Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 26 : Memetri Raos Sabar Saha Syukur

MEMETRI RAOS SABAR SAHA SYUKUR

Muhammad Ihsanuddin, S.Pd., M.Pd

(Biro Pendidikan & Kepesantren DDII Kab. Gunungkidul)

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah

Alhamdulillah, puja miwah pangalembana sumangga tansah kita aturaken dhumateng Allah SWT awit lumunturipun  rahmat saha asihipun ingkang boten wonten watesipun dhumateng kita sedaya. Sumangga sami ngupiya kanthi saestu haningkataken iman saha  takwa kita dhumateng  Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun saha nilaraken ingkang dados awisanipun.

Bab punika ugi wujud saking raos  syukur kita wonten ing suwasana warsa enggal Hijriyah 1443 H saha awit paringipun nikmat sehat kalis saking wabah Covid-19 ingkang wonten ing dinten punika saget kita raosaken sinaosan wonten ing salebetipun  PPKM Level 4, mugi-mugi pacoben punika enggal sumingkir.

Sholawat sumawana salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad SAW kaliyan sedaya keluarga, sahabatipun saha sedaya pendherekipun ngantos akhir zaman. Aamiin.

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah..

Mbok bilih kita asring pitanglet dhateng dhiri pribadhi: “Kinging punapa  Allah tansah paring ujian dhumateng  kita, kamangka  sholat 5 wekdal boten nate  bolong, sholat sunnah ugi sregep , qiyamullail ugi cekapan , kepara taksih katambah kanthi siyam  senin-kamis, shodaqoh lan sapanunggalipun . Ananging kenging punapa ujian ugi boten kendel? Pandemi covid-19 kadlarung-dlarung , kepara PPKM diperpanjang malih”. Atur kados makaten estunipun wujud saking raos sayah kita, awit kirangipun raos  sabar lan syukur.

Prof. Hamka saha Prof. Dr. M. Quraish Shihab ngaturaken  hakikat sabar inggih punika kuwawinipun setunggalipun priyantun ngendhaleni raos-pangraos supados saget jejeg wonten ing salebetipun kawontenan ingkang sae utawi awon.

Miterat pretanganipun para ulama , suraos  sabar ing salebetipun  Al-Qur’an kasebat wonten ing  70 ayat langkung utawi 100 tembung langkung. Punika saget pun pendhet makna bilih raos sabar punika mujudaken perkawis penting ingkang kedah kita gadhahi. Ananging awit ngemuti winatesipun wekdal, badhe kita aturaken mapinten-pinten  ayat Al-Quran ingkang jlentrehaken  kesabaran salebetipun kesaenan saha kesabaran salebetipun piawon.

Firman Allah wonten ing surat Yunus: 109

وَاتَّبِعْ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ وَاصْبِرْ حَتّٰى يَحْكُمَ اللّٰهُ ۚوَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ

Midereka apa kang wus den wahyokake marang sira lan sabara nganti Allah kinen maringake putusane . Panjenengane Allah iku sak becik-becike kang paring putusan

 

Firman Allah wonten ing surat Ar-Ra’d: 22

وَالَّذِيْنَ صَبَرُوا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ رَبِّهِمْ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً وَّيَدْرَءُوْنَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عُقْبَى الدَّارِ

Wong-wong kang padha sabar ngupadi karidhan saka pangerane, jejegake shalat, nginfakake saperangan rezeki kang Ingsun paringake marang dheweke  kanthi sesidheman utawa kanthi  terang-terangan, lan bales tumindak ala kanthi kabecikan, wong-wong kang kaya mangkono iku kang bakal pikoleh papan pungkasan kang becik

Kalih ayat kasebat maringi gegambaran dhumateng kita ingkang supados tansah sabar wonten ing salebetipun amal-amal kesaenan ingkang kita tindakaken. Pinangka tiyang ingkang iman, salebetipun nglampahi punapa ingkang sampun dipun wahyokaken ing salebetipun  Al-Quran, kita kadhawuhan supados sabar ngantos Allah maringaken putusanipun.

Wekdal  pandemi ingkang kedawa-dawa punika boten pikantuk lajeng dadosaken kendo kepara ical pangibadahan kita.  Kita kedah tetep  istiqomah midherek i Al-Quran lan Sunnah kanthi  sabar lan ngiyataken kesabaran, awit Allah temtu badhe paring putusan ingkang paling sae tumrap kita .

Kita kedah tetep ngupados ridho Allah wonten ing salebetipun amaliyah-amaliyah kita, ugi tansah jejegaken shalat sinaosa kathah masjid ingkang dipun tutup kagem umum, nginfakaken saperangan rizki sinaosa  perekonomian nembe anjlok, ugi bales piyawonipun ngasanes kanthi kesaenan ingkang saget kita lampahi sinaosa kita piyambak njih taksih wonten kekiranganipun.

Insya Allah kita yakin kanthi salebetipun manah bilih menawi sedaya punika kita lampahi kanthi  kesabaran, pramila mesthi badhe pikantuk piwales saking Allah ingkang arupi papan wangsul ingkang sae inggih punika swarga.

 

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah..

Gegayutan kaliyan  kesabaran salebetipun piawon , kados ing Firman Allah, Al-Baqarah ayat 155-157:

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ صَلَوٰتٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرَحْمَةٌ ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُهْتَدُوْنَ

“(155)Temen Ingsun bakal paring pacoban marang sira kanthi sethitik rasa wedi lan kaluwen, sudane bandha, jiwa, lan woh-wohan .

Lan paringa kabar gumbira tumrap wong-wong kang padha  sabar;

(156)  (yaiku) wong-wong kang rikalane ketaman musibah, dheweke ngucapake “Innā lillāhi wa innā ilaihi rāji‘ūn” (saestunipun kita punika kagunganipun Allah lan saestunipun namung dhumateng panjenenganipun kita badhe wangsul );

(157)  Dheweke iku kang pikoleh pangapura lan rahmat saka pangerane lan dheweke iku wong kang pikoleh pituduh.

Panggesangan manungsa panci kathah pacoben. Lan  Allah mesthi badhe paring pacoben kagem mangertosi kekiyatan iman setunggalipun tiyang kanthi sekedhik raos ajrih, kaluwen, kekirangn bandha , jiwa, saha woh-wohan.

Wabah Covid-19 taksih dadosaken pawartos ingkang ngajrih-ajrihi sakathahipun tiyang. Isolasi wonten ing pundi-pundi, rumah sakit kebak, oksigen winates, tanggi positif covid, tanggi sanesipun nembe  kritis, sederek piyambak  seda, suanten sirine ambulan siang dalu, pangrukti jenazah antri wonten kuburkan, Gunungkidul pinangka zona merah, PPKM level 4 diperpanjang malih. Kados makaten salajengipun kados-kados boten kendhat pawartos gegayutan  covid-19 boten wonten kendelipun.

Wonten ing kawontenan kados makaten,  kita kedah sabar anggenipun ngadhepi. Lan kabar gumbira tumrap tiyang-tiyang ingkang sami sabar saha tangguh salebetipun ngadhepi pacoben gesang, inggih punika tiyang-tiyang ingkang menawi pikantuk musibah ingkang arupi punapa kemawon ageng utawi alit lajeng ngucap, “Inna lillahi wa inna ilaihi raji’un” (saestunipun kita punika kagunganipun Allah lan namung dhumateng panjenenganipun kita badhe wangsul).

Piyambakipun ngucapaken punika nedahaken anggenipun pasrah sumarah dhumateng  Allah, bilih punapa kemawon ingkang wonten ing alam donya punika sedaya kagunganipun Allah; ugi mratelakaken wontenipun iman dhumateng dinten akhir. Piyambakipun punika tetiyang ingkang badhe pikantuk pangapunten saha rahmat saking Allah, lan piyambakipun punika ugi kalebet ewonipun tiyang-tiyang ingkang pikantuk pitedah sahingga mangertosi perkawis ingkang leres.

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah..

Tiyang-tiyang ingkang sabar saha syukur dhumateng  Allah Azza wa Jalla badhe pikantuk pitedah wiwit donya ngantos dumuginipun akhirat. Miturut para ulama, iman punika kaperang dados kalih ; saperangan punika arupi sabar lan saperangan sanesipun arupi syukur.

Allâh Subhanahu wa Ta’ala jemukaken sabar lan syukur wonten ing salebetipun al-Qur’an, inggih firmanipun:

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِكُلِّ صَبَّارٍ شَكُورٍ

“Temen kang kaya mangkono iku ana  tanda-tanda (kuasaning Allâh) tumrap wong kang tansah sabar lan akeh syukure.”  (Asy-Syûrâ/42:33)

Sabar kaperang dados  tigang werni : (1) Sabar salebetipun nindakaken dhawuh lan ketaatan; (2) Sabar ing ndalem nyegah tumindak dosa lan maksiat; (3) Sabar ing ndalem ngadhepi pacoben ingkang pait (Ibnu Qayyim al-Jauziyah, ‘Uddatus Shâbirîn wa Dzakhîratus Syâkirîn, h.128).

Wondene syukur punika pinangka pokokipun iman, lan dipun bangun wonten sanginggilipun  tigang rukun: (1) Ngakeni wonten ing manah bilih sedaya nikmat Allâh ingkang kaparingaken dening Allah dhumateng piyambakipun saha tiyang sanes hakekatipun sedaya saking Allâh Azza wa Jalla; (2) Ngetawisaken nikmat punika ugi memuji  Allâh Subhanahu wa Ta’ala atas nikmat-nikmat itu; (3) Ginakaken nikmat punika kagem nindakaken  taat dhumateng Allâh Azza wa Jalla saha ngibadah kanthi leres namung dhumateng panjenenganipun (Syaikh ‘Abdurrahman bin Nashir as-Sa’di, al-Qaulus Sadîd fî Maqâshidit Tauhîd, h.140).

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah..

Sabar lan syukur mujudaken perangan sebab tumrap piyambakipun supados saget mendhet manfaat saking ayat-ayat Allâh. Awit iman dipun bangun sanginggilipun  sabar lan syukur. Saestunipun landhesanipun syukur punika tauhid lan landhesanipun sabar inggih punika nilaraken hawa nafsu (Ibnu Qayyim al-Jauziyyah, Fawâ-idul Fawâ-id, h.149, cet. Daar Ibnul Jauzi, th.1417 H).

Kacariyos Rasulullah nate mundhut pirsa dhumateng setunggalipun sahabat “Kepriye kabarira ing esok iki ?” tiyang punika paring jawab, “Sae“. Rasulullah bangsuli pitangletanipun lajeng sahabat kala wau bangsuli jawabanipun, sahingga wonten ing pitangletan ingkang kaping tiga piyambakipun paring jawab, “Sae, sedaya  puji namung kagunganipun Allah Swt lan kula syukur dhateng Panjenenganipun“. Lajeng Rasulullah paring jawab, “Iki kang ingsun karepake saka sira ”.

Kanthi makaten boten wonten alasan tumrap kita boten sabar lan boten syukur sinaosa  dipun klilingi covid-19. Ingkang  sehat, kedah sabar kagem terus makarya nyebar manfaat pinangka  nyukuri  sehatipun. Ingkang nandhang gerah, kedah  sabar nampi pacoben saking Allah lan syukur awit gerahipun pinangka panglebur dosanipun.

Ingkang keluwarganipun wonten ingkang seda ugi kedah sabar lan syukur saha ngiklasaken awit tiyang ingkang seda kenging  thaun / wabah kacatet pinangka seda syahid. Ingkang blanjanipun morat-marit, tetep kedah sabar, mbok bilih punika pemut saking  Allah awit kita sibuk pados arta lajeng kesupen anggenipun ngibadah. Lan raos syukuripun kedah tetep dipun kiyataken ugi awit sedaya punika sampun kersanipun Allah kagem kesaenan kawulanipun.

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah..

Saben wekdal kita kedah syukur awit nikmat ingkang kaparingaken dhumateng kita pinangka kuwajiban kawula dhumateng pangeranipun awit kathahipun nikmat ingkang tanpa pepindhan. Sabar saking mawerni-werni jenisipun pinangka puncak ing ndalem ubudiyah. Bilih sabar pinangka setengah saking iman, lajeng  setengah perangan sanesipun inggih punika syukur. Mugi-mugi wonten ing madyanipun  pandemi punika, kita kalebet  hamba ingkang teguh ing ndalem sikap sabar lan tansah gampil syukur dhumateng Allah Swt awit nikmat-nikmatipun. Kaleresan wekdal punika taksih salebetipun warsa enggal Hijriyah, sumangga kita ngenggalaken saha memetri sabar lan syukur kita sahingga saya  kuat lan ngrembaka katindakaken wonten panggesangan kita saben dintenipun.

Pungkasanipun, sumangga kita sedaya ngathah-athahi dzikir saha doa nyenyuwun dhumateng  Allah kanthi kebaking iman saha keyakinan supados kalis saking sedaya  penyakit, lan wabah punika enggal sirna saking  negari kita punika , ugi sirna saking alam donya. Aamiin.

اللّهُمَّ إِنِّي أَعُوْذُبِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُوْنِ وَالجَذَامِ وَسَيِّئِ الأَسْقَامِ

.بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم

أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم

 

 

Khutbah II :

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*