Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 25 : Griya Ingkang Dipun Berkah Allah

GRIYA INGKANG DIPUN BERKAHI ALLAH

Ustadz Amin Zulhijja

(Biro Dakwah Pedesaan dan Dakwah Khusus DDII Kab. Gunungkidul)

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ, أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

 

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Alhamdulillah sedaya pangalembana kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang taksih gesangaken iman wonten ing salebetipun  diri kita, sahingga kita taksih pinaringan wekdal supados tansah nyelak dhumateng panjenenganipun lumantar amal-amal ketaatan, lan mugi-mugi Allah tansah paring kesabaran sarta istiqomah ingkang supados tansah wonten ing marginipun kesaenan saha margi ingkang leres.

 

Shalawat lan salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng  Nabi Muhammad shalallahu ‘alahi wa salam, dhumateng  keluarga, para sahabat ingkang minulya, para tabi’in lan tabiut tabi’in saha sinten kemawon saking umatipun ingkang tansah sabar midherek saha nindakaken  sunnah-sunnahipun. Mugi-mugi benjang wonten ing dinten kiamat kita dipun akeni pinangka umatipun saha pinaringan  syafa’atipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin

 

Boten kesupen pinangka khatib ngemutaken sumangga tansah ningkataken iman lan takwa kita dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah, kados Firmanipun:

وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰۖ

“Lan sira ngupadiya sangu. Mangka satemene sak becik-becike sangu yaiku Takwa.” (al-Baqarah: 197)

 

Kaum Muslimin Jamaah Shalat Jum’at Rahimakumullah

Salah satunggalipun kabgyan gesang wonten ing donya punika inggih kacekapan  kabetahan primer. Inggih punika rikalanipun kita saget nyekapi kabetahan  pangan, sandang saha papan. Kanthi makaten griya  dados salah setunggalipun  perkawis ingkang kaidham-idhamaken dening saben tiyang . Pramila sumangga sami muji syukur dhumateng Allah ingkang sampun pinaringan griya pinangka papan kagem gesang.

وَقُلْ رَّبِّ اَنْزِلْنِيْ مُنْزَلًا مُّبٰرَكًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْمُنْزِلِيْنَ

Lan ucapna, “Duh Pangeran kula , papakaken kawula wonten ing papan ingkang dipun berkahi , lan Paduka punika sak sae-saenipun ingkang paring papan.” (Qs.al-Mukminun : 29)

 

Griya utawi papan mujudaken perangan ingkang boten saget kapisahaken saking panggesanganipun tiyang. Awit wonten ing griya piyambakipun kalis saking hawa benter saha asrep , utawi papan wangsul rikalanipun kekesahan. Wonten ing griya ugi sedaya anggota keluarga saget nindakaken mapinten-pinten pakaryan. Griya ugi mujudaken papan kagem pembinaan. Griya mujudaken papan ingkang sae kagem nanem bibit kesaenan saha keimanan setunggaling keluarga. Sahingga, boten leluwihan menawi saben-saben tiyang gadhahi pangidham-idham griya ingkang ayem, tentrem supados  nyengkuyung  winujudipun  keluarga  sakinah, inggih punika keluarga ingkang dipun berkahi.

 

Kaum Muslimin jamaah shalat Jum’at rahimakumullah

Griya ingkang dipun berkahi dening Allah inggih punika griya ingkang kebak  kenikmatan lan kebahagiaan awit pikantuk rahmat lan hidayah saking Allah swt. Griya ingkang pinangka swarga (baity jannati = griya kula swarga kula). Lajeng tandha-tandhanipun kados pundi?

 

  1. Tansah kaginakaken kagem ibadah.

Papan ingkang nentremaken kaginakaken pinangka shalat utaminipun shalat sunnah , zikir saha pengaosan pinangka wujud kemaslahatan agami. Griya sasanesipun pinangka papan ibadah ugi papan kawitan ajak-ajak dhumateng shalat jamaah wonten masjid, sedaya anggota keluarga pun emutaken supados jejegaken shalat jamaah supados tambah celak dhumateng Allah swt.

 

  1. Tansah kaginakaken maos Al-Qur’an.

Rasulullah saw paring sabda :”Padhangana omah-omah ira kanthi wacan Al-Qur’an”.

وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْآنِ مَا هُوَ شِفَاءٌ وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ …….

“Lan ingsung turunake Al-Qur’an apa kang pinangka tamba lan rahmat tumrap wong-wong kang padha iman ….”. (QS Al-Isra 82).

 

Rasulullah saw paring sabda: ”Rikalane ngajari anake maca Al-Qur’an, mangka den apura dosane kang uwis-uwis lan kang bakal tumeka. Lan sapa ngajari anake maca Al Quran kanthi apalan, banjur saben anake maca sak ayat , mangka Allah ngangkat sak derajat tumrap bapakne nganti  akhir Al-Qur’an kan diwaca”.

 

  1. Tansah dipun isi kanthi majelis zikir.

Dzikir lan syukur kedah tansah dados perangan pangibadahan dhumateng Allah. Menawi saestu dipun trepaken wonten ing panggesangan bale griya , estu badhe maujud keluarga ingkang sakinah, mawaddah warahmah. Bale griya ingkang pinaringan  cahyaning Ilahi wonten salebetipun manahipun sahingga manah dados tentrem .

فَاذْكُرُونِي أَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوا لِي وَلَا تَكْفُرُونِ

“Elinga sira kabeh marang ingsun temen ingsun bakal eling marang sira kabeh. Lan padha syukura sira kabeh marang ingsun lan aja pisan-pisan padha kufur”. (QS Al-Baqarah 152).

 

Griya ingkang tansah dipun dadosaken papan dzikir bade pinaringan  nur Ilahi tumrap ingkang sami mapan. Cahyanipun katentreman, keharmonisan saha kerukunan.

 

Abu Hurairah ra lan Abu Sa’id r.a. paseksi bilih Rasulullah saw paring sabda, “Ora ana wong kang lungguh dzikir marang Allah saka sawijining kaum kejaba dheweke bakal den klilingi dening para malaikat, den kebaki kanthi rahmat Allah lan den turunake marang dheweke sakinah (ketentreman). Allah tansah nyebut  dheweke ing sapangarepe para makhluk kang ana ing ngarsane. (HR. Ibnu Majah).

 

Kaum Muslimin Jamaah Shalat Jum’at Rahimakumullah

Makaten  khutbah Jumat ingkang gegayutan kaliyan griya ingkang dipun  berkahi Allah ingkang saget kita aturaken wonten ing jumat ingkang minulya punika. Mugi-mugi Allah subhanahu wata’ala tansah gampilaken lampahing manah saha langkah kita ngupadi ridhanipun Allah. Aamiin.

 

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

 

 

Khutbah II :

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*