbayar fidyah.
Allah SWT paring firman :
اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍۗ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗوَعَلَى الَّذِيْنَ يُطِيْقُوْنَهٗ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِيْنٍۗ فَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهٗ ۗوَاَنْ تَصُوْمُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ
“(Yaiku) pirang-pirang dina tartamtu. Mangka, sapa ing antarane sira sakit utawa lagi lelungan (banjur ora pasa), (wajib ngganti) sak akehe dina ( kang dheweke ora pasa iku) ana ing dina-dina liyane. Tumrap wong kang abot nindakake , wajib mbayar fidyah, (yaiku) menehi pangan marang sawijining wong miskin. Sapa kang kanthi lila legawa nindakake kabecikan) iku luwih becik tumrap dheweke lan pasa iku luwih becik tumrap sira menawa sira padha mangerti. (QS Al Baqarah : 184)
Setunggalipun muslim kedah tansah anggadhahi raos tanggel jawab sak lebetipun tugasipun, awit Rasulullah SAW paring sabda :
“Saben diri iku pemimpin lan saben pemimpin bakal disuwuni tanggung jawabe apa kang den pimpin” (HR. Bukhari)
Salah setunggal saking sebab korupsi awit mboten wontenipun tanggel jawab. Pramila menawi nilai tanggel jawab sampun mapan wonten ing jiwanipun manungsa, pramila tindak pidana korupsi saget dipun cegah tebih saderengipun.
- Kerja Keras
Wonten ing setunggalipun hadits ingkang kariwayataken Abu Hurairah, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda:
لَأَنْ يَحْتَطِبَأَحَدُكُمْحُزْمَةًعَلَىظَهْرِهِخَيْرٌلَهُمِنْأَنْيَسْأَلَأَحَدًافَيُعْطِيَهُأَوْيَمْنَعَهُ
“Temen salah sawijining sira kang manggul kayu bakar kanthi gigire iku luwih becik tumrap dheweke tinimbang njejaluk marang sawijining wong, nganti diwenehi utawa ditolak.”
(HR al-Bukhari dan Muslim).
Ibadah siyam mboten pinangka alasan tumrap kita kagem malas-malasan , raos luwe lan ngelak mboten dados pepalang tumrap kita kagem tetep makarya, awit ing wulan Ramadhan kita dipun dhawuhi supados ngathah-athahaken amal. Kados dene tadarus Al Qur’an, shalat tarawih ing wekdal dalu sasampunipun kita nindakaken pakaryan utawi ngupados rizqi.
Pramila sasampunipun kita nglampahi ibadah siyam badhe maujud pribadi pekerja keras, sanes tiyang ingkang remen malas-malasan ingkang tundhonipun remen kanthi margi ingkang gampil kagem nggayuh setunggalipun kesuksesan
- Sederhana
Salah setunggal penyebab korupsi inggih punika Jiwa ingkang serakah dhumateng manungsa .Manungsa kadangkala mboten rumaos cekap dhumateng punapa ingkang dipun gadhahi wonten ing donya, sahingga gedereng kagem nambah malih, sinaosa kesagetanipun cumpen.
Kirangipun raos syukur ugi anggadhahi andil rikalanipun setunggalipun tiyang gadhah sifat serakah kanthi ngalalaken sadengah cara kanthi jabatan lan kewenangan ingkang dipun gadhahi kagem nambah lan numpuk bandha kanthi perilaku korup.
Ramadhan sampun ndidik kita supados prasaja. Rikalanipun wekdal buka siyam sampun dumugi , rikalanipun ngunjuk saha dhahar samadya mawon , kita sampun saget ngraosaken nikmatipun unjukan saha dhaharan kasebat, penggalih kita kagem dhahar ingkang kathah lan werni-werni estunipun namung hawa nafsu.
Pramila siyam mboten namung nahan luwe lang ngelak mawon namung langkung wiyar maknanipun kalebet nglatih sederhana, pasalipun saben tiyang ingkang sami siyam saget nggegulang diri hemat wonten ing sadengah perkawis gegayutan duniawi.
Gegayutan kaliyan pemborosan, Allah SWT paring firman:
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ وَلَا تُطِيْعُوْٓا اَمْرَ الْمُسْرِفِيْنَ ۙ الَّذِيْنَ يُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا يُصْلِحُوْنَ
“Takwa-a lan taatasira marang Allah. Aja sira taat marang printahe wong-wong kang seneng leluwihan, yaiku wong-wong kang tansah nindakake karusakan ing lumahing bumi tanpa gelem ndadani” (As-Syu’araa: 150-152).
Miturut ayat kasebat, tansaya negasaken bilih siyam Ramadhan saget pinangka cara ingkang satrep nggegulang gesang ingkang prasaja lan sacekapipun.
- Peduli
Wonten ing wulan Ramadhan kita sampun dipun didik pinangka pribadi ingkang peduli dhumateng tiyang sanes. Saking Zaid bin Khalid Al-Juhani radhiyallahu ‘anhu, piyambakipun matur bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,
مَنْ فَطَّرَ صَائِمًا كَانَ لَهُ مِثْلُ أَجْرِهِ غَيْرَ أَنَّهُ لاَ يَنْقُصُ مِنْ أَجْرِ الصَّائِمِ شَيْئًا
“Sapa kang paring pangan marang wong kang pasa, mangka tumrap dheweke ganjaran kaya wong kang nindakake pasa mau , tanpa ngurangi ganjarane wong kang pasa iku sethithik wae.” (HR. Tirmidzi no. 807, Ibnu Majah no. 1746, lan Ahmad 5: 192. Al-Hafizh Abu Thahir ngaturaken bilih hadits menika shahih)
Korupsi mujudaken masalah kita sedaya ingkang solusinipun mboten namung mligi KPK lan aparat penegah hukum mawon. Kita mboten cekap dados tiyang ingkang sae kagem dhiri pribadhi ananging kedah peduli dhumateng permasalahan bangsa, awit kados ingkang kaaturaken dening shahabat Ali bin Abi Thalib ra :
“Tumindak ala bakal tansah ana ora amarga akehing wong ala, Anaging amarga menenge wong-wong kang becik”
Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Sampun samesthinipun kita pinangka umat Islam nderek andhil majengaken umat lan bangsa wonten ing sadengah bidang kanthi produktif, sambet sinambet, saha ngleresaken ing ndalem upiya mbrasta korupsi.
Awit Allah SWT sampun paring firman:
كُنْتُمْ خَيْرَ اُمَّةٍ اُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ ۗ …
“Sira (umat Islam) iku umat kang paling becik kang den lahirake kanggo manungsa (selagine) sira mrentahake (tumindak) kang makruf, nyegah kang mungkar, lan iman marang Allah. … “ (QS Ali Imran : 110)
Sumangga kita dadosaken makna taqwa pinangka tengara ewah-ewahan diri kita sakelangkung sae kanthi tuwuhipun nilai-nilai saha sikap anti korupsi ingkang tundhonipun badhe mbeta manfaat lan keberkahan tumrap diri kita, keluarga, masyarakat saha bangsa Indonesia sedayanipun.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِاْلُقْرءَانِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهٗ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ
! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Leave a Reply