WIGATOSIPUN PRASTAWA MAULID NABI MUHAMMAD SAW
Ustadz Zamroni
Khutbah I
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا
مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ,
أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا.
وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا محَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا.
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا،
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى :
أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوا وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Alhamdulillah, sedaya syukur namug konjuk dhumateng Allah awit sedaya nikmat saha nugrahanipun ingkang tanpa pepindhan, utaminipun nikmat iman lan Islam. Shalawat miwah salam mugi katur dhumateng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, rasul ingkang ngasta pitedah kagem umatipun ngantos akhir zaman.
Sumangga kita tansah takwa dhumateng Allah pinangka sak sae-saenipun sangu tumrap manungsa.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
“Lan padha sangu-a sira kabeh , mangka setuhune sak becik-becike sangu iku takwa.” (QS Al-Baqarah : 197)
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Sekedhap malih, kita badhe lumebet wonten ing wulan Rabiul Awwal, wulan mijilipun Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam. Maulid Nabi pinangka prastawa penting tumrap kita kagem ngemut-emut malih perjuanganipun panutan gesang kita. Ndadosaken Panjenenganipun pinangka setunggalipun gegondhelan, patuladhan (uswah) ing ndalem sedaya lampah panggesangan.
Sampun samesthinipun, kita pinangka umatipun anggadhahi mapinten-pinten kwajiban tumrap Panjenenganipun. Secara dhahir punika kewajiban, ananging sedaya keberkahan wangsul dhateng kita sedaya. Kanthi ta’dzim kita wajib shalawat kagem kanjeng Nabi, kados dhawuhipun Allah swt:
إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلَٰٓئِكَتَهُۥ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِىِّ ۚ يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ صَلُّوا۟ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا۟ تَسْلِيمًا
“Satemene Allah lan malaikat-malaikate shalawat marang Nabi. He wong-wong kang iman, shalawata sira kabeh marang Nabi lan ucapna salam kormat marang panjenengane ” (QS Al Ahzab:56)
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Íng ndalem shalawat dhumateng Kanjeng Nabi kairing raos tresna pinangka tambah greget anggenipun mendhet patuladhan . Awit bukti tresna punika kita midherek punapa ingkang dipun wasiataken ugi ingkang dipun tuladha-aken . Midherek dhumateng kanjeng Nabi ugi pinangka bukti kita tresna dhumateng Allah SWT ingkang badhe mahanani gesang kita pikantuk asihipun Allah SWT.
قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ
“Kandhakna (he Muhammad ): Menawa sira temen-temen tresna marang Allah, mangka mituruta marang aku (Muhammad), temen Allah bakal nresnani mring sira lan ngapura dosa-dosanira “. (QS. Ali Imron: 31).
Saestunipun wonten ing diri Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam pinanggih suri teladhan wonten ing keluarga, masyarakat lan bernegara.
Allah subhanahu wa ta’ala paring firman:
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
“Temen wus ana ing Rasulullah iku suri teladan kang becik tumrap sira, (yaiku) tumrap wong kang ngarep-arep (rahmat) Allah lan (tekane) dina Akhir sarta akeh nyebut Allah” (QS al-Ahzab : 21).
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam pinangka priyantun ingkang saestu awrat mujâhadah-ipun ing ndalem ngibadah. Kamangka Panjenenganipun setunggalipun priyantun ingkang maksum (tebih saking kalepatan) saha dipun jamin mlebet swarga. Mujâhadah ingkang dipun tindakaken Kanjeng Nabi pinangka wujud raos syukur.
Panjenenganipun pinangka pribadi ingkang kagungan akhlak paling mulya. Aisyah radhiyallahu ‘anha nyebutaken bilih akhlak Kanjeng Nabi punika Al-Qur’an. Aisyah radhiyallahu ‘anha ngendika, “Rasulullah punika priyantun ingkang paling mulya akhlakipun. Mboten nate tumindak keji. Mboten ngucapaken pangandikan ingkang jember. Mboten damel ribet ing peken. Mboten nate mbales kanthi piawon ingkang sami. Ananging Panjenenganipun pemaaf saha gampil paring apunten.” (HR Ahmad).
Panjenenganipun ugi paling sae dhumateng wanita. Panjenenganipun ugi teladhan paling sae ing ndalem gesang kalian tanggi, serawungan, ugi muamalah. Wonten ing sedaya perkawis kala wau kita dipun dhawuhaken ndadosaken panjenenganipun pinangka pandom , teladan saha panutan.
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Hadiripun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam kanthi ngasta agami Islam wonten ing tengahipun umat manungsa inggih kagem ngatur sedaya thek kliweripun gesang. Sae perkawis akidah, ibadah, muamalah ngantos siyasah (politik).
Nuladani Rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam mboten namung babagan akidah, spiritual, moral lan sosial kewala. Kanthi makaten mboten karaos sampun nyepelekaken kalenggahan dalem kanjeng Nabi.
Cobi kita gatosaken bilih Panjenenganipun ugi paring teladan kepemimpinan ing ndalem nggula wenthah negari, politik wonten ing njawi ugi salebetipun negari, nindakaken paprintahan, netepaken hukum saha ngrampitaken pasulayan.
Emut firman Allah subhanahu wa ta’ala:
وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوا وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
“Apa wae kang Rasul paringake marang sira, tampanen.Lan apa wae kang den larang tumrap sira, mangka tinggalna. Takwa-a sira marang Allah. Temen Allah iku abot banget ukumane ” (QS al-Hasyr : 7).
Mangka, kita kedah sawetahipun ndadosaken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam pinagka panutan lan suri teladan ing ndalem sadengah perkawis , sae perkawis pribadi, keluarga utawi negari; kejawi perkawis-perkaiwis ingkang namung mligi kagem kanjeng Nabi kemawon (khawâsh ar-Rasûl) kados ingkang kababar dening para para ulama ushul.
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Salah setunggalipun perkawis pinangka teladan Rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam ingkang sapunika penting dipun wujudaken inggih punika tuladha kepemimpinan.
Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam sanes mligi pemimpin spiritual (za’îm rûhi), ananging ugi pemimpin politik (za’îm siyâsi). Menawi sakmenika saget kasebat pemimpin negari (ra’îs ad-dawlah). Allah subhanahu wa ta’ala paring firman:
وَمَا أَرْسَلْنَا مِنْ رَسُولٍ إِلَّا لِيُطَاعَ بِإِذْنِ اللَّهِ
“Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kejaba supaya ditaati kanthi izin Allah” (QS an-Nisâ` : 64).
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi paring tuladha kados pundi nglampahaken tata cara pemerintahan Islam. Panjenenganipun mbangun struktur negari. Nunjuk saha ngangkat para panguaos sae mu’awin, wali punapa ‘amil. Ugi nunjuk lan ngangkat para panglima lan komandan pasukan. Kanjeng Nabi ugi damel kepolisian ugi ngangkat kepala polisinipun. Kanjeng Nabi ugi ngangkat qâdhi (hakim) kagem mapinten-pinten laladan. Kanjeng Nabi ugi ngangkat paraga administratif ingkang kasebat kâtib kagem mapinten-pinten urusan. Sedaya punika mujudaken jlentrehipun kewajiban matrapaken hukum-hukum Islam.
Pinangka pimpinanipun negari wonten ing Madinah, Rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam nglampahaken syariah Islam sedayanipun kawit awal adeging Negara Islam. Panjenenganipun nglampahaken syariah punika kanthi tetep lan tanpa pilih-pilih.
Rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi manunggilaken lan nglebur masyarakat ingkang dipun pimpin dados manunggalipun umat kanthi pangiket ingkang kokoh, inggih punika kanthi pangiket akidah Islam. Panjenenganipun ugi ngicali pangiket ‘ashabiyyah jâhiliyah, kados dene kesukuan lan kebangsaan.
Sanesipun punika , Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam mimpin umat kagem nindakaken misi agung menyebaraken Islam wonten inga lam donya kanthi dakwah lan jihad. Kanthi lampah dakwah punika sahingga Islam ngantos dumugi negari kita punika.
Pungkasanipun sumangga kita dadosaken Maulid Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam punika pinangka margi nuladani Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam secara totalitas. Nuladhani pribadinipun, kepemimpinanipun, sarta nuladhani lan mujudaken tata cara ingkang sampun dipun garisaken lan tuladhanaken inggih sistem Islam, lumantar nrepaken syariah Islam kanthi kaffah.
Mugi-mugi kanthi semangat lan istiqomah ing ndalem nuladhani Nabi Muhammad SAW pinangka asbab kita pikantuk kabagyan ketentraman wonten ing donya lan mbenjing pikantuk syafaatipun wonten ing yaumul akhirah sahingga kita wilujeng wiwit wonten ing donya ugi wonten ing akhirat. Aamiin
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ.
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ
وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Leave a Reply