BEBAYANIPUN NGAFIRAKEN SESAMI MUSLIM
Ustadz Suranto, SH
Khutbah I
إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا أَمَّا بَعْدُ
Hadirin, Kaum Muslimin rahimakumullah
Langkung rumiyin saha langkung utami sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT awit lumeberipun nikmat, rahmat, taufik saha hidayahipun awit kanthi sedaya wau mugi-mugi kita tansaya celak dhumateng Allah SWT. Shalawat saha salam mugi-mugi tansah lumintu dhumateng uswatun hasanah kita Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng keluarga, para sahabatipun ngantos umatipun ingkang tansah ngupiya midherek sunnah-sunnahipun.
Salajengipun sumangga kita sami ningkataken mentesipun iman lan takwa kita dhumateng Allah SWT wonten ing pundi kemawon lan wonten ing kawontenan napa kemawon miturut kesagetanipun piyambak-piyambak awit kanthi iman lan takwa punika kita badhe pikantuk kemenangan, kamulyan saha kabagyan ingkang hakiki wonten ing dunya ingkang fana punika linangkung kabagyan wonten ing akhirat ingkang kekal abadi sak lami-laminipun.
Jama`ah shalat jum`at, ingkang sami-sami ngajeng-ajeng ridhanipun Allah SWT
Rikalanipun setunggalipun priyantun lumebet wonten ing agami Islam saha mitadosi saha ngamalaken syariat Islam, pramila piyambakipun kasebat pinangka Muslim utawi Mukmin, lan Allah Ta’ala saha Rasulipun maringi kalenggahan, pakurmatan, saha derajat mligi ingkang mboten kaparingaken sak sanesipun tiyang Muslim utawi tiyang Mukmin.
Pramila nyakiti badan, nyakiti manah, kepara mejahi mujudaken dosa ingkang ageng ingkang kedah dipun singkiri. Allah SWT paring firman,
وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوا فَقَدِ احْتَمَلُوا بُهْتَاناً وَإِثْماً مُّبِيناً
“Lan wong-wong kang milara wong-wong Mukmin lanang lan wadon tanpa kesalahan kang dilakoni, mangka satemen dheweke wus mikul goroh lan dosa kang nyata.” (Al-Ahzab: 58).
Rasulullah SAW ugi paring sabda,
سِبَابُ الْمُسْلِمِ فُسُوْقٌ وَقِتَالُهُ كُفْرٌ.
“Nacat sawijining Muslim iku perkara kang fasik, lan merangi dheweke pinangka kekufuran.” (HR. Al-Bukhari dan Muslim).
Panjenenganipun ugi paring sabda,
كُلُّ الْمُسْلِمِ عَلَى الْمُسْلِمِ حَرَامٌ دَمُهُ وَمَالُهُ وَعِرْضُهُ.
“Saben-saben wong Muslim tumrap wong Muslim liyane iku haram getihe, bandhane lan kehormatane “.
Pramila saben-saben Muslim kedah njagi kehormatan sedherekipun nunggil kapitadosan lan nunggil agami, mboten nindakaken perkawis ingkang saget ngucemaken luhuripun asma utawi nyakiti jiwa saha raganipun.
Hadirin Jama`ah Shalat Jum`at Sekalian
Menawi kados makaten luhuripun kalenggahan saha kehormatan setunggalipun Muslim, pramila kadospundi menawi piyambakipun dipun kafir-kafiraken?
Ngafiraken setunggalipun Muslim tegesipun: Nglepasaken pokok-pokokipun keislaman lan keimanan saking piyambakipun, saha mboten nganggep piyambakipun pinangka setunggalipun Mukmin. Perkawis punika temtu mujudaken perkawis ingkang saestu mbebayani, awit ngafiraken ateges ngewahi kalenggahanipun saking terhormat dados mboten terhormat, saking ingkang kareksa jiwanipun dados mboten kareksa.
Awit agengipun dosa ngafiraken setunggalipun muslim, Rasulullah SAW paling sabda :
أَيُّمَا امْرِئٍ قَالَ لِأَخِيْهِ: يَا كَافِرُ، فَقَدْ بَاءَ بِهَا أَحَدُهُمَا؛ إِنْ كَانَ كَمَا قَالَ، وَإِلَّا رَجَعَتْ عَلَيْهِ.
“Sapa wae kang celathu marang sedulure, ‘ He wong kafir‘, mangka (hukum) kafir iku bali marang salah sawiji saka lorone; menawa bener kaya kang diucapke, lan menawa ora bener, mangka (ucapan ikuu) bali marang dheweke .” (Muttafaq ‘Alaih dari hadist Ibnu Umar).
Hadirin Jama`ah Shalat Jum`at Sekalian
Maksud hadits ing nginggil inggih punika, sinten mawon ingkang ngafirken setunggalipun Muslim, pramila cap kafir punika wangsul dhumateng piyambakipun menawi ingkang dipun ucapaken kala wau mboten pas kaliyan ingkang dipun ucapaken. Ananging menawi tiyang ingkang dipun kafiraken kabukten kafiripun pramila panci satrep tumrap piyambakipun.
Hadits kala wau nedahaken bilih saestu awrat babagan ngafiraken setunggalipun Muslim. Pramila setunggalipun Muslim dipun awisi ngafiraken dhumateng setunggalipun muslim sanesipun, awit ingkang nggadhahi hak ngafiraken namung Allah lan Rasulipun, ingkang trep-trepanipun namung saget dipun lampahi dening para ulama ingkang lebet ilmunipun, wondene setunggalipun Muslim biasa, namung pikantuk ngafiraken tiyang-tiyang ingkang sampun cetha dipun anggep kafir dening Allah lan Rasulipun, lan mboten pikantuk mamang awit kekafiranipun.
Tiyang-tiyang Nasrani, tiyang-tiyang Yahudi saha ingkang ngrasuk agami sasanesipun Islam, mboten pikantuk mamang malih bilih piyambakipun punika saestu kafir, awit Allah saha Rasulipun sampun terang mastani piyambakiun kafir saha badhe mlebet neraka. Lan sinten mawon ingkang mboten yakin awit kekafiranipun utawi mamang kekafiranipun, ateges piyambakipun mboten pitados dhumateng Allah lan Rasulipun, awit sikapipun punika kepara piyambakipun saget kepleset dhumateng kekafiran.
Hadirin Jama`ah Shalat Jum`at Sekalian
Pinangka kawigatosan bilih setunggalipun tiyang kawastanan kafir utawi murtad awit wonten sebab-sebabipun, wonten syarat-syaratipun saha pepalang-pepalangipun.
Sebab-sebabipun inggih punika sedaya perkawis ingkang saget mbatalaken saha ngrisak iman lan Islam. Saget ingkang arupi kapitadosan, pangandikan utawi tumindak, mamang utawi lirwa dhumateng syariat ingkang sampun dipun dukung dening dalil ingkang jelas saha hujah ingkang qat’i , inggih punika Al-Qur`an lan As-Sunnah. Sebab-sebab kala wau sampun katerangaken wonten ing salebetipun kitab-kitab Akidah saha kitab-kitab fikih.
Ngafiraken utawi netepaken kafir dhumateng setunggalipun tiyang kedah netepi syarat-syaratipun, kados dene njejegaken hujjah, utawi maringi katrangan ingkang jangkep ingkang saget ngicali sedaya kesalahpahaman saha sedaya syubhatipun. Piyambakipun ugi kedah kalis saking pepalang utawi asring kasebat mawani`, kados denten ta’wil (penafsiran ingkang klentu), kejahilan, utawi wontenipun paripeksa saking pihak sanes.
Hadirin Jama`ah Shalat Jum`at Sekalian
Pramila mboten saben tiyang ingkang nindakaken perkawis “ingkang saget mbatalaken keIslamanipun” dumadakan saget dipun wastani kafir, kejawi kedah lumantar persyaratan lan mboten wonten pepalangipun. Panci tumindakipun kedah dipun yakini pinangka tumindak “kufur” utawi “kekafiran”, ananging priyantunipun mboten lajeng kawastanan kafir. Piyambakipun saget dipun wastani kafir menawi syarat-syarat takfir sampun kadumugen, saha mboten wonten pepalangipun (mawani`). Pramila takfir utawi vonis kafir namung saget dipun tindakaken dening para ulama ahli ingkang lebet ilmunipun..
Pramila sedaya kedah mangertosi perkawis ingkang saget ngrisak keIslaman kita saha membatalaken iman kita, supados kita mboten kepleset wonten salebetipun kekafiran lan kemusyrikan, sarta saget njelasaken dhumateng tiyang sanes. Mugi-mugi Allah SWT tansah nuntuni dhumateng kita wonten margi ingkang leres saha dipun diridhoi sahingga kita wilujeng wonten ing donya dumuginipun akhirat. Aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِيْ أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَلِمَنْ دَخَلَ بَيْتِنَا مُؤْمِنًا وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ



Leave a Reply