Edisi 157 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Sekawan Golongan Manungsa Ingkang Kalis Saking Siksanipun Naraka

SEKAWAN GOLONGAN MANUNGSA

INGKANG KALIS SAKING SIKSANIPUN NARAKA

Ustadz Arif Munasir

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

أَمَّا بَعْدُ

Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,

Ingkang sepisan saha ingkang paling utami sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng  Allah SWT awit mapinten-pinten paringipun nikmat, rahmat, taufik saha hidayahipun dhumateng kita kanthi sedaya wau mugi kita tansaya celak dhumateng Allah SWT. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng uswatun hasanah kita Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng keluarga, para sahabat ngantos umatipun ingkang tansah ngupiya ndherek dhumateng sunnah-sunnahipun.

Salajengipun sumagga kita tansah nambahi raos iman sah takwa dhumateng Allah kanthi nindakaken sedaya ingkang kadhawuhaken saha nebihi ingkang dados pepacuhipun.

Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,

Sampun jamak limrahipun sasampunipun kita nindakaken shalat lajeng ndedonga dhumateng Allah nyuwun kabagyan donya saha akhirat  kados ingkang kaweca wonten ing Al Qur’an Surat Al Baqarah ayat 102 :

…. رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Artosipun :  “Duh Allah mugi paduka paring dhumateng kita kesaenan ing donya saha kesaenan ing akhirat lan mugi paduka nebihaken kita saking siksanipun naraka”.

Napa kemawon upiya ingkang saget kita tindakaken supados kalis saking siksa naraka? Rasulullah Muhammad ﷺ sampun paring pirsa ngengingi tiyang-tiyang utawi golongan ingkang badhe dipun singkiraken saking siksa naraka kados ingkang kaandharaken wonten ing hadits shahih ingkang kariwayataken dening Imam Ahmad ing ndalem musnadipun  Juz 7 kaca 53:

حُرِّمَ عَلَى النَّارِ كُلُّ هَيِّنٍ لَيِّنٍ سَهْلٍ قَرِيبٍ مِنَ النَّاسِ

 “Den haramake saka genine naraka, tumrap wong kang andhap asor, lembah manah, gampang , sarta cedhak marang manungsa ” (HR Ahmad).

 Jamaah shalat Jumat ingkang dipun mulyakaken Allah,

Golongan sepisan  tiyang ingkang mboten lumebet wonten ing naraka inggih punika Hayyin inggih punika tiyang ingkang andhap asor, mboten umuk, lan mboten ngremehaken tiyang sanes.

Miturut Abu Hatim ing ndalem kitab Raudlatul Uqala’ wa Nuzhatul Fudlala’, wajib tiyang ingkang kagungan akal supados andhap asor (tawadhu’) saha nebihi lampah umuk dhumateng tiyang sanes. Tiyang ingkang andhap asor kepara badhe tambah inggil derajatipun.

Rasulullah paring Sabda:

وَمَا تَوَاضَعَ أَحَدٌ لِلَّهِ إِلَّا رَفَعَهُ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ

 “Ora ana wong kang andhap asor karana Allah kejaba Allah bakal ngangkat derajate” (HR Ahmad).

Benten kaliyan tiyang ingkang umuk, tiyang ingkang nganggep dirinipun nglangkungi tiyang sanes, rumaos paling sae, piyambakipun mboten saget  ngraosaken swarganipun Allah ﷻ. Kanjeng Nabi paring sabda ingkang kariwayataken dening Muslim:

لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ مِنْ كِبْرٍ

Artosipun  “Datan lumebu ing swarga sawijining wong kang ing atine tinemu kibir sak ibering lebu.”

Kenging punapa tiyang ingkang umuk mboten badhe mlebet swarga? Miturut  Syekh Abdul Aziz ing ndalem kitab Mawaridu Dham’an li Durusiz Zaman juz 2, kacariyos bilih umuk utawi kibir badhe nebihaken setunggalipun tiyang saking  akhlak utami.

Tiyang ingkang umuk mboten badhe saget ngasihi tiyang mukmin kados dene anggenipun tresna dhumateng diri pribadinipun. Piyambakipun mboten nggadhahi raos andhap asor, kasar, dendam, muring,  kemeren, drengki, saha perkawis ingkang awon sanesipun. Piyambakipun mboten purun nampi nasihat kesaenan, mboten saget nahan diri saking  amarah, gampil misuh, saha ngremehaken tiyang sanes. Tiyang ingkang umuk badhe celak tumindak awon. Kanjeng Nabi paring sabda:

الْكِبْرُ بَطَرُ الْحَقِّ، وَغَمْطُ النَّاسِ

Umuk iku nolak kebenaran lan ngremehake liyan ” (HR Muslim).

Golongan Kaping Kalih, layyin, inggih punika tiyang ingkang welas asih lan sopan, sae ing ndalem pocapan saha tumindakipun.

Miturut  Imam At-Thabari ing ndalem  kitab Tafsir At-Thabari juz 6, ngaturaken bilih sipat welas asih mujudaken rahmat saking Allah ﷻ tumrap  umat manungsa. Kados ingkang kaweca wonten ing firman Allah surat Ali Imran ayat 159:

فَبِمَا رَحْمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ لِنْتَ لَهُمْ ۚ وَلَوْ كُنْتَ فَظًّا غَلِيْظَ الْقَلْبِ لَانْفَضُّوْا مِنْ حَوْلِكَ ۖ …

 “Mangka kanthi rahmate Allah  sira (Nabi Muhammad) welas asih marang  umat, saumpamane sira kasar lan atos atinira temen umat  bakal sumingkir saka sira.”

Imam At-Thabari nerangaken bilih kanthi rahmat saha asihipun Allah dhumateng Nabi lan umatipun, Rasulullah pinangka pribadi ingkang kebaking welas asih, gampil, lan kebaking kesaenan.

Nabi tansah nahan diri saking kaum ingkang nyakiti panjenenganipun, paring pangapunten dhumateng tiyang ingkang lepat, saha asih dhateng umatipun..

Allah paring Rahmat dhumateng kanjeng Nabi lan umatipun,  sahingga kanthi  rahmat Allah punika kanjeng Nabi saget asih dhumateng umatipun. Sipat welas asih mujudaken perkawis ingkang baken ing ndalem kesaenan. Tiyang ingkang mboten gadhah sipat welas asih badhe kawaratan ngaturaken kesaenan. Kanjeng Nabi paring sabda:

مَنْ يُحْرَمِ الرِّفْقَ، يُحْرَمِ الْخَيْرَ

Sapa wae kang ora nduweni sipat alus, dheweke ora duwe kabecikan ” (HR Muslim)

Tegesipun tiyang ingkang mboten kagungan sipat welas asih  piyambakipun badhe kawratan ing ndalem sedaya kesaenan.

Golongan Kaping Tiga, sahlun, inggih punika tiyang ingkang gampil, mboten awrat , enthengan caos biyantu dhumateng tiyang sanes, sae kanthi tenaga, penggalihan, utawi bandha.

Piyambakipun mboten owel maringaken saperangan saking bandhanipun tumrap sedherekipun ingkang mbetahaken linangkung rikalanipun kedadosan musibah.

Tiyang ingkang entheng caos biyantu dhateng tiyang sanes badhe dipun haramaken mlebet naraka kepara dipun paringi gegampil ing Donya ugi akhiratipun.

Rasulullah paring Sabda :

قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: «مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا، نَفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ، وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ، يَسَّرَ اللهُ عَلَيْهِ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا، سَتَرَهُ اللهُ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، وَاللهُ فِي عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِي عَوْنِ أَخِيهِ

Sapa wae kang ngilangake kesusahane wong mukmin, Allah bakal ngilangake kesusahane ing dina  kiamat. Sapa wae kang biyantu marang wong kang karepotan, Allah bakal nggampangake urusane ing Donya lan akhirat. Sapa wae kang nutupi  aib utawa wirange wong muslim, Allah bakal nutupi wirange ing Donya lan akhirat. Allah bakal tansah nglindungi kawulane selagine sawijine dheweke nulung sedulure.”  (HR Muslim).

Golongan  Ingkang Kaping sekawan ,inggih punika  qarib, tegesipun  akrab, celak, sumedulur , pinter anggenipun wicanten, ngeremenaken saha mirah esem.

Tansah uluk salam rikalanipun pinanggih tiyang sanes Kathah ajaran Islam ingkang paring wuruk supados tansah rukun, celak saha kekeluargaan.Nabi paring Sabda:

لاَ يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ، حَتَّى يُحِبَّ لِأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ

 “Datan sampurna iman salah sawiining sira nganti sira padha sih-sinisihan marang sedulure kaya dene nresnani marang awake dhewe.” (HR al-Bukhari).

Nabi ugi nganjuraken umatipun supados sami caos hadiah. Kados ingkang kababar wonten ing Sabdanipun Kanjeng Nabi:

 تَهَادُوا تَحَابُّوا

Sira padha aweha hadiah, sira bakal sih sinisihan ” (HR al-Bukhari).

Kanthi caos hadiah badhe ngraketaken pasedherekan saha nuwuhaken raos asih dhumateng sesaminipun. Saking sedaya wau saget kagerba bilih anjuran Rasulullah supados kita ampun ngantos mlebet wonten ing naraka kanthi andhap asor, welas asih, caos gegampil, saha akrab utawi celak sumedulur dhumateng tiyang sanes.

Mugi-mugi kita sedaya pikantuk rahmat Allah supados kalebet tiyang ingkang dipun haramaken mlebet naraka saha dipun gampilaken mlebet swarganipun Allah ﷻ. Aamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛

فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى :  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَـنَا  مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

أَقِيْمُوا الصَّلَاة

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*