Khutbah Jum’at Edisi 59 : Nyuceni Jiwa, Raga Lan Bandha Ing Wulan Ramadhan

NYUCENI  JIWA, RAGA LAN BANDHA

ING WULAN RAMADHAN

Ustadz Sumedi, S.Pd., MA

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sedaya Puji lan syukur tansah konjuk dhumateng  Allah SWT awit lumeberipun rahmat saha asihipun ingkang mboten kendat dhumateng kita sedaya. Sumangga kula dalah panjenengan sami tansah ningkataken iman saha taqwa kita dhumateng Allah SWT kanti saestu, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilaraken sedaya ingkang dados awisanipun. Ampun katalumpen ugi sumangga tansah dhedhepe nyenyuwun dhumateng Allah supados kalis saking sedaya rubeda linangkung  ngantos sakmenika Covid-19 taksih pinangka  wabah ing negari kita kepara wonten saindenging

 

bawana. Sholawat ugi salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW sumrambah dhumateng kulawangsa, sahabat saha penderekipun ngantos dumugi  akhir zaman samangkih. Aamiin.

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah

Wekdal punika kita sedaya taksih pinaringan kesempatan nindakaken ibadah shalat  jumat wonten ing Jumat kapisan ing wulan Ramadhan warsa 1443 H ing salebetipun  wabah covid-19.

Ramadhan ing salebetipun wekdal pandemi punika pinangka  nakyinaken lan ngemutaken dhumateng kita sedaya bilih kita punika makhluk ingkang ringkih. Setunggalipun pemut saking KH Rahmad Abdullah rahimahullah bilih “Kita dipun uji dening Allah wonten ing kawontenan ingkang paling ringkih saking diri kita”.

Wekdal punika kita dereng estu-estu nglampahi ewah-ewahan, taksih salebetipun pandemi, tegesipun kita dereng estu-estu dipun lulusaken dening Allah saking pacoben punika. Perkawis punika awit kita dereng estu-estu anggenipun ngadani ewah-ewahan wonten ing gesang kita inggih punika taksih wonten ing salebetipun ringkih iman kita.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۗ وَاِذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِقَوْمٍ سُوْۤءًا فَلَا مَرَدَّ لَهٗ ۚوَمَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّالٍ

Artosipun: “Satemene Allah ora bakal ngowahi kahanan sawijining kaum nganti dheweke padha ngowahi apa kang ana ing diri pribadine. Menawa Allah ngersakake piawon marang sawijining kaum, ora bakal ana kang bisa nulak, lan ora ana kang bisa ngreksa tumrap dheweke kejaba  mung Panjenengane (Allah)” (QS. Ar Ra’d: 11).

Setunggalipun cara ingkang kawawas cespleng kagem nyegah sumebaripun corona (sanesipun vaksin) inggih punika kanthi mugen nindakaken tata cara /protokol kesehatan. Kasunyatan kita dereng ewah anggenipun saestu mugen ing salebetipun gesang ingkang resik. Kita dereng nglampahi  protokol kesehatan kados denten ingkang dipun anjuraken medis kagem nyegah nularipun Covid-19. Kamangaka perkawis kebersihan estu dipun anjuraken ing dalem agami Islam kados  sabda Rasulullah SAW;

عَنْ سَعْدِبْنِ اَبِى وَقَّاصٍ عَنْ اَبِيْهِ عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اِنَّ اللهَ طَيِّبٌ يُحِبُّ الطَّيِّبَ نَظِيْفٌ يُحِبُّ النَّظَافَةَ كَرِيْمٌ يُحِبُّ الْكَرَمَ جَوَادٌيُحِبُّ الْجَوَادَفَنَظِّفُوْااَفْنَيْتَكُمْ

Artosipun: “Saking Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam: Satemene  Allah SWT iku becik kang remen marang perkara-perkara kang becik, Panjenengane Allah iku Maha suci lan remen marang perkara kang suci, Pajenengane Allah iku Maha Mulya lan remen marang kamulyan, Panjenengane Allah iku Maha Endah kang remen marang kaendahan, mula iku resikana papan-papanira.” (HR. Tirmizi).

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah..

Ujian saking Allah ingkang arupi pandemi Covid-19 sampun nggorehaken tatanan panggesanganipun manungsa wonten ing saindenging panggesanganipun. Pakulinten gesang ingkang sarwo resik utawi protokol kesehatan mujudaken SOP (Standard Operating Procedur) ingkang asring dipun biawarakaken wonten ing sadengah panggenan.

Piwucal agami Islam ngengingi perkawis punika sampun dangu sanget dipun aturaken. Mbok bilih piwucal punika namung winates dipun pahami utawi dipun imani kewala tanpa dipun resepi utawi pun trepaken wonten ing panggesanganipun, ingkang akhiripun Allah paring piwucal dhumateng kita lumantar makhlukipun ingkang sanget alitipun kepara boten saget kadulu dening netra inggih ingkang kasebat Virus Corona.

Sumangga kita resepi malih punapa ingkang sampun dipun dhawuhaken dening  Rasulullah SAW;

 مَرْحَبًا بِالمُطَهِّرْ

 “Rahayu, he wong kang pada nyuceni.”

Ukara punika  ingkang asring kasebat dening  Rasulullah SAW rikalanipun dhateng wulan Ramadhan. Para sahabat sami pitanglet, “sinten tiyang ingkang nyuceni punika duh Rasulullah?” Kanjeng Rasul paring jawaban, “Wong kang nyuceni iku yaiku wulan Ramadhan, dheweke nyuceni kita kabeh saka dosa lan maksiat.”

Wonten pangandikan salajengipun, Rasulullah paling mboten nyebat tigang ibadah ingkang saestu pikantuk kawigatosan inggih punika: siyam, qiyamullail (sholat dalu) paring dhahar dhumateng tiyang ingkang siyam (sedekah).

Tigang perkawis kala wau sampun mujudaken lampah nyuceni wonten ing tigang perkawis ugi, inggih punika nyuceni  lahiriah, batiniyah, ugi nyuceni dhumateng bandha. Saestu jangkep lan paripurna piwucal agami Islam ingkang mapanaken sesuci  kanthi cara  “integratif-komprehensif” basa menterengipun, mboten namung nyuceni sarira namung ugi nyuceni bandha.

Jama’ah Sholat Jumat Rohimakumullah..

Siyam pinangka wujud ibadah wajib ingkang menawi katiti cara medhis sampun kabukten bilih ndadosaken badan langkung sehat awit wonten  lampah bucal saha ngresiki unsur racun lan perkawis ingkang  boten manfaati ing salebetipun badan. Kepara siyam kasebat gadhahi pengaruh ingkang sae tumrap kesehatan  jiwa/psikhis.

Qiyamullail mujudaken pangibadahan ingkang saestu anggadhahi kekiyatan lan kautamen ingkang agung. Rasulullah SAW kepara saestu anggenipun paring dhawuh dhumateng umatipun supados tansah njejegaken shalat dalu. Prayoga sira padha njejegake shalat wengi/qiyamullail awit salat wengi iku mujudake kebiasaane wong-wong kang  sholih sadurungira. Shalat wengi uga bisa ndadekake  sira parek ing Pangeranira, panglebur kaluputan, mepalangi dosa lan ngrempeli lelara saka awak (HR Ahmad dan Tirmidzi). Lan wonten ing wulan  Ramadhan bilih sholat Tarawih sampun lumebet ing perangan punika.

Amalan Ramadhan ingkang estu wigatos ugi inggih punika sedekah paring dhahar dhumateng tiyang ingkang nindakaken siyam. Sedhekah saget ngresiki bandha. Bab punika satrep kaliyan  hadits no.2588 riwayat Muslim, “Sedekah ora bakal nyuda banda”.

Jamaah Sholat Jumat Rohimakumullah.

Sumangga kita dadosaken Ramadhan ing wekdal punika estu-estu kita dadosaken wulan perubahan tumuju ketaqwaan kanthi nindakaken ibadah-ibadah ingkang wonten kanthi saksae-saenipun. Kanthi makaten ing pangajab badhe maujud panggesangan ingkang resik, boten namung winates dipun pahami lan dipun imani, ananging ngantos katindakaken. Inggih suci, jiwa, raga lan bandha.

Pinangka cecala, ing kawontenan  pandemi Covid 19 ingkang nembe dados wabah punika, sumangga kita kathahi anggenipun dzikir, dedonga lan munajat dhumateng Allah kanthi kebak iman lan keyakinan supados kalis saking sedaya sesakit lan wabah punika enggal-enggal ical saking negari kita punika, lan kasingkiraken dening Allah saking bumi punika. Aamiin.

اللّهُمَّ إِنِّي أَعُوْذُبِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُوْنِ وَالجَذَامِ وَسَيِّئِ الأَسْقَامِ

Dhuh Allah, kawula nyuwun reksa dhumateng Paduka saking sesakit  baros, saking ewah, saking sesakit kulit ugi saking sadengah sesakit ingkang awon ”. (HR. Muslim)

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

 

Khutbah II

الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛

فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى :  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَـنَا  مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*