ALASANIPUN PEDULI DHATENG PALESTINA
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ingkang kawitan lan utami sumangga kita ngaturaken puji lan syukur dhumateng Allah SWT ingkang taksih kepareng paring nikmat saha kanugrahanipun dhumateng kita sahingga wonten ing titi laksana siang punika kita taksih saget nindakaken Shalat Jum’at wonten kawontenan sehat wal ‘afiat tanpa rubeda setunggal punapa.
Shalawat sarta salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng keluarga, para sahabat saha umatipun ngantos dumugi akhir zaman, kanthi pangajap mugi-mugi kita pikantuk syafa’atipun benjang wonten ing dinten kiamat.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wekdal punika kathah pakempalan lan organisasi wonten ing negari kita ingkang ndherek prihatos dhumateng prastawa ing Palestina sahingga ndherek ngempalaken werdana kagem warga Palestina. Perang Palestina lan Israel ngantos sakmenika dereng pari purna. Kita asring midanget pitangletan “Kinging punapa kedah bela Palestina?” sae wonten ing media sosial, forum diskusi utawi wonten panggesangan ing masyarakat. Kepara wonten ugi ingkang namung kendel lan nganggep bilih perkawis punika mboten penting. Kepara wonten sadengah pakempalan saha oknum ingkang matur supados mboten caos biyantu dhumateng warga Palestina kanthi alasan “kagem punapa kita biyantu Palestina kamangka negeri kita piyambak taksih kathah ingkang mbetahaken?”.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kawontenan negari Indonesia lan Palestina wekdal punika mboten sami. Warga Indonesia saget ngraosaken damai, ngupados rezeki, piknik kepara mlampah-mlampah wonten mall. Ananging bab punika mboten dipun raosaken dening warga Palestina.
Palestina nggadhahi Sejarah ingkang Panjang ingkang gegayutan kaliyan agami-agami ingkang wonten ing Donya punika sahingga ndadosaken raos ingkang benten wonten ing salebetipun manahipun tiyang Mukmin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wonten mapinten-pinten alasan kenging punapa kita kedah bela saha tresna dhumateng negari Palestina:
Sepisan, wonten ing mrika pinanggih Masjid al-Aqsha, masjid paling sepuh sasampunipun Masjid al-Haram.
Dipun bangun kawitan dening Nabi Adam AS sekawan dasa warsa sasampunipun mbangun Masjid al-Haram.
Kalih, Masjid al-Aqsha ingkang wonten ing kitha Baitul Maqdis Palestina, nate dados kiblat shalat sedangunipun pitulas wulan sasampunipun Rasulullah SAW hijrah saking Makkah dhumateng Madinah.
Tiga, Masjid al-Aqsha ingkang wonten ing kitha Baitul Maqdis Palestina pinangka pungkasanipun lampah Isra’ saha titik awal lampah Mi’raj.
Isra’ lan Mi’raj inggih punika salah setunggal mukjizat ingkang agung dening Allah dipun paringaken dhumateng Baginda Rasulullah SAW. Wonten ing mrika Baginda Nabi nindakaken shalat jamaah ngimami sedaya nabi lan rasul, wiwit Nabi Adam AS ngantos Nabi ‘Isa AS.
Sekawan, Palestina mujudaken negeri para nabi lan rasul.
Kathah sanget para nabi lan rasul ingkang nate lenggah lan dhakwah nyebaraken agami ing mrika. Antawisipun Nabi Ibrahim, Nabi Ya’qub, Nabi Yusuf, Nabi Luth, Nabi Dawud, Nabi Sulaiman, Nabi Zakariyya, Nabi Yahya, Nabi ‘Isa saha nabi-nabi ingkang dipun utus dening Allah kagem Bani Israil ingkang gunggungipun sakelangkung kathah.
Gangsal, wonten mrika wonten Kitha Baitul Maqdis, ardhul mahsyar wal mansyar, papan dipun kempalaken sedaya manungsa nyelaki dinten kiamat ingkang taksih gesang wekdal punika.
Enem, ing mrika Dajjal badhe dipun perjaya dening Nabi ‘Isa ‘alaihissalam.
Pitu, Palestina pinangka perangan negeri Syam ingkang dipun dongakaken berkah dening Baginda Rasulullah SAW wonten donipun:
اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي شَامِنَا وَفِي يَمَنِنَا
“Duh Allah, mugi paduka paring berkah dhumateng negeri Syam lan Yaman.”
Sahingga Palestina pinangka perangan saking negeri Syam ingkang tansah dipun doakaken dening Rasulullah SAW, Pramila kita mboten pikantuk lajeng nglirwakaken Palestina.
Wolu, kathah para shahabat ingkang nate dakwah, nyebaraken saha ngajaraken Islam ing mrika .
Para shahabat kasebat antawisipun inggih ‘Ubadah bin ash Shamit, Syaddad bin Aus, Usamah bin Zaid bin Haritsah, Mas’ud bin Aus lan taksih kathah sanesipun.
Sanga , Palestina sampun nglairaken kathah ulama saha tokoh-tokoh Islam ingkang misuwur ingkang berkhidmah kagem Islam.
Saweneh saking para ulama ingkang lahir utawi nate lenggah wonten ing Palestina inggih punika Imam Malik bin Dinar, Imam Sufyan ats-Tsauri, Imam Ibnu Syihab az-Zuhri, Imam asy-Syafi’i, saha sanes-sanesipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Pramila Sultan Mahmud Nuruddin Zanki nate pangandikan ingkang masyhur: “Aku lingsem marang Allah kanggo mesem kamangka Baitul Maqdis isih kahanan dijajah.”
Sultan Abdul Hamid II nate ngendika ugi : “Aku ora bakal ngedol senajan sekilan saka bumi Palestina.”
Panjenenganipun ngendika kanthi tegas lan perbawa rikalanipun nolak sogokan arta ingkang kerta ajinipun ageng saking tiyang-tiyang Zionis Yahudi ingkang pingin mapan wonten ing saperangan bumi Palestina.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mboten kawon kawentaripun Sultan Shalahuddun al-Ayyubi. Ingkang awit raos tresnanipun dhumateng bumi Palestina, wonten ing 27 Rajab 583 H, panjenenganipun saget mbebasaken Baitul Maqdis, Palestina.
Rikalanipun pingin mbebasaken Baitul Maqdis, Sultan Shalahuddin al-Ayyubi mboten lajeng nyiapaken tentara lan piranti perang. Ananging langkung rumiyin manunggalaken umat Islam ing ndalem setunggal ikatan aqidah ingkang leres , inggih punika aqidah Ahlussunnah wal Jama’ah.
Miturut panjenenganipun, nungilipun aqidah badhe nglairaken manunggalipun manah. Manunggalipun manah antawisipun umat Islam pinangka kekiyatan ingkang dahsyat ingkang mboten saget dipun kawonaken dening sinten kemawon. Setunggalipun upiya kagem mujudaken babagan punika, panjenenganipun ndhawuhaken sedaya muadzin ing sedaya laladan ingkang dipun kuwaosi supados ngumendhangaken aqidah Asy’ariyyah saben dinten sekedhap saderengipun adzan shubuh.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Dhukungan Indonesia dhumateng Palestina paling mboten wonten tigang perkawis pinangka landasan pokok. Sepisan dhukungan dhumateng Palestina Pinangka amanat konstitusi, kalih utang sejarah, lan kaping tiga pinangka solidaritas negara dunia ketiga.
Amanat Konstitusi kasebat kaweca wonten ing pembukaan UUD 1945 ingka suraosipun, “Bahwa sesungguhnya kemerdekaan itu adalah hak segala bangsa dan oleh sebab itu maka penjajahan di atas dunia harus dihapuskan karena tidak sesuai dengan peri kemanusiaan dan peri keadilan”.
Sanesipun punika, tujuan nasional Indonesia ugi kaweca wonten ing kalimat pembukaan UUD 1945 alinea kaping sekawan ingkang suraosipun, “melaksanakan ketertiban dunia yang berdasarkan kemerdekaan, perdamaian abadi dan keadilan sosial.”
Miturut catetan sejarah Palestina ugi mujudaken salah setunggalipun negari ingkang kawitan ngakeni kamardikan Indonesia pramila dhukungan Indonesia dhumateng Palestina sampun samesthinipun / keniscayaan.
Menapa ingkang saget kita lampahi kagem sedherek-sedherek kita ing Palestina? Menawi kanthi jihad secara langsung nglawan penjajah israel temtu kita mboten saget. Ingakang saget katindakaken inggih punika caos bantuan arupi werdana saha pandonga dhumateng Allah SWT pinangka wujud tresna kita dhumateng sedherek sesami iman wonten ing Palestina.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Mugi-mugi kita sedaya enggal pinaringan kesadaran bilih Al Aqso lan Al Quds Palestina pinangka tanggel jawab kita sedaya pinangka umat Islam. Lan mugi Allah maringi kemenangan dhumateng sedherek kita ingkang sapunika katemben berjuang ngusir penjajah. Aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصلُّونَ عَلى النَّبىِّ يَأَيهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صلُّوا عَلَيْهِ وَ سلِّمُوا تَسلِيماً
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِوَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اَللهُمَّرَبَّنَا ظلمناأَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَالْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَاصِغَارًا
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّاِ وَقِنَا عَذَابَالنَّار,وَقِنَاعَذَابَ النَّارِ,سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
عِبَادَاللهِ.إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِوَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْلَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Leave a Reply