NULADANI KESABARANIPUN
NABI MUHAMMAD SAW
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ لَكَ الْحَمْدُ عَلَى نِعْمَةِ الْإِسْلَامِ وَاْلِايْمَانِ. وَلَكَ الْحَمْدُ أَنْ جَعَلْتَنَا مِنْ أُمَّةِ مُحَمَّدٍ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
كُنْتُمْ خَيْرَ اُمَّةٍ اُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ ۗ وَلَوْ اٰمَنَ اَهْلُ الْكِتٰبِ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ ۗ مِنْهُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ وَاَكْثَرُهُمُ الْفٰسِقُوْنَ
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Alhamdulillah Sedaya pangalembana saha raos syukur tansah kita aturaken dhumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang tansah paring Rahmat saha asihipun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kita.Shalawat saha salam tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW tuwin sedaya kulawarga, shahabat saha sedaya pendherekipun ngantos akhir zaman samangkih. Aamiin.
Semanten ugi sumangga kanthi saestu kita tingkataken iman saha taqwa kita dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun saha nilaraken sedaya awisanipun
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Saben dinten kula lan panjenengan sami tansah sesrawungan kalian tiyang sanes, sae wonten ing keluwarga, tangga tepalih, pedamelan, ngantos sesrawungan ingkang sakelangkung wiyar.
Priyantunipun ugi mawerni-werni saha benten-benten menggah agami, budaya, ngantos yuswa saking ingkang mudha ngantos ingkang sampun sepuh. Benten ugi menggah lageyanipun, pengalamanipun saha pangertosanipun.
Kanthi makaten kadhang kalanipun wonten ingkang cengkah kepara benten kaliyan pemanggih kita linangkung wonten ingkang mbadal saking wewaleripun agami.
Allah sampun paring firman wonten ing Surah Al A’rah:199 :
خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَاَعْرِضْ عَنِ الْجٰهِلِيْنَ
“Dadiya pemaaf, dhawuhna (wong-wong) ana ing kabecikan, lan mungkura sira saka wong-wong kang bodho” ( Al A’raf:199).
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Menawi saben-saben perkawis kita tanggapi kanthi regejegan punapa malih saben dinten mesthi wonten perkawis, temtu kemawon gesang kita badhe boten jenjem boten saget tentrem. Pramila kanthi firmanipun Allah kasebat sampun cetha sanget bilih wonten ing madyaning panggesangan kedah saget nata manah saha pinter ngendhaleni amarah.
Menawi gadhah bala utawi rencang ingkang kathah ampun dipun ajak dhumateng perkawis ingkang awon, kepara dhipun ajak utawi dipun dhawuhi tumindak kesaenan. Dene kepanggih tiyang-tiyang ingkang bodho/jahil kita kapurih mengkeraken boten perlu dipun tanggapi supados boten sulaya utawi kepara nuwuhaken piawon.
Perkawis punika ginambar wonten ing salebetipun Hadits ingkang kariwayataken dening Aisyah radhiallahu ‘anha, bilih panjenenganipun matur dhumateng Kanjeng Nabi s.a.w.:
“Napa nate wonten setunggalipun dinten ingkang paduka raosaken saklangkung sisah tinimbang rikalanipun paperangan Uhud?” Kanjeng Nabi Sabda: “Iya ana, ingsun temen-temen nate mrangguli prastawa kang gawat saka kaum ira. Sawijining perkara kang ingsun adhepi paling abot banget nyusahake saka dheweke yaiku ing dina ‘Aqabah.
Rikalane aku nawakake supaya pikoleh panyengkuyung marang Ibnu Abdi Jalil bin Aban Kulal salah sawijining penggedhe ana ing laladan Thaif ananging dheweke ora ngabulake kang dadi kersaku. Sabanjure aku banjur tindak maneh ing kahanan sedhih, kang ketara ing pasuryanku.
Aku ora krasa ing kahanan kaya mangkono kejaba sawise tumeka ing Qarnuts Tsa’alib. Banjur aku dangakake sirahku dumadakan ketara ana mendhung kang nglayungi aku. Dumadakan aku weruh ing dhuwur ketara ana Malaikat Jibril Alaihis-salam.
Dheweke ndangu aku banjur matur: “Saestunipun Allah Ta’ala sampun midanget punapa ingkang pun aturaken umat paduka dhumateng Paduka saha kadospundi piyambakipun nampik panyuwunan Paduka. Allah samenika ngutus kagem Paduka malaikat ingkang ngreksa gunung-gunung supados Paduka dhawuh punapa sakersa Paduka.”
Sabanjure malaikat kang ngreksa gunung-gunung iku ndangu marang aku, banjur uluk salam lan matur: “Duh Kanjeng Nabi Muhammad, saestunipun Allah sampun midanget punapa ingkang dipun aturaken umat Paduka dhumateng Paduka lan kawula punika malaikat ingkang ngreksa gunung-gunung. Allah ngutus kawula dhumateng Paduka supados Paduka dhawuh dhumateng kawula lan kawula badhe nderek dhawuh Paduka. Menawi Paduka kersa, kepara menawi paduka ngersakaken, badhe kula tumpes kaum Paduka kanthi kalih gunung punika?”
Nabi s.a.w. lajeng Sabda: “Kepara aku ngarep-arep kang supaya Allah ngedalake saka keturunane umatku wong kang padha seneng manembah marang Allah kang Maha Tunggal lan ora nyekutokake sawijining perkara marang Panjenengane.” (Muttafaq ‘alaih)
Jamaah Shalat Jumat ingkang dipun Rahmati Allah,
Saking suraos Hadits kasebat saestu kita saget methik hikmah bilih Kanjeng Nabi punika utusanipun Allah ingkang saestu linangkung menggah kesabaranipun. Temtu kemawon ingkang supados dipun tuladhani ugi dening kita sedaya pinangka umatipun. Kados pundi tiyang-tiyang Thaif anggenipun ngina kepara mulasara dhumateng Kanjeng Nabi, boten namung waspa ingkang tumetes kepara rahipun kanjeng Nabi ingkang dados seksi.
Ewa semanten raos asihipun Kanjeng Nabi sakelangkung ageng sahengga panyuwunipun malaikat ingkang jagi gunung boten dipun tampi kepara Kanjeng Nabi lajeng nyuwun dhumateng Allah supados anak keturunanipun tiyang-tiyang Thaif dados tiyang-tiyang ingkang sami iman saha purun manembah sujud namung dhumateng Allah boten dhateng brahala utawi sanesipun.
Kathah sanget hadits ingkang nyariyosaken menggah kesabaranipun Rasulullah ngadhepi umatipun ingkang jahil, ewo semanten kathah ugi hadits ingkang nyariyosaken kanjeng Nabi badhe duka rikalanipun syariatipun Allah dipun langgar. Kanthi makaten kita kedah saget bentenaken perkawis punika gegayutan kaliyan pribadhi utami gegayutan kaliyan agami.
أقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيمَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتغْفِرُوهُ يَغْفِرْ لَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ إِنَّهُ هُوَ البَرُّ الكَرِيْمُ.
Khutbah II
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، أشْهَدُ أنْ لاَ إِلٰه إلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ الْاَحْيَآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اللّٰهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلَامَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللَّهُمَّ رُدَّ شَبَابَ الْمُسْلِمِيْنَ وَفَتَيَاتِهِ إِلَى دِيْنِكَ رُدًّا جَمِيْلًا. اَللَّهُمَّ ارْزُقْ شَبَابَ الْمُسْلِمِيْنَ التَّقْوَى، وَعَلِّمْهُمُ الرِّضَا، وَأَعِنْهُمْ عَلَى طَاعَتِكَ. اَللَّهُمَّ أَيْقِظْ شَبَابَنَا مِنَ الْغَفْلَةِ، وَأَخْرِجْهُمْ مِنْ وَحْلِ الرَّذِيْلَةِ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَلْهِمْهُمْ مَحَبَّتَكَ، وَالرِّضَا بِقَضَائِكَ. اَللَّهُمَّ جَنِّبْنَا الْفِتَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَجَنِّبْنَا مُصَارِعَ السُّوْءِ. اَللَّهُمَّ إِنَّ نُفُوْسَنَا إِلَيْكَ رَاجِعَةٌ، فَاغْفِرْ لَنَا مَغْفِرَةً وَاسِعَةً، وَارْحَمْنَا رَحْمَةً نَافِعَةً.
اَللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّكَ أَنْتَ اللهُ، لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ الْمَنَّانُ، بَدِيْعُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ، يَا ذَا الْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ، اَللَّهُمَّ انْصُرِ الْمُجَاهِدِيْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ مَكَانٍ، اَللَّهُمَّ انْصُرْهُمْ نَصْرًا مُؤَزَّرًا، اَللَّهُمَّ ارْبِطْ عَلَى قُلُوْبِهِمْ، وَثَبِّتْ أَقْدَامَهُمْ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ



Leave a Reply