ISLAM AGAMI DAMAI
Arif Munasir
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah
Alhamdulillah, puji syukur mangga sareng-sareng kita aturaken dhumateng Allah SWT, Shalawat sarta salam mugi tansah konjuk dhumateng Rasulullah Muhammad SAW, keluarga, para sahabat lan dhumateng sedaya umatipun, Aamiiin.
Sak lajengipun mangga kita tansah usaha ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, kanthi usaha nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun ingkang supados kita samangkeh kalebet golongan tiyang ingkang Taqwa.
Jamaah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah SWT
Agami Islam inggih punika agami ingkang ngajaraken gesang ingkang rukun tansah sih sinisihan. Suraos Islam piyambak punika saking ukara “aslama” ingkang ngemu teges nyerahaken dirinipun dhumateng Allah SWT. Artosipun tiyang muslim punika tiyang ingkang nyerahaken samukawisipun dhumateng Allah SWT, taat lan patuh dhumateng sedaya dhawuh lan nebihi awisanipun. Salah satunggaling ajaran utami Islam inggih punika rahmatan lil’alamin, ingkang maksudipun rahmat kagem sedaya alam.
Islam ngajaraken umatipun supados gesang ingkang sayuk, damai saha rukun kaliyan sedaya makhluk ciptaanipun Allah SWT, sae sesami manungsa, kewan, lan tetaneman.
Al-Qur’an kathah sanget paring pitutur ngengingi gesang ingkang damai. Kados ingkang dipun sebataken wontening Al-Qur’an Surat Al Anfaal ayat61 :
۞وَإِن جَنَحُواْ لِلسَّلۡمِ فَٱجۡنَحۡ لَهَا وَتَوَكَّلۡ عَلَى ٱللَّهِۚ إِنَّهُۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ
Artosipun; ” Dene menawa wong-wong kafir pada ngajak rukun, turutana aja khawatir sira mung pasraha marang Allah, saktemene Allah iku Maha Midanget sarta Maha Ngudaneni.”
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah
Miturut Buya Hamka wonten ing kitab Tafsir Al-Azhar, pokok saking ayat punika dados bukti bilih perang punika sanes tujuan. Menawi mengsah ngajak rukun, ,kedahipun dipun udaneni. Ayat punika paring pitedah bilih Islam punika agami rahmatanlil ‘alamin, inggih punika agami ingkang mbeta rahmat lan katresnan dhumateng sedaya umat manungsa. Kanthi punika, umat muslim kedah nyebaraken kedamaian saha katresnan dhumateng sedaya umat manungsa, tanpa mirsani agami, ras, dan suku.
وَإِنِ ٱمۡرَأَةٌ خَافَتۡ مِنۢ بَعۡلِهَا نُشُوزًا أَوۡ إِعۡرَاضٗا فَلَا جُنَاحَ عَلَيۡهِمَآ أَن يُصۡلِحَا بَيۡنَهُمَا صُلۡحٗاۚ وَٱلصُّلۡحُ خَيۡرٞۗ وَأُحۡضِرَتِ ٱلۡأَنفُسُ ٱلشُّحَّۚ وَإِن تُحۡسِنُواْ وَتَتَّقُواْ فَإِنَّ ٱللَّهَ كَانَ بِمَا تَعۡمَلُونَ خَبِيرٗا
.Artosipun; ” Menawa ana sawijining wanita kuwatir (kedadeyan) saka bojone (yen nganti kelakon) deweke dikebonake utawa disingkur dening bojone, ora ana pakewuhe yen wong sak kloron mau banjur padha rukun (utawa pegatan klawan becik. Dene kang luwih becik bali rukun maneh. Nanging atine manungsa iku awatak medhit, dene yen sira padha gawe becik sarta padha bekti marang Allah, mangertiya yen saktemene Allah iku Maha Waspada marang samubarang kang sira tindakake“. [Q.S An-Nisa [4] : 128].
Saking ayat punika ketingal bilih njagi kerukunan wonten ing ajaran Islam satunggaling perkawis ingkang dipun anjuraken.
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat yang dirahmati Allah
Sejatosipun, Islam ngajaraken umatipun supados ngutamekaken perdamaian nalikanipun wonten perkawis ingkang kedah dipun rampitaken inggih punika mawi dialog utawi perundingan. Perang namung saget dipun lampahi menawi sampun mboten wonten upiya sanes lan upaya jalan damai cabar. Terangipun, Islam ugi paring piwucal dhumateng umatipun supados jagi hak-hak asasi manungsa, kalebet ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang benten-benten agami utawi keyakinan.Umat Islam dipun anjuraken supados gesang berdampingan kaliyan tiyang sanes senajan benten agami utawi keyakinan.
Kejawi saking punika wonten ing Q.S al Maidah [5] ayat 32 kababar bilih Allah punika murka dhumateng tumidak wengis kanthi ancaman naraka jahannam.
Conto : tiyang ingkang merjaya tiyang sanes punika mlebet lampah dosa ingkang ageng ingkang dipun ancam dening Allah naraka jahannam, awit merjaya tiyang sanes punika kalebet pelanggaran hak sesami manungsa. Allah SWT nyipta-aken manungsa punika kanthi sak sae-saenipun rupi lan maringi mapinten-pinten nikmat, kalebet ing antawisipun inggih punika hak gesang. Wonten ing ayat punika ugi jelasaken bilih njagi sesami manungsa punika satulanggaling lampah ingkang mulya lan badhe pikantuk ganjaran ingkang ageng. Punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Allah Swt,
مِنۡ أَجۡلِ ذَٰلِكَ كَتَبۡنَا عَلَىٰ بَنِيٓ إِسۡرَٰٓءِيلَ أَنَّهُۥ مَن قَتَلَ نَفۡسَۢا بِغَيۡرِ نَفۡسٍ أَوۡ فَسَادٖ فِي ٱلۡأَرۡضِ فَكَأَنَّمَا قَتَلَ ٱلنَّاسَ جَمِيعٗا وَمَنۡ أَحۡيَاهَا فَكَأَنَّمَآ أَحۡيَا ٱلنَّاسَ جَمِيعٗاۚ وَلَقَدۡ جَآءَتۡهُمۡ رُسُلُنَا بِٱلۡبَيِّنَٰتِ ثُمَّ إِنَّ كَثِيرٗا مِّنۡهُم بَعۡدَ ذَٰلِكَ فِي ٱلۡأَرۡضِ لَمُسۡرِفُونَ
Artinya: “Awit saka panggawene putrane Nabi Adam anggone mateni sedulure mau, mulane Ingsung nemtokake marang wong Bani Israil padha Ingsun paringi hukum/pranatan, sing sapa mateni wong kang tanpa dosa utawa gawe rusak ing bumi, dosane prasasat mateni wong sak jagat kabeh. Dene sing sapa nguripi wong (nyegah wong kang arep mateni wong tanpa dosa) iku kautamane prasasat nguripi wong sak jagad kabeh. Wong bani Israil kabeh wis karawuhan para utusaningsun kanthi tandha yekti pirang-pirang. Sawise ketekan tondho yekti wong Bani Israil mau kang akeh banjur padha ngliwati wates gawe tumindak ala ana ing bumi. (Q.S al Maidah [5]: 32)
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat yang dirahmati Allah
Ingkang pungkasan bilih peperangan punika sanes tujuan utama saking dakwah Rasulullah, dakwah Islam langkung ngutamekaken cara-cara ingkang sae lan kanthi suri teladan ingkang sae. Sak lajengipun kita nyenyuwun dhumateng Allah SWT mugi-mugi konflik ingkang kedadosan wonten ing Palestina inggal pikantuk margi pedhamen sahingga mboten kathah korban ingkang kecalan nyawa sahingga Rakyat Palestina saget pikantuk hak-hakipun dados negari ingkang merdeka lepas saking penjajahan Israil, aamiin ya rabbal ‘alamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصلُّونَ عَلى النَّبىِّ يَأَيهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صلُّوا عَلَيْهِ وَ سلِّمُوا تَسلِيماً
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِوَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اَللهُمَّرَبَّنَا ظلمناأَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَالْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَاصِغَارًا
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّاِ وَقِنَا عَذَابَالنَّار,وَقِنَاعَذَابَ النَّارِ,سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
عِبَادَاللهِ.إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِوَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْلَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Leave a Reply