NULADANI KANJENG NABI WONTEN SADENGAH PERKAWIS
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Sumangga kita ngaturaken puji saha syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun paring kanugrahan mawerni-werni nikmat saha peparingipun ingkang mboten wonten watesipun menawi badhe kaetang. Awit saking diri kita, keluwarga kita, saha negeri kita punika.
Shalawat lan salam mugi katur dhumateng Nabi kita ingkang minulya , Muhammad ﷺ, keluwarganipun, para sahabatipun saha sedaya kaum muslimin ingkang midherek sunnahipun lahir lan batos kanthi kebak keikhlasan lan kesabaran ngantos dumugi dinten kiamat.
Wonten ing siang ingkang kebak berkah punika, khatib ngajak dhumateng jamaah sekalian saha khatib pribadi supados tansah ngreksa lan ningkataken kualitas ketakwaan kita dhumateng Allah, awit kanthi ketakwaan punika , Allah badhe maringi leluwar saking sadengah perkawis gesang ingkang kita adhepi, ugi badhe pinaringan rizki ingkang dhatengipun tanpa kinira-kira.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Saben wulan Rabiul Awal kaum Muslimin dipun sibukaken dening nyamektakaken adicara pengetan Maulid Nabi ﷺ. Para panitia hari besar sami gumreget nyawisaken acara penting punika ingkang umumipun arupi tabligh akbar.
Namung kemawon asring kaum Muslimin namung cekap dumugi ndherek lampahipun tabligh akbar kemawon. Sasampunipun punika , mboten wonten pengaruh ingkang nyata arupi sikap tresna dhumateng Rasulullah ﷺ ingkang kedahipun tansaya ngrembaka.
Temtunipun perkawis punika saget dipun pirsani bilih tan saya kathah sunnah nabi ﷺ ingkang dipun lampahi dening setunggalipun Muslim tan saya kathah sifat mulya Nabi ﷺ ingkang dipun teladani. Semanten ugi, kedahipun tata cara gesangipun ugi tan saya nyelaki tata cara gesangipun Kanjeng Nabi ﷺ .
Ampun ngantos kawontenanipun kepara kosok wangsul piyambakipun mugen ngrawuhi tabligh akbar pengetan Maulid Nabi besar Muhammad ﷺ ananging tata cara gesangipun tebih saking tuntunan Islam.
Semanten ugi tata cara gesang salebetipun keluarga. Ingkang dados model saha idola tumrap putra-putranipun kepara kathah ingkang saking tiyang kafir barat ingkang piyambakipun mboten iman dhumateng Allah lan nabi Muhammad ﷺ , mboten iman dhumateng dinten akhir, mboten ajrih dhumateng neraka lan mboten ngajeng-ajeng swarga. Kawontenan punika saestu mrihatosaken.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Nabi ﷺ punika pribadi ingkang sampurna iman saha akhlakipun, sampurna ugi babagan muamalahipun utawi tata srawungipun wonten ing Masyarakat saha sampurna ugi ing ndalem kepemimpinanipun. Kanthi makaten Allah Subhanahu wa Ta’ala ndadosaken Nabi ﷺ pinangka teladan ingkang angabehi saha sampurna.
Sumangga kita pirsani mapinten-pinten perkawis katuladhan wonten ing ngersanipun Kanjeng Nabi ﷺ :
- Tuladha ing ndalem Ibadah
Nabi ﷺ punika tuladha ingkang sampurna wonten ing ndalem ibadah. Panjenenganipun kathah nindakaken pangibadhan wonten ing wekdal dalu kados ingkang dipun gambaraken dening ‘Aisyah radhiyallahu ‘anha:
أَنَّ نَبِيَّ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم كَانَ يَقُومُ مِنْ اللَّيْلِ حَتَّى تَتَفَطَّرَ قَدَمَاهُ فَقَالَتْ عَائِشَةُ لِمَ تَصْنَعُ هَذَا يَا رَسُولَ اللَّهِ وَقَدْ غَفَرَ اللَّهُ لَكَ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِكَ وَمَا تَأَخَّرَ قَالَ أَفَلَا أُحِبُّ أَنْ أَكُونَ عَبْدًا شَكُورًا
“Nabi ﷺ biasanipun wungu ing wekdal dalu ngantos dlamakan sukunipun abuh, Pramila ‘Aisyah mundhut pirsa,”Duh Rasulullah! Kados pundi paduka nindakaken sedaya punika. Kamangka Allah sampun ngapunten dosa paduka ingkang sampun saha ingkang badhe dhateng?” Kanjeng Nabi ﷺ paring jawab,”Apa Ingsun ora remen menawa dadi kawula kang bersyukur?” [Hadits riwayat Al-Bukhari lan Muslim].
Sanesipun punika Kanjeng Nabi ugi tansah dzikir dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadengah kawontenan. Perkawis punika saget dipun mangertosi saking mawerni hadits ingkang sampun mbiyawaraken supados kaum Muslimin ugi kathah dzikir dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
- Tuladha ing ndalem Akhlak
Ngengingi akhlak , sampun dipun gambaraken ‘aisyah radhiyallahu ‘anha ngengingi akhlak Rasulullah ﷺ punika al-Quran. Wonten ing setunggalipun hadits kacariyosaken:
– سُئِلَتْ عائِشةُ عن خُلُقِ رسولِ اللهِ صلَّى اللهُ عليه وسلَّمَ، فقالَتْ: كان خُلُقُه القُرآنَ.
‘Aisyah dipun tangleti akhlak Rasulullah ﷺ lajeng dipun jawab,”Akhlakipun inggih Al-Quran.” [hadits riwayat Ahmad (25813). Hadits punika shahih miturut Syaikh Syu’aib Al-Arnauth]
Maksud saking hadits punika kajlentrehaken dening Syaikh Alaqi bin Abdul Qadiras-Saqqaf, bilih akhlakipun saestu sampurna kados ingkang ginambar wonten ing al-Quran wonten ing saindhenging akhlak.
Panjenenganipun sampun nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Allah Ta’ala wonten ing ndalem al-Quran, mboten nglanggar punapa kemawon ingkang dipun awisi dening Allah ing ndalem Al-Quran sae ingkang arupi pangandikan utawi solah bawa saha tumindak, janji lan ancamanipun.
Kanthi makaten, akhlakipun punika punapa kemawon ingkang pinanggih wonten ing ndalem al-Quran wonten ing sedaya perkawis ingkang pinuji supados nindakaken , Panjenenganipun mepaesi diri kanthi al Quran saha nebihi napa kemawon ingkang kedah dipun tebihi.
Saking punika saget kasimpulaken bilih Al-Quran pinangka sumber tumrap akhlak ingkang mulya. Hadits punika caos isyarat supados anggadhahi adab dhumateng al-Quran lan nganthi akhlak kanthi akhlak al-Quran, mendhet pitedah saking al-Quran, nindakaken dhawuh saha nebihi sedaya awisan.
- Tuladha ing ndalem Urusan Keluwarga
Wonten setunggalipun hadits saking Ibnu ‘Abas radhiyallahu ‘anhuma saking Nabi ﷺ , Panjenenganipun paring sabda,
خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ، وَأَنَا خَيْرُكُمْ لِأَهْلِي» رواه الترمذي.
“Wong kang paling becik ing antarane sira yaiku kang paling becik marang keluwargane. Lan ingsun kang paling becik ing antarane sira kabeh marang keluwarganingsun.” [Hadits riwayat At-Tirmidzi]
Syaikh bin Baz rahimahullah ngaturaken ingkang dipun wastani “ahlihi” “keluwarganipun” inggih punika para garwa, para putra , bapa lan biyung.
Wondene miturut pangripta Tuhfatul Ahwadzi Syarh Jami’ At -Tirmidzi, Syaikh Abdurrahman Mubarokfuri rikalanipun nerangaken maknanipun hadits punika ngaturaken , tegesipun garwa lan putra ingkang taksih wonten sesambetan Rahim.
Wonten ugi ulama ingkang kagungan pemanggih bilih maknanipun para garwa kaliyan kerabatipun. Bab punika nedahaken bilih endahipun akhlak setunggalipun priyantun. Bilih Rasulullah ﷺ punika priyantun ingkang paling sae sesrawungan kaliyan keluwarganipun ingkang paling agung akhlak budi pekertinipun.
- Tuladha ing ndalem Urusan Sosial
Nabi ﷺ punika priyantun ingkang paling sae pasrawunganipun kaliyan masyarakat. Panjenenganipun ingkang kagungan sifat tawadhu’ saha anggadhahi kawigatosan dhumateng sedaya tiyang, kebak raos asih lan ramah kepara dhumateng lare alit ugi priyantun ingkang sepuh.
Menawi wonten ingkang sesalaman panjenenganipun mboten nate nglepasaken astanipun saderengipun tiyang punika nglepasaken. Menawi natap pasuryanipun setunggalipun tiyang panjenenganipun mboten remen malengosaken pasuryanipun langkung rumiyin ngantos tiyang punika ngrumiyini.
Kanjeng Nabi mboten nate ngarahaken sampeyanipun dhumateng tiyang ingkang lenggah wonten ngajengipun. Kados ingkang dipun cariyosaken dening Anas bin Malik radhiyallahu ‘anhu wonten ing hadist ingkang kariwayataken Imam At-Tirmidzi radhiyallahu ‘anhu.
Cekap firman Allah punika samangkih ingkang nggambaraken mulyanipun Nabi ﷺ gegayutan kaliyan para sahabat lan tangga tepalih ing ndalem gesang tengahing masyarakat:
لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مِنْ أَنْفُسِكُمْ عَزِيزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
Satuhune wus tumeka ing sira sawijining Rasul saka kaum ira pribadi, abot rinasa ing panjenengane sengsaranira, banget ngersakake (keimanan lan keslametan) tumrap sira , banget anggone welas asih marang wong-wong mukmin. [At-Taubah: 128]
- Tuladha ing ndalem Kepemimpinan
Ngengingi babagan kepemimpinan utawi leadership mangka panjenenganipun pemimpin paling adil ingkang nate mijil wonten ing sejarah kemanusiaan. Panjenenganipun saestu tegas saha jejeg anggenipun nglampahaken hukum Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hukum ingkang dhatengipun saking dzat ingkang Maha Adil, ingkang Maha Ngawuningani punapa ingkang paling sae saha paling maslahat kagem para makhlukipun. Mboten wonten kezhaliman sinaosa namung sekedhik ing ndalem hukum Allah Ta’ala.
Menawi hukum Allah punika kalampahaken kanthi jejeg dening setunggalipun pemimpin ing ndalem panggesangan bermasyarakat, temtu masyrakat kasebat badhe ngraosaken keadilan hukum ingkang saestu saha badhe sirna kedzaliman.
Pinangka bukti saking kathah bukti ingkang wonten ngengingi tegas saha jejegipun Rasulullah ﷺ ing ndalem hukum Allah subhanahu wa Ta’ala ginambar wonten ing cariyos punika:
Saking ‘Aisyah radhiyallahu ‘anha, nyariyosaken ,
أَنَّ قُرَيْشًا أَهَمَّهُمْ شَأْنُ الْمَرْأَةِ الْمَخْزُومِيَّةِ الَّتِي سَرَقَتْ، فَقَالُوا: مَنْ يُكَلِّمُ فِيهَا رَسُولَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ؟ فَقَالُوا: وَمَنْ يَجْتَرِئُ عَلَيْهِ إِلَّا أُسَامَةُ، حِبُّ رَسُولِ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، فَكَلَّمَهُ أُسَامَةُ، فَقَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: «أَتَشْفَعُ فِي حَدٍّ مِنْ حُدُودِ اللهِ؟» ثُمَّ قَامَ فَاخْتَطَبَ، فَقَالَ: «أَيُّهَا النَّاسُ، إِنَّمَا أَهْلَكَ الَّذِينَ قَبْلَكُمْ أَنَّهُمْ كَانُوا إِذَا سَرَقَ فِيهِمِ الشَّرِيفُ تَرَكُوهُ، وَإِذَا سَرَقَ فِيهِمِ الضَّعِيفُ أَقَامُوا عَلَيْهِ الْحَدَّ، وَايْمُ اللهِ لَوْ أَنَّ فَاطِمَةَ بِنْتَ مُحَمَّدٍ سَرَقَتْ لَقَطَعْتُ يَدَهَا»
”Saestunipun tiyang-tiyang Quraisy nguwatosaken kawontenan wanita saking Bani Makhzum ingkang mandung (kecepeng anggenipun nyolong ,pent). Piyambakipun sami matur, ‘Sinten ingkang saget matur dhumateng Rasulullah ﷺ perkawis wanita punika ?’
Piyambakipun sami jawab, ‘Sinten ingkang wantun matur dhateng kanjeng Nabi kejawi Usamah ( bin Zaid ) ingkang dipun tresanani dening Rasulullah ﷺ.’ Pramila Usamah lajeng matur dhumateng Rasulullah ﷺ (kagem mbebasaken wanita kala wau saking paukuman , pent).
Rasulullah ﷺ lajeng paring sabda, ‘Apa sira bakal nyuwunake syafaat (apunten saking paukuman ) gegayutan marang (hukum) had Allah?’ Rasulullah ﷺ jumeneng lajeng khutbah,
‘He manungsa, satemene kang nyirnakake wong-wong kang sadurungira yaiku menawa ana wong kang duwe panguwasa ing antarane dheweke nglakoni nyolong, mangka dheweke dibebasake.
Ananing menawa kang nyolong wong kang ringkih (rakyat biasa), mangka ukum had dijejegake marang dheweke. Demi Allah, satemene menawa Fathimah binti Muhammad nyolong, temen ingsun pribadi kang bakal ngethok tangane .” [Al-Bukhari no. 6788 lan Muslim no. 1688]
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kanthi makaten sumangga kita tingkataken anggenipun tetep jejeg ndherek sunnah Nabi ﷺ saking tahun mbaka tahun sahingga pengetan lahiripun Nabi Muhammad ﷺ punika saestu maringi semangat enggal ingkang sakelangkung seger saha kuat tansaya nambahi mahabah utawi katresnan dhumateng pribadi nabi ﷺ lan ajaran sarta sunah-sunnah lan tuntunanipun ing ndalem panggesangan punika ingkang supados pikantuk kawilujengan saha kabagyan kita wonten ing Donya saha akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ ال اَيَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصلُّونَ عَلى النَّبىِّ يَأَيهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صلُّوا عَلَيْهِ وَ سلِّمُوا تَسلِيماً
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِوَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اَللهُمَّرَبَّنَا ظلمناأَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَالْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَاصِغَارًا
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّاِ وَقِنَا عَذَابَالنَّار,وَقِنَاعَذَابَ النَّارِ,سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
عِبَادَاللهِ.إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِوَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْلَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Leave a Reply